Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Sabtu, 10 Januari 2015

TRADHISI NGILANGI SUKERTA ING PUCANGLABAN, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Ing Pucanglaban, Kabupaten Tulung­agung, jajan pasar saliyane didadekake kuliner tradhisional uga oleh-oleh kang­go bocah, jajan iki pra­nyata ampuh dida­dekake ubarampe kang­go ngusir suker­ta. Masyarakat per­ca­ya, jajan pasar yaiku jajan kramat sing nduweni tuah.


Saben mapag tekane pemimpin anyar (dudu pemimpin sing dimutasi utawa di­pindhah), mbuh kepala desa anyar mbuh bupati anyar, mbuh kepala sekolah anyar mbuh KUPT anyar, mbuh gubernur anyar mbuh presidhen anyar, masyarakat ing la­ladan Kecamatan Pucanglaban mesthi nglaksanakake upacara ngusir sukerta (yen ing Subang, Jawa Barat istilahe ngu­sir sial). Upacara kang dilaksanakake sa­ben lair pemimpin anyar iku kanthi tuju­wan amrih wargane (kawulane) bisa be­bas saka maneka sukerta. Beda karo tra­dhisi kang ana ing dhaerah liya, upacara ngu­sir sukerta ing laladan iki terkadhang di­ramekake maneka atraksi kesenian khas dhaerah kasebut. Saliyane jaranan, wa­yang, uga digelar paradhe reog kendhang.


Acara kang biyasane digelar ing bale desa iku diestreni dening ewon warga desa. Padha dhesek-dhesekan kanthi tujuwan padha, yaiku: nonton momentum mapag tekane pemimpin anyar kasebut. Sumebar kepercayan, sapa wae sing nyengkuyung (ngestreni) acara ka­sebut bakal bebas saka maneka sukerta. Acara sing wis ajeg dilaksanakake turun temu­run iku tansah oleh dhukungan saka ma­syarakat. Ora mung warga asil Pu­cang­laban wae sing melu ngestreni acara iki. Para warga kang kabener “luru upa” ing dhaerah iki uga melu ngestreni. Amar­ga padha percaya yen jajan sing saklebatan ora ana ajine iku pranyata nduweni tuah. Lan, puncak saka tradhisi ngusir su­kerta utawa balak iku yaiku: sawise diujubake lan didongani, maneka jajan pa­sar lan ubarampe liyane banjur didum-dumake marang sapa wae kang ngestreni upacara kasebut.
Saklebatan, ora ana sing aneh karo pa­nganan sing didum-dumake marang warga. Panganan kang sinebut jajan pasar iku dening masyarakat Pu­cang­laban asring digunakake kanggo ja­jan oleh-oleh kanggo putrane yen dhong ibune blanja menyang pasar. Miturut se­jarahe lan dipercaya yen jajan pasar iki ora mung mligi kanggo oleh-oleh putra­ne. Tumrap warga Pucanglaban, jajan pasar diyakini nduweni tuah gaib. Salah sijine dipercaya kanggo ngusir sukerta uta­wa balak. Biyen, jajan pasar minangka siji-siji­ne jajan kanggo suguhan wong duwe mantu utawa nyunatake putrane, sadu­runge muncul jajan roti gaweyan pabrik.

Jajan Kramat


Kejaba kanggo jajan oleh-oleh, jajan pasar uga diyakini warga Pucanglaban nduweni tuah supranatural. Jajan iki ka­witane ora ana kanthi mangkono wae. Sa­durunge muncul, jajan pasar wis nga­lami maneka proses sejarah kang dawa. Padha karo jajan liyane sing asring didol­ing toko-toko panganan, kangelan ang­gone nyebut jenenge jajan iki nadyan sabenere wis akrab ing sakitere warga. Kejaba jajan pasar, ing warung-warung ndesa laladan Pucanglaban wis asring diprangguli ana kicak, cenil, gethuk, ga­thot, utri, gablog, dhangglem, begedel, nagasari, pipis, iwel-iwel, randha royal, lly. Saperangan gedhe jajan-jajan iku pancen angel digoleki ing kutha-kutha ge­dhe.
Bab jajan pasar dhewe, masyarakat Pucanglaban asring nggunakake panga­nan iki minangka ubarampe kanggo merti bayi, yaiku: sepasaran, pagutan, telonan, pitonan, setaunan, lan rong taun­an. Biyen, wong Jawa nduweni pakulinan yen arep nyabuki bayi mesthi ngundang sanak kadang lan tangga teparone. Mula sore­ne, ibu-ibu wis padha teka, saperlu lek-lekan sewengi natas. Mula wiwit sore wis padha ibut dhewe-dhewe. Ana sing bung­kusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis. De­ne esuke, genti bapak-bapak sing padha teka, saperlu genduren cabukan bayi.
Minangka panganan kang dikramata­ke, jajan pasar pranyata ora mung di­gunakake kanggo ngusir sukerta. Jajan pasar uga asring digunakake dening pa­ra wong tuwa Jawa jaman biyen kanggo ngusir sial. Contone, yen ngimpi ngising biasane wong kang ngimpi kasebut ba­kal nemoni sial, yen ora kelangan barang (dhuwit) ya kelangan (ditinggal seda) kulawarga utawa sanak kadang. Mula kanggo ngusir sial kasebut, yen bengi ngimpi ngising, esuke banjur dislameti jajan pasar.
Kejaba iku, jajan pasar uga biasa di­gunakake kanggo ngeneng-ngeneng bayi sing rewel akibat pengaruh gaib sing se­neng ngganggu. Miturut katrangan Mbah Sabar (68), sesepuh Desa Pucanglaban, sadurunge didol ana pasar panganan kasebut durung kinaran jajan pasar. Pa­nganan kasebut biyene mung digunak­ake kanggo syarat nggelar sesaji. Biya­sane dikanthenake ing maneka upacara kanggo tolak balak. Bahane ana kang digawe saka glepung gaplek, glepung beras utawa tela diparut. Glepung gaplek digawe remes, glepung beras digawe pipis utawa nagasari, lan tela diparut di­gawe opak tela. Jinis panganan kasebut diyakini bisa nyerep energi elek lan makhluk alus. Makhluk alus jarene bakal meneng lan wedi yen ing acara ritual dikantheni panganan kasebut. “Jajan pa­sar pancen multifungsi. Kejaba minangka kanggo oleh-oleh, jajan iku uga ampuh kanggo ngeden-ngedeni makhluk alus, kandhane Mbah Sabar marang penulis.
Ing babad Panggung Alang-alang, miturut katrangan Embah Sabar dikan­dhakake, jajan pasar ditegesake mi­nang­ka salah siji jajan kramat kang biya­sa digunakake para wong tuwa jaman biyen kanggo meden-medeni makhluk alus supaya ora wani teka menyang omah ngganggu warga kampunge. Ing babad iku disebutake ana siji mantra sing biyasa diwacakake wektu jajan pasar iki diwetokake kanggo digunakake minang­ka tumbal.


Wektu jaman jajan iki diwetok­ake, masyarakat Panggung Alang-alang (saiki Pucanglaban) sing melu ngestreni katon khusuk melu maca mantra iki uga. Miturut ujare kandha, tansaya akeh warga sing maca mantra iki, mula makhluk alus bakal tansaya wedi. Para sesepuh uga katon khusuk sinambi tutuke terus maca mantra warisan saka para leluhure iku. Sawetara, jajan pasar terus diobah-obahake, keluk menyan terus nyebarake gandha mistis. Warga sing melu ing upa­cara iki duwe pengarep-arep ing taun-taun candhake, kampung lang wargane dibebasake saka maneka sukerta kang dening pendhudhuk dipercaya yen su­kerta asale saka ulah makhluk alus uta­wa pemimpin sing watake kaya makhluk alus. “Dadi, kanggo ngusir sukerta cara­ne ya nglarang utawa ngguwang adoh makhluk alus amrih ora wani mlebu me­nyang desa iki saengga pendhudhuk ora diganggu maneh”, kandhane Mbah Sabar.
Upacara ngusir sukerta kanthi jajan pasar iki, diakoni warga Desa Pucang­laban efektif banget kanggo ngusir makh­luk alus. Warga percaya yen ora ngestreni tradhisi iki mula ing taun can­dhake mesti pikantuk sukerta. Iku se­babe, warga antusias banget melu ing upa­cara iki. Sawetara, para sesepuh kang maca mantra uga ora oleh semba­rangan. Sadurunge maca mantra, luwih dhisik kudu sesuci dhiri dhisik kanthi cara adus lan wudhu. Lan, sasuwene maca man­tra, para sesepuh iku uga ora oleh batal wudhune nganti upacara rampung. Tradhisi iki, kandhane Mbah Sabar kudu terus digelar saben ana pemimpin anyar teka, nadyaning kahanan apa wae. Se­bab, padha percaya yen ana pemimpin anyar teka yen ora nglaksanakake upa­cara ngusir sukerta bisa cilaka. Amarga ana keweden yen ora nglaksanakake bakal dipimpin dening pemimpin sing nduweni watak kaya makhluk alus iku, warga pungkasane tansah nglaksanak­ake acara kasebut nadyan kanthi pra­beya patungan. “Ibarate wong mertam­ba. Sepisan ora mertamba yen mengko nganti nemen ora bakal kena ditambani. Desa iki bakal ketiban sukerta suwene pitung turunan”, kandhane Mbah Sabar.

Warisan Santri Majapahit
Diakoni Mbah Sabar, tradhisi ngusir sukerta kanthi jajan pasar iku wis ana wiwit jaman kawuri. Tradhisi iku digawa dening salah sawijining santri saka Maja­pahit, asmane Aryo Bangah. Aryo Bangah asline saka Pajajaran (tanah Pasun­dan). Sadurunge budhal menyang Ma­japahit dheweke wis di-Islamake karo Haji Tang. Tekane ing Majapahit sa­per­lu nggoleki sedulure tunggal bapa seje biyung (Raden Wijaya). Pungkasa­ne dening Raden Wijaya, Aryo Bangah diangkat dadi patih ing Dhoho. Krana dheweke wis ngrasuk agama Islam, banjur dadi cikal bakal kang nglairake santri-santri Majapahit. Mula tekane ing Majapahit wektu iku saliyane nggo­leki sedulure uga kanthi tujuwan nye­bar­­ake agama Islam. Wektu iki, ing tla­tah Majapahit kalebu Bonorowo (saiki Tulungagung), wargane isih ngrasuk aga­ma Hindu. Nanging, kanthi per­juang­ane kang temenan, Aryo Bangah pungkasane kasil ngajak saperangan pendhudhuk mlebu Islam. Lan pung­kasane, keturunan-keturunan Aryo Bangah kasil ngedegake Pondhok Pesantren Tegalsari.
Aryo Bangah ora gelem ngilangi tradhisi sing wis ana sadurunge ing Bonorowo. Dheweke malah ngolabo­rasi karo tradhisi ala Islam. Kalebu karo jajan pasar kang dening masyarakat pribumi wektu iku dikramatake banget minangka jajan kang nduweni tuah lan asring dipuja lan disembah. Wedi du­madi pengkultusan marang jajan kang digawe saka glepung gaplek lan gle­pung beras, dening Aryo Bangah banjur dimodifikasi dadi panganan kang luwih nduweni manfaat, yaiku minangka ja­jan kanggo ngeneng-ngeneng bocah. Sawetara lafadz dzikir uga disisipake ing antarane mantra-mantra basa Ja­wa.
Kanthi karomah kang diduweni, jajan (panganan) kang digawe saka gle­pung beras lan glepung gaplek kasebut pungkasane sanggup ngusir sukerta (makhluk alus) kang wektu iku asring ngreridhu masyarakat Bonoro­wo mligine ing laladan Panggung Alang-alang. Pendhudhuk uga percaya kang sabanjure ngramatake jajan pasar (istilah saiki) nanging ing wujud kang luwih beda. Tegese, ora ana peng­kultusan mligi. “Jajan kang diga­we saka glepung beras lan glepung gaplek sabanjure mung mung didol ana ing pasar. Mung wae, jajan pasar uga nduweni kekuatan khusus kanggo ngusir sukerta yen dibarengi karo niat lan mantra kang wis dicampur karo lafadz dzikir”, kandhane Mbah Sabar.

0 komentar:

Posting Komentar