TRESNA
SEJATI
Cumlorote sunar srengenge wayah sore
nembus saselane gedheng kamarku. Ndadekake kamar kang maune rada peteng dadi
padhang. Bareng lagi enak-enake ngulet karo nguceg-nguceg mripat dumadakan,
grobyaaggg…kreettttt…!
“Oommmm!”
Lawang kamar kosku didedel peksan
dening pawongan kang gedhe dhuwur, merga swara jangkahe kang dhug…dhug…dhug
mantep. Nanging ing batin aku wis ngira yen sing mentas teka mesthi mas
Prasaja, kanca kosanku sing kamare ing sisih ngarep. Aku ngundang dheweke ‘mas’
iku merga pancen umure luwih tuwa rong taun. Dheweke mahasiswa Fakultas
Kedokteran UGM tingkat akhir lan wis sesasi KKN ana tlatah Wonogiri. Dene mas
Pras yen nyeluk aku ‘om’. Embuh alesane apa aku ora ngerti. Kira-kira wae srana
carane ngurmati. Aku kuliyah ana UGM uga, nanging ing Fakultas Sosial Politik.
Dadi seje fakultas karo mas Pras.
Sejatine yen ora krungu swarane lawang
didedel rosa kang banjur gawe kagetku, ora aras-arasen tangi. Isih pengin
leyeh-leyeh. Nalika aku tangi ngerti-ngerti mas Pras wis nyaut piring lan
nyidhuk sega tim ana wadah ing dhuwur kompor. Ora lali terus nyidhuk jangan
jengkol lan sambel tomat ing meja pawon. Karo nggawa piringe, mas Pras banjur
lungguh njejeri aku ana amben.
“Om…wis pokoke siiiip”, mas Pras
ngathungake jempolane kang isih gluprut sambel tomat, lan banjur diklamuti. Kaya
wis suwe ora tau mambu sambel kos-kosan.
“Sip apane ta
mas? Teka-teka kok sap sip thok wae,” wangsulanku karo nglempit selimut lorek sing
maune takenggo kemulan.
“Olehku KKN ana
Wonogiri jan sip om. Tibake ana kana ketemu bocah haayu. Jenenge Lis. Bocah
SMKI Solo. Wis pokoke…wuihh!,” ngono olehe nrocos sinambi mangan telap-telep.
“Lha endi bocahe
kok ora sampeyan ajak mrene? Karep ben aku ngerti, gek kaya ngapa ta ayune? Lan
takbijine mengko entuk pira,” semaurku karo nyaut andhuk kang cemanthel ana ing
canthelan klambi.
Sinambi ngguyu
nggleges mas Pras terus kandha, “Diajak mrene piye wong aku durung kenalan kok
om. Entuke jeneng, sekolah lan alamat omahe wae saka anggonku takon bapak kosku
sing tak ngengeri ing Wonogiri kana.”
“Lha wong kenal
wae durung lho, kok sampeyan wis mbingungi kaya pitik memeti,” mengkono olehku
njawab karo metu saka kamar arep menyang sumur. Mas Pras nututi metu sinambi
nyangking piring tilase mangan lan banjur diuncalake menyang bak kumbahan
piring.
Karo ngenteni
giliran adus aku lungguhan ana lincak. Wis kaya upacara rutin, saben sore
angger wayahe arep padha adus, kanca-kanca mesthi padha lungguhan ana lincak
cedhak kamarku sinambi dhiskusi ngenani apa wae. Kos-kosanku manggon ana sisihe
daleme Pak Saimun ing dhukuh Samirono, Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene
ing mburi omah ana wangunan tilase kandhang jaran. Biyen jogane wujud lemah,
terus diplester kasar lan disingget dadi patang kamar adu arep karo kamarku.
Ngertiku yen wewangunan iku biyen tilase kandhang jaran merga kang duwe warung
sebalah kos-kosan nate crita marang aku. Ora aneh menawa kos-kosan prasaja iki
kang manggoni yaiku mahasiswa thongpis, aliyas kanthong tipis.
Semono uga ing
sore kang rada istimewa mau, kebeneran aku mung lungguhan karo mas Pras.
Dheweke banjur ngajak nutugake dhiskusi bab wanita sing ditemoni ing lokasi
KKN.
“Ngene lho om,
sejatine aku isih wedi arep kenalan karo Lis. Iya yen dheweke gelem tak jak
kenalan. Lha yen ora?”
“Ya dicoba
dhisik tam as. Wong durung dicoba kok wis ndhisiki wedimu.”
“Sebab
kanca-kanca liyane ing klompokku uga padha ngesir dheweke lho om. Gek kancaku
mau rupane nggantheng-nggantheng tur anake wong duwe.”
“Klompokmu wong
pira mas?”.
“Klompokku wong
lima om, lanang kabeh klebu aku. Bagus saka Fakultas Kehutanan, Satriya saka
Ekonomi, Dewa saka Hukum lan Budi saka Sastra.”
“Lha sampeyan
iku rak saka Kedokteran, fakultas kang paling bergengsi lan dadi idham-idhaman
calon maratuwa. Ngapa kok ndadak mindher barang?”
“Hehehe….Aku
bener-bener kuwatir dheweke selak kedhisikan disaut kanca-kanca. Ngene om, aku
duwe rancangan. Suk emben yen bali menyang Wonogiri, aku arep terus wae nembung
marang bapake Lis yen anake bakal tak jaluk. Kepriye om yen manut panemumu?”
Ditakoni
mengkono aku rada dheleg-dheleg. Aku bisa ngrasakake kepriye gorehe atine mas
Pras ngadhepi perkara kasebut. Merga mas Pras mono sanadyan mahasiswa Fakultas
Kedokteran nanging nduweni rupa sing umum, lire nggantheng ora, ala uga ora.
Malah rupa kaya mas Pras iku umum ing pasaran. Mula nganti meh lulus saka
pawiyatan luhur, calon dokter iki isih durung duwe sir-siran. Kepriye bisa
entuk sir-siran wong nyedhaki wanita wae ora wani.
“Wis sampeyan
piker tenan-tenan tam as? Wis ditimbang-timbang tenan?”
“Uwis om. Aku
wis mantep tenan yen duwe bojo Lis.”
“Yen pancen wis
mantep, mesisan terus dilamar wae ora apa-apa mas. Tinimbang selak disaut wong
liya.”
“Nanging aku
isih sumelang om. Sumelangku ngene, upama bapake ora kabotan nampa panglamarku
lan Lis uga gelem tak rabi, kabeh mau dhasare dudu merga tresna sejati nanging
merga aku calon dokter.”
“Lho ya wis samesthine
ta mas. Sapa wong tuwa kang ora kepengin anake ing tembe urip kepenak? Lan sapa
wanita kang gelem diajak urip rekasa? Yen bisa kabeh wanita iku kepengin urip
mulya. Ana paribasan Walanda sing tegese: wanita iku tresna marang priya merga
dina tembene. Dene priya nresnani wanita saka wujud fisike. Contone sing rupane
ayu, awak lencir kuning kaya Lis kuwi hehehe. Nanging yen mas Pras arep golek
tresna kang sejati, cobanen nganggo klambi lusuh, numpaka bis terus mengko yen
ketemu wanita ayu jaken kenalan. Yen wis kenal terus tarinen rabi. Yen wanita
kuwi gelem, ya iku sing diarani tresna sejati!”
“Ya ora nganggo
cara kang ekstrim ngono iku om.”
“Lha piye? Saiki
dudu jamane Damarwulan Ngarit maneh mas. Lan upama mengko Lis kang ayu kuwi
gelem sampeyan rabi, iku hake Lis jroning nemtokake pilihan. Dene sampeyan kang
duwe dina tembe padhang, darbe hak milih wanita. Rak ya wis padha-padha ta
mas?”
Krungu
tembung-tembungku mau sajake mas Pras banjur kegugah atine.
“Ya wis yen
ngono…sip om. Maturnuwun,” muni mangkono mau mas Pras terus bali mlebu kamare,
katon yen nggawa ati lan kekarepan lan mantep.
***
Esuk iku hawane
adhem njekut merga kesiram udan sewengi. Adheme hawa njalari bocah-bocah
sakosan padha aras-arasen tangi. Lawang kamare isih tutupan rapet. Merga aku
duwe jadwal kuliyah jam sepisanan, mula gelem ora gelem kudu tangi luwih esuk
karep ben ora telat lan karep ben entuk lungguhan ngarep dhewe. Ora kaya
padatan, mas Pras kang ngerti yen aku wis tangi lan siyap-siyap arep budhal
kuliyah, banjur mlebu menyang kamarku. Nanging beda karo wingi, esuk iki
praupane mas Pras peteng kaya kemulan mendhung. Katon suntrut banget.
“Ana apa mas,
isih esuk kok wis katon sedhih? Ora ilok lho mas esuk-esuk susah ngono kuwi.
Dadi wong lanang iku mbok sing bregas ngadhepi apa wae, aja gampang nglokro.”
“Ngene lho om.
Mau bengi aku dhiskusi karo Bambang bab Lis. Panemune Bambang, aku ora entuk
terus nglamar. Merga yen wong tuwane ora kabotan Lis tak jaluk, lan upama Lis
gelem, kabeh mau merga aku calon dokter. Dudu merga tresna kang sejati.
Kamangka wong jejodhohan mono dhasare kudu padha tresnane. Ujare para pinter
kae gegarane wong akrami kuwi dudu bandha dudu rupa, among ati pawitane. Rak ya
ngono pawitane ta om? Wong atiku lan atine Lis wae durung sambung apa-apa,
malah tepung wae durung. Bab iki sing jalari Bambang kurang sarujuk. Aku ora
kena grusa-grusu. Kudu dijajagi dhisik atine. Kana tresna tenan apa ora marang
aku,” mengkono kojahe mas Pras anggone nyritakake kesimpulan dhiskusine karo
Bambang. Bambang mono kanca tunggal sakosan. Bambang njupuk jurusan filsafat.
Kebeneran kamare Bambang jejer karo mas Pras.
“Ngene wae mas,
takonana atimu dhisik. Yen ati sampeyan wis pas lan mantep, ya budhal,”
kandhaku karo metu saka kamar, banjur terus mangkat kuliyah. Mas Pras sing isih
lungguh ing kamarku tak tinggal ngono wae.
***
Rong wulan
sakwise kuwi, ing wayah sore rikala aku, Bambang lan kanca kos-kosan lagi
lungguhan ing lincak, dumadakan ana mobil mlebu plataran. Bareng lawang
dibukak, kang mudhun jebul mas Pras karo wanita sulistya ing warna. Ora beda
widadari kang ngejawantah. Aku nggraita yen wanita ayu mau mesthi Lis.
“Halo om…,” karo
liwat ngarepku mas Pras aruh-aruh. Tangane ora uwal nggandheng wanita mau. Dene
bocahe wadon mung ndhingkluk ora wani ndengengek. Lelorone terus wae tumuju
kamare mas Pras kang adhep-adhepan karo kamarku.
“Sapa kuwi mas?
Mbok dikenalke dhisik,” celathuku.
“Bocahe isih
isin om, mengko wae ya! Ya iki Lis sing tau tak critakake kae om hehehe,”
wangsulane mas Pras karo nggandheng tangane Lis terus bablas mlebu kamar.
Aku mbengok rada
seru, “Wah, tresna sejati ya mas!?”
“Iya om
hahahaa…atho..atho kapok,” ora pangling iku swara sambate mas Pras kang sajake
diciwel Lis embuh nggon apane.
Aku banjur
kelingan critane ibu. Biyen ibu olehe rabi karo bapak merga dijodhokake. Rikala
semana yuswane ibu isih pat belas taun. Denen bapak kira-kira yuswane selikur
taun.
“Anggonku
ningkahan karo bapakmu biyen merga dijodhokake wong tuwa kok le. Aku ya mung
manut karo simbahmu. Bocah biyen iku ora wani ngomong ora, isine mung nggah
nggih manut. Nanging ya iku, bapakmu biyen nggantheng banget hehehe…”
Lan nyatane
tumekan saiki bapak ibuku tansah atut runtut pindha mimi lan mintuna. Lan mas
Pras, dina tembene pancen padhang. Calon dokter je. Nanging apa bener tresnane
Lis marang mas Pras tresna kang sejati? Ah embuh!
0 komentar:
Posting Komentar