Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Sabtu, 10 Januari 2015

TRADHISI NGILANGI SUKERTA ING PUCANGLABAN, KABUPATEN TULUNGAGUNG

Ing Pucanglaban, Kabupaten Tulung­agung, jajan pasar saliyane didadekake kuliner tradhisional uga oleh-oleh kang­go bocah, jajan iki pra­nyata ampuh dida­dekake ubarampe kang­go ngusir suker­ta. Masyarakat per­ca­ya, jajan pasar yaiku jajan kramat sing nduweni tuah.


Saben mapag tekane pemimpin anyar (dudu pemimpin sing dimutasi utawa di­pindhah), mbuh kepala desa anyar mbuh bupati anyar, mbuh kepala sekolah anyar mbuh KUPT anyar, mbuh gubernur anyar mbuh presidhen anyar, masyarakat ing la­ladan Kecamatan Pucanglaban mesthi nglaksanakake upacara ngusir sukerta (yen ing Subang, Jawa Barat istilahe ngu­sir sial). Upacara kang dilaksanakake sa­ben lair pemimpin anyar iku kanthi tuju­wan amrih wargane (kawulane) bisa be­bas saka maneka sukerta. Beda karo tra­dhisi kang ana ing dhaerah liya, upacara ngu­sir sukerta ing laladan iki terkadhang di­ramekake maneka atraksi kesenian khas dhaerah kasebut. Saliyane jaranan, wa­yang, uga digelar paradhe reog kendhang.


Acara kang biyasane digelar ing bale desa iku diestreni dening ewon warga desa. Padha dhesek-dhesekan kanthi tujuwan padha, yaiku: nonton momentum mapag tekane pemimpin anyar kasebut. Sumebar kepercayan, sapa wae sing nyengkuyung (ngestreni) acara ka­sebut bakal bebas saka maneka sukerta. Acara sing wis ajeg dilaksanakake turun temu­run iku tansah oleh dhukungan saka ma­syarakat. Ora mung warga asil Pu­cang­laban wae sing melu ngestreni acara iki. Para warga kang kabener “luru upa” ing dhaerah iki uga melu ngestreni. Amar­ga padha percaya yen jajan sing saklebatan ora ana ajine iku pranyata nduweni tuah. Lan, puncak saka tradhisi ngusir su­kerta utawa balak iku yaiku: sawise diujubake lan didongani, maneka jajan pa­sar lan ubarampe liyane banjur didum-dumake marang sapa wae kang ngestreni upacara kasebut.
Saklebatan, ora ana sing aneh karo pa­nganan sing didum-dumake marang warga. Panganan kang sinebut jajan pasar iku dening masyarakat Pu­cang­laban asring digunakake kanggo ja­jan oleh-oleh kanggo putrane yen dhong ibune blanja menyang pasar. Miturut se­jarahe lan dipercaya yen jajan pasar iki ora mung mligi kanggo oleh-oleh putra­ne. Tumrap warga Pucanglaban, jajan pasar diyakini nduweni tuah gaib. Salah sijine dipercaya kanggo ngusir sukerta uta­wa balak. Biyen, jajan pasar minangka siji-siji­ne jajan kanggo suguhan wong duwe mantu utawa nyunatake putrane, sadu­runge muncul jajan roti gaweyan pabrik.

Jajan Kramat


Kejaba kanggo jajan oleh-oleh, jajan pasar uga diyakini warga Pucanglaban nduweni tuah supranatural. Jajan iki ka­witane ora ana kanthi mangkono wae. Sa­durunge muncul, jajan pasar wis nga­lami maneka proses sejarah kang dawa. Padha karo jajan liyane sing asring didol­ing toko-toko panganan, kangelan ang­gone nyebut jenenge jajan iki nadyan sabenere wis akrab ing sakitere warga. Kejaba jajan pasar, ing warung-warung ndesa laladan Pucanglaban wis asring diprangguli ana kicak, cenil, gethuk, ga­thot, utri, gablog, dhangglem, begedel, nagasari, pipis, iwel-iwel, randha royal, lly. Saperangan gedhe jajan-jajan iku pancen angel digoleki ing kutha-kutha ge­dhe.
Bab jajan pasar dhewe, masyarakat Pucanglaban asring nggunakake panga­nan iki minangka ubarampe kanggo merti bayi, yaiku: sepasaran, pagutan, telonan, pitonan, setaunan, lan rong taun­an. Biyen, wong Jawa nduweni pakulinan yen arep nyabuki bayi mesthi ngundang sanak kadang lan tangga teparone. Mula sore­ne, ibu-ibu wis padha teka, saperlu lek-lekan sewengi natas. Mula wiwit sore wis padha ibut dhewe-dhewe. Ana sing bung­kusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis. De­ne esuke, genti bapak-bapak sing padha teka, saperlu genduren cabukan bayi.
Minangka panganan kang dikramata­ke, jajan pasar pranyata ora mung di­gunakake kanggo ngusir sukerta. Jajan pasar uga asring digunakake dening pa­ra wong tuwa Jawa jaman biyen kanggo ngusir sial. Contone, yen ngimpi ngising biasane wong kang ngimpi kasebut ba­kal nemoni sial, yen ora kelangan barang (dhuwit) ya kelangan (ditinggal seda) kulawarga utawa sanak kadang. Mula kanggo ngusir sial kasebut, yen bengi ngimpi ngising, esuke banjur dislameti jajan pasar.
Kejaba iku, jajan pasar uga biasa di­gunakake kanggo ngeneng-ngeneng bayi sing rewel akibat pengaruh gaib sing se­neng ngganggu. Miturut katrangan Mbah Sabar (68), sesepuh Desa Pucanglaban, sadurunge didol ana pasar panganan kasebut durung kinaran jajan pasar. Pa­nganan kasebut biyene mung digunak­ake kanggo syarat nggelar sesaji. Biya­sane dikanthenake ing maneka upacara kanggo tolak balak. Bahane ana kang digawe saka glepung gaplek, glepung beras utawa tela diparut. Glepung gaplek digawe remes, glepung beras digawe pipis utawa nagasari, lan tela diparut di­gawe opak tela. Jinis panganan kasebut diyakini bisa nyerep energi elek lan makhluk alus. Makhluk alus jarene bakal meneng lan wedi yen ing acara ritual dikantheni panganan kasebut. “Jajan pa­sar pancen multifungsi. Kejaba minangka kanggo oleh-oleh, jajan iku uga ampuh kanggo ngeden-ngedeni makhluk alus, kandhane Mbah Sabar marang penulis.
Ing babad Panggung Alang-alang, miturut katrangan Embah Sabar dikan­dhakake, jajan pasar ditegesake mi­nang­ka salah siji jajan kramat kang biya­sa digunakake para wong tuwa jaman biyen kanggo meden-medeni makhluk alus supaya ora wani teka menyang omah ngganggu warga kampunge. Ing babad iku disebutake ana siji mantra sing biyasa diwacakake wektu jajan pasar iki diwetokake kanggo digunakake minang­ka tumbal.


Wektu jaman jajan iki diwetok­ake, masyarakat Panggung Alang-alang (saiki Pucanglaban) sing melu ngestreni katon khusuk melu maca mantra iki uga. Miturut ujare kandha, tansaya akeh warga sing maca mantra iki, mula makhluk alus bakal tansaya wedi. Para sesepuh uga katon khusuk sinambi tutuke terus maca mantra warisan saka para leluhure iku. Sawetara, jajan pasar terus diobah-obahake, keluk menyan terus nyebarake gandha mistis. Warga sing melu ing upa­cara iki duwe pengarep-arep ing taun-taun candhake, kampung lang wargane dibebasake saka maneka sukerta kang dening pendhudhuk dipercaya yen su­kerta asale saka ulah makhluk alus uta­wa pemimpin sing watake kaya makhluk alus. “Dadi, kanggo ngusir sukerta cara­ne ya nglarang utawa ngguwang adoh makhluk alus amrih ora wani mlebu me­nyang desa iki saengga pendhudhuk ora diganggu maneh”, kandhane Mbah Sabar.
Upacara ngusir sukerta kanthi jajan pasar iki, diakoni warga Desa Pucang­laban efektif banget kanggo ngusir makh­luk alus. Warga percaya yen ora ngestreni tradhisi iki mula ing taun can­dhake mesti pikantuk sukerta. Iku se­babe, warga antusias banget melu ing upa­cara iki. Sawetara, para sesepuh kang maca mantra uga ora oleh semba­rangan. Sadurunge maca mantra, luwih dhisik kudu sesuci dhiri dhisik kanthi cara adus lan wudhu. Lan, sasuwene maca man­tra, para sesepuh iku uga ora oleh batal wudhune nganti upacara rampung. Tradhisi iki, kandhane Mbah Sabar kudu terus digelar saben ana pemimpin anyar teka, nadyaning kahanan apa wae. Se­bab, padha percaya yen ana pemimpin anyar teka yen ora nglaksanakake upa­cara ngusir sukerta bisa cilaka. Amarga ana keweden yen ora nglaksanakake bakal dipimpin dening pemimpin sing nduweni watak kaya makhluk alus iku, warga pungkasane tansah nglaksanak­ake acara kasebut nadyan kanthi pra­beya patungan. “Ibarate wong mertam­ba. Sepisan ora mertamba yen mengko nganti nemen ora bakal kena ditambani. Desa iki bakal ketiban sukerta suwene pitung turunan”, kandhane Mbah Sabar.

Warisan Santri Majapahit
Diakoni Mbah Sabar, tradhisi ngusir sukerta kanthi jajan pasar iku wis ana wiwit jaman kawuri. Tradhisi iku digawa dening salah sawijining santri saka Maja­pahit, asmane Aryo Bangah. Aryo Bangah asline saka Pajajaran (tanah Pasun­dan). Sadurunge budhal menyang Ma­japahit dheweke wis di-Islamake karo Haji Tang. Tekane ing Majapahit sa­per­lu nggoleki sedulure tunggal bapa seje biyung (Raden Wijaya). Pungkasa­ne dening Raden Wijaya, Aryo Bangah diangkat dadi patih ing Dhoho. Krana dheweke wis ngrasuk agama Islam, banjur dadi cikal bakal kang nglairake santri-santri Majapahit. Mula tekane ing Majapahit wektu iku saliyane nggo­leki sedulure uga kanthi tujuwan nye­bar­­ake agama Islam. Wektu iki, ing tla­tah Majapahit kalebu Bonorowo (saiki Tulungagung), wargane isih ngrasuk aga­ma Hindu. Nanging, kanthi per­juang­ane kang temenan, Aryo Bangah pungkasane kasil ngajak saperangan pendhudhuk mlebu Islam. Lan pung­kasane, keturunan-keturunan Aryo Bangah kasil ngedegake Pondhok Pesantren Tegalsari.
Aryo Bangah ora gelem ngilangi tradhisi sing wis ana sadurunge ing Bonorowo. Dheweke malah ngolabo­rasi karo tradhisi ala Islam. Kalebu karo jajan pasar kang dening masyarakat pribumi wektu iku dikramatake banget minangka jajan kang nduweni tuah lan asring dipuja lan disembah. Wedi du­madi pengkultusan marang jajan kang digawe saka glepung gaplek lan gle­pung beras, dening Aryo Bangah banjur dimodifikasi dadi panganan kang luwih nduweni manfaat, yaiku minangka ja­jan kanggo ngeneng-ngeneng bocah. Sawetara lafadz dzikir uga disisipake ing antarane mantra-mantra basa Ja­wa.
Kanthi karomah kang diduweni, jajan (panganan) kang digawe saka gle­pung beras lan glepung gaplek kasebut pungkasane sanggup ngusir sukerta (makhluk alus) kang wektu iku asring ngreridhu masyarakat Bonoro­wo mligine ing laladan Panggung Alang-alang. Pendhudhuk uga percaya kang sabanjure ngramatake jajan pasar (istilah saiki) nanging ing wujud kang luwih beda. Tegese, ora ana peng­kultusan mligi. “Jajan kang diga­we saka glepung beras lan glepung gaplek sabanjure mung mung didol ana ing pasar. Mung wae, jajan pasar uga nduweni kekuatan khusus kanggo ngusir sukerta yen dibarengi karo niat lan mantra kang wis dicampur karo lafadz dzikir”, kandhane Mbah Sabar.

Jumat, 02 Januari 2015

WAYANG KULIT

Wayang kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana sing wayangé digawé saka kulit. Umumé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, lan manéka warna crita liyané.Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan kang berharga banget.


Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, sing paling gedhé yaiku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Pagelaran wayang antuk owah-owahan campursari lan dhagelan mlebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawetara jam waé. Sumber carita wayang yaiku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.
Panggawéné wayang
Wayang kulit umumé digawé saka bahan kulit kebo sing wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran sing banjur ditatah nganggo piranti arupa wesi lancip. Wesi waja iki digawé luwih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana sing lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangun liyané sing nduwèni fungsi béda-béda.Teruse piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang kasebut.
Kita sebagai generasi muda penurus bangsa kudu njaga, lan ngelestarina budaya bangsa kita, supaya kekayaan budaya bangsa kita ora di rampas bangsa liya. Kita kudu bangga karo budaya kita dewe, ora karo budaya liya, seng iso ngerusak moralitas bangsa.

CERKAK

TRESNA SEJATI

            Cumlorote sunar srengenge wayah sore nembus saselane gedheng kamarku. Ndadekake kamar kang maune rada peteng dadi padhang. Bareng lagi enak-enake ngulet karo nguceg-nguceg mripat dumadakan, grobyaaggg…kreettttt…!
              “Oommmm!”
            Lawang kamar kosku didedel peksan dening pawongan kang gedhe dhuwur, merga swara jangkahe kang dhug…dhug…dhug mantep. Nanging ing batin aku wis ngira yen sing mentas teka mesthi mas Prasaja, kanca kosanku sing kamare ing sisih ngarep. Aku ngundang dheweke ‘mas’ iku merga pancen umure luwih tuwa rong taun. Dheweke mahasiswa Fakultas Kedokteran UGM tingkat akhir lan wis sesasi KKN ana tlatah Wonogiri. Dene mas Pras yen nyeluk aku ‘om’. Embuh alesane apa aku ora ngerti. Kira-kira wae srana carane ngurmati. Aku kuliyah ana UGM uga, nanging ing Fakultas Sosial Politik. Dadi seje fakultas karo mas Pras.
Sejatine yen ora krungu swarane lawang didedel rosa kang banjur gawe kagetku, ora aras-arasen tangi. Isih pengin leyeh-leyeh. Nalika aku tangi ngerti-ngerti mas Pras wis nyaut piring lan nyidhuk sega tim ana wadah ing dhuwur kompor. Ora lali terus nyidhuk jangan jengkol lan sambel tomat ing meja pawon. Karo nggawa piringe, mas Pras banjur lungguh njejeri aku ana amben.
“Om…wis pokoke siiiip”, mas Pras ngathungake jempolane kang isih gluprut sambel tomat, lan banjur diklamuti. Kaya wis suwe ora tau mambu sambel kos-kosan.
“Sip apane ta mas? Teka-teka kok sap sip thok wae,” wangsulanku karo nglempit selimut lorek sing maune takenggo kemulan.
“Olehku KKN ana Wonogiri jan sip om. Tibake ana kana ketemu bocah haayu. Jenenge Lis. Bocah SMKI Solo. Wis pokoke…wuihh!,” ngono olehe nrocos sinambi mangan telap-telep.
“Lha endi bocahe kok ora sampeyan ajak mrene? Karep ben aku ngerti, gek kaya ngapa ta ayune? Lan takbijine mengko entuk pira,” semaurku karo nyaut andhuk kang cemanthel ana ing canthelan klambi.
Sinambi ngguyu nggleges mas Pras terus kandha, “Diajak mrene piye wong aku durung kenalan kok om. Entuke jeneng, sekolah lan alamat omahe wae saka anggonku takon bapak kosku sing tak ngengeri ing Wonogiri kana.”
“Lha wong kenal wae durung lho, kok sampeyan wis mbingungi kaya pitik memeti,” mengkono olehku njawab karo metu saka kamar arep menyang sumur. Mas Pras nututi metu sinambi nyangking piring tilase mangan lan banjur diuncalake menyang bak kumbahan piring.
Karo ngenteni giliran adus aku lungguhan ana lincak. Wis kaya upacara rutin, saben sore angger wayahe arep padha adus, kanca-kanca mesthi padha lungguhan ana lincak cedhak kamarku sinambi dhiskusi ngenani apa wae. Kos-kosanku manggon ana sisihe daleme Pak Saimun ing dhukuh Samirono, Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat. Dene ing mburi omah ana wangunan tilase kandhang jaran. Biyen jogane wujud lemah, terus diplester kasar lan disingget dadi patang kamar adu arep karo kamarku. Ngertiku yen wewangunan iku biyen tilase kandhang jaran merga kang duwe warung sebalah kos-kosan nate crita marang aku. Ora aneh menawa kos-kosan prasaja iki kang manggoni yaiku mahasiswa thongpis, aliyas kanthong tipis.
Semono uga ing sore kang rada istimewa mau, kebeneran aku mung lungguhan karo mas Pras. Dheweke banjur ngajak nutugake dhiskusi bab wanita sing ditemoni ing lokasi KKN.
“Ngene lho om, sejatine aku isih wedi arep kenalan karo Lis. Iya yen dheweke gelem tak jak kenalan. Lha yen ora?”
“Ya dicoba dhisik tam as. Wong durung dicoba kok wis ndhisiki wedimu.”
“Sebab kanca-kanca liyane ing klompokku uga padha ngesir dheweke lho om. Gek kancaku mau rupane nggantheng-nggantheng tur anake wong duwe.”
“Klompokmu wong pira mas?”.
“Klompokku wong lima om, lanang kabeh klebu aku. Bagus saka Fakultas Kehutanan, Satriya saka Ekonomi, Dewa saka Hukum lan Budi saka Sastra.”
“Lha sampeyan iku rak saka Kedokteran, fakultas kang paling bergengsi lan dadi idham-idhaman calon maratuwa. Ngapa kok ndadak mindher barang?”
“Hehehe….Aku bener-bener kuwatir dheweke selak kedhisikan disaut kanca-kanca. Ngene om, aku duwe rancangan. Suk emben yen bali menyang Wonogiri, aku arep terus wae nembung marang bapake Lis yen anake bakal tak jaluk. Kepriye om yen manut panemumu?”
Ditakoni mengkono aku rada dheleg-dheleg. Aku bisa ngrasakake kepriye gorehe atine mas Pras ngadhepi perkara kasebut. Merga mas Pras mono sanadyan mahasiswa Fakultas Kedokteran nanging nduweni rupa sing umum, lire nggantheng ora, ala uga ora. Malah rupa kaya mas Pras iku umum ing pasaran. Mula nganti meh lulus saka pawiyatan luhur, calon dokter iki isih durung duwe sir-siran. Kepriye bisa entuk sir-siran wong nyedhaki wanita wae ora wani.
“Wis sampeyan piker tenan-tenan tam as? Wis ditimbang-timbang tenan?”
“Uwis om. Aku wis mantep tenan yen duwe bojo Lis.”
“Yen pancen wis mantep, mesisan terus dilamar wae ora apa-apa mas. Tinimbang selak disaut wong liya.”
“Nanging aku isih sumelang om. Sumelangku ngene, upama bapake ora kabotan nampa panglamarku lan Lis uga gelem tak rabi, kabeh mau dhasare dudu merga tresna sejati nanging merga aku calon dokter.”
“Lho ya wis samesthine ta mas. Sapa wong tuwa kang ora kepengin anake ing tembe urip kepenak? Lan sapa wanita kang gelem diajak urip rekasa? Yen bisa kabeh wanita iku kepengin urip mulya. Ana paribasan Walanda sing tegese: wanita iku tresna marang priya merga dina tembene. Dene priya nresnani wanita saka wujud fisike. Contone sing rupane ayu, awak lencir kuning kaya Lis kuwi hehehe. Nanging yen mas Pras arep golek tresna kang sejati, cobanen nganggo klambi lusuh, numpaka bis terus mengko yen ketemu wanita ayu jaken kenalan. Yen wis kenal terus tarinen rabi. Yen wanita kuwi gelem, ya iku sing diarani tresna sejati!”
“Ya ora nganggo cara kang ekstrim ngono iku om.”
“Lha piye? Saiki dudu jamane Damarwulan Ngarit maneh mas. Lan upama mengko Lis kang ayu kuwi gelem sampeyan rabi, iku hake Lis jroning nemtokake pilihan. Dene sampeyan kang duwe dina tembe padhang, darbe hak milih wanita. Rak ya wis padha-padha ta mas?”
Krungu tembung-tembungku mau sajake mas Pras banjur kegugah atine.
“Ya wis yen ngono…sip om. Maturnuwun,” muni mangkono mau mas Pras terus bali mlebu kamare, katon yen nggawa ati lan kekarepan lan mantep.

***
Esuk iku hawane adhem njekut merga kesiram udan sewengi. Adheme hawa njalari bocah-bocah sakosan padha aras-arasen tangi. Lawang kamare isih tutupan rapet. Merga aku duwe jadwal kuliyah jam sepisanan, mula gelem ora gelem kudu tangi luwih esuk karep ben ora telat lan karep ben entuk lungguhan ngarep dhewe. Ora kaya padatan, mas Pras kang ngerti yen aku wis tangi lan siyap-siyap arep budhal kuliyah, banjur mlebu menyang kamarku. Nanging beda karo wingi, esuk iki praupane mas Pras peteng kaya kemulan mendhung. Katon suntrut banget.
“Ana apa mas, isih esuk kok wis katon sedhih? Ora ilok lho mas esuk-esuk susah ngono kuwi. Dadi wong lanang iku mbok sing bregas ngadhepi apa wae, aja gampang nglokro.”
“Ngene lho om. Mau bengi aku dhiskusi karo Bambang bab Lis. Panemune Bambang, aku ora entuk terus nglamar. Merga yen wong tuwane ora kabotan Lis tak jaluk, lan upama Lis gelem, kabeh mau merga aku calon dokter. Dudu merga tresna kang sejati. Kamangka wong jejodhohan mono dhasare kudu padha tresnane. Ujare para pinter kae gegarane wong akrami kuwi dudu bandha dudu rupa, among ati pawitane. Rak ya ngono pawitane ta om? Wong atiku lan atine Lis wae durung sambung apa-apa, malah tepung wae durung. Bab iki sing jalari Bambang kurang sarujuk. Aku ora kena grusa-grusu. Kudu dijajagi dhisik atine. Kana tresna tenan apa ora marang aku,” mengkono kojahe mas Pras anggone nyritakake kesimpulan dhiskusine karo Bambang. Bambang mono kanca tunggal sakosan. Bambang njupuk jurusan filsafat. Kebeneran kamare Bambang jejer karo mas Pras.
“Ngene wae mas, takonana atimu dhisik. Yen ati sampeyan wis pas lan mantep, ya budhal,” kandhaku karo metu saka kamar, banjur terus mangkat kuliyah. Mas Pras sing isih lungguh ing kamarku tak tinggal ngono wae.

***
Rong wulan sakwise kuwi, ing wayah sore rikala aku, Bambang lan kanca kos-kosan lagi lungguhan ing lincak, dumadakan ana mobil mlebu plataran. Bareng lawang dibukak, kang mudhun jebul mas Pras karo wanita sulistya ing warna. Ora beda widadari kang ngejawantah. Aku nggraita yen wanita ayu mau mesthi Lis.
“Halo om…,” karo liwat ngarepku mas Pras aruh-aruh. Tangane ora uwal nggandheng wanita mau. Dene bocahe wadon mung ndhingkluk ora wani ndengengek. Lelorone terus wae tumuju kamare mas Pras kang adhep-adhepan karo kamarku.
“Sapa kuwi mas? Mbok dikenalke dhisik,” celathuku.
“Bocahe isih isin om, mengko wae ya! Ya iki Lis sing tau tak critakake kae om hehehe,” wangsulane mas Pras karo nggandheng tangane Lis terus bablas mlebu kamar.
Aku mbengok rada seru, “Wah, tresna sejati ya mas!?”
“Iya om hahahaa…atho..atho kapok,” ora pangling iku swara sambate mas Pras kang sajake diciwel Lis embuh nggon apane.
Aku banjur kelingan critane ibu. Biyen ibu olehe rabi karo bapak merga dijodhokake. Rikala semana yuswane ibu isih pat belas taun. Denen bapak kira-kira yuswane selikur taun.
“Anggonku ningkahan karo bapakmu biyen merga dijodhokake wong tuwa kok le. Aku ya mung manut karo simbahmu. Bocah biyen iku ora wani ngomong ora, isine mung nggah nggih manut. Nanging ya iku, bapakmu biyen nggantheng banget hehehe…”
Lan nyatane tumekan saiki bapak ibuku tansah atut runtut pindha mimi lan mintuna. Lan mas Pras, dina tembene pancen padhang. Calon dokter je. Nanging apa bener tresnane Lis marang mas Pras tresna kang sejati? Ah embuh!

Kamis, 01 Januari 2015

KETHOPRAK

Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan, inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali nanging saged kita raosaken inggih punika norma-norma utawi nilai-nilai ingkang dipunwarisaken dening para leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.


Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir, lsp. Nanging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun, sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya manca.


Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih punika kethoprak. Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud sandiwara utawi drama tradhisional ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak punika saged kita semerepi wonten Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta, kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak ngantos saged ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan masyarakat ing jaman semanten. Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana pralambang. Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni. Piwulang punika salah satunggalipun inggih sarana basanipun.
Ing kethoprak, saged kita tingali bedanipun panginanipun tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang langkung sepuh utawi ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget ginanipun tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun nganthi dhateng suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian tradhisional sanesipun, kethoprak ugi sampun kageser ing manahipun para sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut budaya manca.