Wayang
kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka
kulit. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, lan manéka warna crita liyané.Wayang
kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang
kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi
ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan
warisan kang berharga banget.
Wayang
kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging panggonan siji lan liyané
duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag
Surakarta. Pagelaran wayang antuk owah-owahan campursari lan dhagelan mlebu ing antarané
pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi
bisa dikurangi dadi sawetara jam waé. Sumber carita wayang yaiku saka
kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh,
lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang
kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang
mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo
piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki
digawé luwih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih,
cilik, gedhé lan wangun liyané sing nduwèni fungsi béda-béda.Teruse piranti mau
kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang
pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya
iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan
manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang
supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang
kasebut.
Kita
sebagai generasi muda penurus bangsa kudu njaga, lan ngelestarina budaya bangsa
kita, supaya kekayaan budaya bangsa kita ora di rampas bangsa liya. Kita kudu
bangga karo budaya kita dewe, ora karo budaya liya, seng iso ngerusak moralitas
bangsa.
0 komentar:
Posting Komentar