1.
Tembug
Aran
Tembung aran utawa kata benda (nomina) yaiku tembung
kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang dianggep barang. Tembung
aran akeh-akehe bisa sumambung karo tembung dudu utawa tembung ana
lan ora bisa sumambung karo tembung ora.
Tuladha = Watu : dudu watu
: ana watu
: ora watu
2.
Tembung
Kriya
Tembung kriya utawa kata kerja (verba) yaiku tembung kang
mratelakake solah bawa utawa tandang gawe. Tembung kriya lumprah bisa
sumambungan karo tembung ora utawa tembung anggone.
Tuladha = lunga : ora lunga
: anggone
lunga
3.
Tembung
Sifat
Tembung sifat utawa kata sifat (adjektiva) yaiku tembung
kang bisa mratelakake kaanan utawa sawijining barang utawa bab. Tembung sifat
bisa sumambungan karo tembung luwih,
rada, paling, uga bisa sumambungan karo tembung banget.
Tuladha = ayu :
luwih ayu
: rada ayu
: ayu banget
4.
Tembung
Katrangan
Tembung katrangan utawa kata
keterangan (adverbia) yaiku tembung kang aweh keterangan marang tembung
liya. Tembung katrangan bisa nerangake tembung aran, sifat, kriya, wilangan,
lan bisa uga nerangake tembung katrangan. Sing kalebu tembung katrangan
upamane: rada, arep, durung, banget,
mesthi, tenan, mau, paling, bisa uga, uwis, tansah, lsp.
5.
Tembung
Sesulih
Tembung sesulih utawa kata
ganti (pronomina) yaiku tembung kang digunakake minangka sesulih
uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep barang. Ana enem tembung sesulih
yaiku:
a) Sesulih
purusa utawa kata ganti orang (pronomina)
b) Sesulih
pandarbe utawa gata ganti empunya (pronomina posesif)
c) Sesulih
panuduh utawa kata ganti penunjuk (pronomina demonstratif)
d) Sesulih
pitakon utawa kata ganti penanya (pronomina interogatif)
e) Sesulih
panyilah utawa kata ganti penghubung (pronomina relatif)
f) Sesulih
sadengah utawa kata ganti tak tentu (pronomina indeterminatif)
6.
Tembung
Wilangan
Tembung wilangan utawa kata
bilangan (numeralia) yaiku tembung kang mratelakake gunggunge barang.
Tembung wilangan iki bisa kanggo ngetung gunggunge uwong, barang, kewan lan
sawijining bab. Tembung wilangan diperang dadi telu:
a) Wilangan
babon,
b) Wilangan
susun, lan
c) Wilangan
peoahan.
7.
Tembung
Panggandheng Utawa Kata Sambung (konjungsi)
Yaiku tembung kang gunane kanggo
nggandhengake ukara siji lan ukara liyane supaya ukara dadi tambah dawa.
Tembung panggandheng uga kena kanggo nggandheng tembung siji lan tembung
liyane. Kang kalebu tembung panggandheng
kayata: sawise, nalika, jalaran sebab,
amrih, supaya, nanging, mula, nganti, lsp.
8.
Tembung
Ancer-ancer
Tembung ancer-ancer utawa kata
depan (preposisi) yaiku kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa
ngancer-anceri tembung aran. Tembung ancer-ancer iku tansah mapan ana ing
ngarep tembung aran utawa tembung sifat. Kang kalebu tembung ancer-ancer
kayata: ing, menyang, saka, kanggo,
marang, dening, wiwit, amrih kaya, kagem, dhateng, supados, lsp
9.
Tembung
Panyilah
Tembung panyilah utawa kata
sandang (artikula) yaiku
tembung kang dienggo nyilihake patrap, barang, utawa sawijining bab. Biasane
tembung aran sumambung karo tembung aran. Tembung panyilah tansah dumunung ana
ing ngarepe tembung kang disilahi. Sing kalebu tembung panyilah: si, sang, sri, ingkang, kang, sing, lan
para.
10. Tembung Panyeru
Tembung panyeru utawa kata
seru (interjeksi) yaiku tembung kang nggambarake wedhare rasa seneng,
rasa kaget, rasa kuciwa, rasa kagelan, rasa susah, lan rasa gumun. Tembung panyeru ana uga kang ngarani
tembung lok. Tembung iki tansah ndhisiki ukara lan bisa madeg dhewe. Kang
kalebu tembung panyeru: adhuh, ah, he,
lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, hus, huh, hi, hore, iyung, lsp.