Ing Pucanglaban, Kabupaten Tulungagung,
jajan pasar saliyane didadekake kuliner tradhisional uga oleh-oleh kanggo
bocah, jajan iki pranyata ampuh didadekake ubarampe kanggo ngusir sukerta.
Masyarakat percaya, jajan pasar yaiku jajan kramat sing nduweni tuah.
Saben mapag tekane pemimpin anyar (dudu
pemimpin sing dimutasi utawa dipindhah), mbuh kepala desa anyar mbuh bupati
anyar, mbuh kepala sekolah anyar mbuh KUPT anyar, mbuh gubernur anyar mbuh
presidhen anyar, masyarakat ing laladan Kecamatan Pucanglaban mesthi
nglaksanakake upacara ngusir sukerta (yen ing Subang, Jawa Barat istilahe ngusir
sial). Upacara kang dilaksanakake saben lair pemimpin anyar iku kanthi tujuwan
amrih wargane (kawulane) bisa bebas saka maneka sukerta. Beda karo tradhisi
kang ana ing dhaerah liya, upacara ngusir sukerta ing laladan iki terkadhang
diramekake maneka atraksi kesenian khas dhaerah kasebut. Saliyane jaranan, wayang,
uga digelar paradhe reog kendhang.
Acara kang biyasane digelar ing bale
desa iku diestreni dening ewon warga desa. Padha dhesek-dhesekan kanthi tujuwan
padha, yaiku: nonton momentum mapag tekane pemimpin anyar kasebut. Sumebar
kepercayan, sapa wae sing nyengkuyung (ngestreni) acara kasebut bakal bebas
saka maneka sukerta. Acara sing wis ajeg dilaksanakake turun temurun iku
tansah oleh dhukungan saka masyarakat. Ora mung warga asil Pucanglaban wae
sing melu ngestreni acara iki. Para warga kang kabener “luru upa” ing dhaerah
iki uga melu ngestreni. Amarga padha percaya yen jajan sing saklebatan ora ana
ajine iku pranyata nduweni tuah. Lan, puncak saka tradhisi ngusir sukerta
utawa balak iku yaiku: sawise diujubake lan didongani, maneka jajan pasar lan
ubarampe liyane banjur didum-dumake marang sapa wae kang ngestreni upacara
kasebut.
Saklebatan,
ora ana sing aneh karo panganan sing didum-dumake marang warga. Panganan kang
sinebut jajan pasar iku dening masyarakat Pucanglaban asring digunakake
kanggo jajan oleh-oleh kanggo putrane yen dhong ibune blanja menyang pasar.
Miturut sejarahe lan dipercaya yen jajan pasar iki ora mung mligi kanggo
oleh-oleh putrane. Tumrap warga Pucanglaban, jajan pasar diyakini nduweni tuah
gaib. Salah sijine dipercaya kanggo ngusir sukerta utawa balak. Biyen,
jajan pasar minangka siji-sijine jajan kanggo suguhan wong duwe mantu utawa
nyunatake putrane, sadurunge muncul jajan roti gaweyan pabrik.
Jajan Kramat
Kejaba kanggo jajan oleh-oleh, jajan
pasar uga diyakini warga Pucanglaban nduweni tuah supranatural. Jajan iki kawitane
ora ana kanthi mangkono wae. Sadurunge muncul, jajan pasar wis ngalami maneka
proses sejarah kang dawa. Padha karo jajan liyane sing asring didoling
toko-toko panganan, kangelan anggone nyebut jenenge jajan iki nadyan sabenere
wis akrab ing sakitere warga. Kejaba jajan pasar, ing warung-warung ndesa
laladan Pucanglaban wis asring diprangguli ana kicak, cenil, gethuk, gathot,
utri, gablog, dhangglem, begedel, nagasari, pipis, iwel-iwel, randha royal,
lly. Saperangan gedhe jajan-jajan iku pancen angel digoleki ing kutha-kutha gedhe.
Bab jajan pasar dhewe, masyarakat
Pucanglaban asring nggunakake panganan iki minangka ubarampe kanggo merti
bayi, yaiku: sepasaran, pagutan, telonan, pitonan, setaunan, lan rong taunan.
Biyen, wong Jawa nduweni pakulinan yen arep nyabuki bayi mesthi ngundang sanak
kadang lan tangga teparone. Mula sorene, ibu-ibu wis padha teka, saperlu
lek-lekan sewengi natas. Mula wiwit sore wis padha ibut dhewe-dhewe. Ana sing
bungkusi iwel-iwel, nagasari, utawa pipis. Dene esuke, genti bapak-bapak sing
padha teka, saperlu genduren cabukan bayi.
Minangka panganan kang dikramatake,
jajan pasar pranyata ora mung digunakake kanggo ngusir sukerta. Jajan pasar
uga asring digunakake dening para wong tuwa Jawa jaman biyen kanggo ngusir
sial. Contone, yen ngimpi ngising biasane wong kang ngimpi kasebut bakal
nemoni sial, yen ora kelangan barang (dhuwit) ya kelangan (ditinggal seda)
kulawarga utawa sanak kadang. Mula kanggo ngusir sial kasebut, yen bengi ngimpi
ngising, esuke banjur dislameti jajan pasar.
Kejaba iku, jajan pasar uga biasa digunakake
kanggo ngeneng-ngeneng bayi sing rewel akibat pengaruh gaib sing seneng
ngganggu. Miturut katrangan Mbah Sabar (68), sesepuh Desa Pucanglaban,
sadurunge didol ana pasar panganan kasebut durung kinaran jajan pasar. Panganan
kasebut biyene mung digunakake kanggo syarat nggelar sesaji. Biyasane
dikanthenake ing maneka upacara kanggo tolak balak. Bahane ana kang digawe saka
glepung gaplek, glepung beras utawa tela diparut. Glepung gaplek digawe remes,
glepung beras digawe pipis utawa nagasari, lan tela diparut digawe opak tela.
Jinis panganan kasebut diyakini bisa nyerep energi elek lan makhluk alus.
Makhluk alus jarene bakal meneng lan wedi yen ing acara ritual dikantheni
panganan kasebut. “Jajan pasar pancen multifungsi. Kejaba minangka kanggo
oleh-oleh, jajan iku uga ampuh kanggo ngeden-ngedeni makhluk alus, kandhane
Mbah Sabar marang penulis.
Ing babad Panggung Alang-alang, miturut
katrangan Embah Sabar dikandhakake, jajan pasar ditegesake minangka salah
siji jajan kramat kang biyasa digunakake para wong tuwa jaman biyen kanggo
meden-medeni makhluk alus supaya ora wani teka menyang omah ngganggu warga
kampunge. Ing babad iku disebutake ana siji mantra sing biyasa diwacakake wektu
jajan pasar iki diwetokake kanggo digunakake minangka tumbal.
Wektu jaman jajan iki diwetokake,
masyarakat Panggung Alang-alang (saiki Pucanglaban) sing melu ngestreni katon
khusuk melu maca mantra iki uga. Miturut ujare kandha, tansaya akeh warga sing
maca mantra iki, mula makhluk alus bakal tansaya wedi. Para sesepuh uga katon
khusuk sinambi tutuke terus maca mantra warisan saka para leluhure iku.
Sawetara, jajan pasar terus diobah-obahake, keluk menyan terus nyebarake gandha
mistis. Warga sing melu ing upacara iki duwe pengarep-arep ing taun-taun
candhake, kampung lang wargane dibebasake saka maneka sukerta kang dening
pendhudhuk dipercaya yen sukerta asale saka ulah makhluk alus utawa pemimpin
sing watake kaya makhluk alus. “Dadi, kanggo ngusir sukerta carane ya nglarang
utawa ngguwang adoh makhluk alus amrih ora wani mlebu menyang desa iki saengga
pendhudhuk ora diganggu maneh”, kandhane Mbah Sabar.
Upacara ngusir sukerta kanthi jajan
pasar iki, diakoni warga Desa Pucanglaban efektif banget kanggo ngusir makhluk
alus. Warga percaya yen ora ngestreni tradhisi iki mula ing taun candhake
mesti pikantuk sukerta. Iku sebabe, warga antusias banget melu ing upacara
iki. Sawetara, para sesepuh kang maca mantra uga ora oleh sembarangan.
Sadurunge maca mantra, luwih dhisik kudu sesuci dhiri dhisik kanthi cara adus
lan wudhu. Lan, sasuwene maca mantra, para sesepuh iku uga ora oleh batal
wudhune nganti upacara rampung. Tradhisi iki, kandhane Mbah Sabar kudu terus
digelar saben ana pemimpin anyar teka, nadyaning kahanan apa wae. Sebab, padha
percaya yen ana pemimpin anyar teka yen ora nglaksanakake upacara ngusir
sukerta bisa cilaka. Amarga ana keweden yen ora nglaksanakake bakal dipimpin
dening pemimpin sing nduweni watak kaya makhluk alus iku, warga pungkasane
tansah nglaksanakake acara kasebut nadyan kanthi prabeya patungan. “Ibarate
wong mertamba. Sepisan ora mertamba yen mengko nganti nemen ora bakal kena
ditambani. Desa iki bakal ketiban sukerta suwene pitung turunan”, kandhane Mbah
Sabar.
Warisan Santri
Majapahit
Diakoni Mbah Sabar, tradhisi ngusir
sukerta kanthi jajan pasar iku wis ana wiwit jaman kawuri. Tradhisi iku digawa
dening salah sawijining santri saka Majapahit, asmane Aryo Bangah. Aryo Bangah
asline saka Pajajaran (tanah Pasundan). Sadurunge budhal menyang Majapahit
dheweke wis di-Islamake karo Haji Tang. Tekane ing Majapahit saperlu nggoleki
sedulure tunggal bapa seje biyung (Raden Wijaya). Pungkasane dening Raden
Wijaya, Aryo Bangah diangkat dadi patih ing Dhoho. Krana dheweke wis ngrasuk
agama Islam, banjur dadi cikal bakal kang nglairake santri-santri Majapahit.
Mula tekane ing Majapahit wektu iku saliyane nggoleki sedulure uga kanthi
tujuwan nyebarake agama Islam. Wektu iki, ing tlatah Majapahit kalebu
Bonorowo (saiki Tulungagung), wargane isih ngrasuk agama Hindu. Nanging,
kanthi perjuangane kang temenan, Aryo Bangah pungkasane kasil ngajak
saperangan pendhudhuk mlebu Islam. Lan pungkasane, keturunan-keturunan Aryo
Bangah kasil ngedegake Pondhok Pesantren Tegalsari.
Aryo Bangah ora gelem ngilangi tradhisi
sing wis ana sadurunge ing Bonorowo. Dheweke malah ngolaborasi karo tradhisi
ala Islam. Kalebu karo jajan pasar kang dening masyarakat pribumi wektu iku
dikramatake banget minangka jajan kang nduweni tuah lan asring dipuja lan
disembah. Wedi dumadi pengkultusan marang jajan kang digawe saka glepung
gaplek lan glepung beras, dening Aryo Bangah banjur dimodifikasi dadi panganan
kang luwih nduweni manfaat, yaiku minangka jajan kanggo ngeneng-ngeneng bocah.
Sawetara lafadz dzikir uga disisipake ing antarane mantra-mantra basa Jawa.
Kanthi karomah kang diduweni, jajan
(panganan) kang digawe saka glepung beras lan glepung gaplek kasebut
pungkasane sanggup ngusir sukerta (makhluk alus) kang wektu iku asring
ngreridhu masyarakat Bonorowo mligine ing laladan Panggung Alang-alang.
Pendhudhuk uga percaya kang sabanjure ngramatake jajan pasar (istilah saiki)
nanging ing wujud kang luwih beda. Tegese, ora ana pengkultusan mligi. “Jajan
kang digawe saka glepung beras lan glepung gaplek sabanjure mung mung didol
ana ing pasar. Mung wae, jajan pasar uga nduweni kekuatan khusus kanggo ngusir
sukerta yen dibarengi karo niat lan mantra kang wis dicampur karo lafadz
dzikir”, kandhane Mbah Sabar.