Bonokeling yaiku tiyang ingkang
nyebaraken agama Islam ingkang taksih ngabungaken agama Islam kaliyan unsur
kejawen ingkang wonten ing Desa Pekuncen, Kecamatan Jatilawang, Banyumas. Bonokeling yaiku salah satunggaling
penyebar agama Islam ingkang diutus dening Sultan Demak kanggo nyiaraken agama
Islam ing Banyumas wonten ing abad 15. Bonokeling saged nyiaraken agama Islam
ing kathah panggonan ingkang dipanggoni, kaya dene ing Kecamatan Jatilawang
(Desa Pekuncen), Karanglewas, Wangon, Rawalo lan Cilacap. Amarga anggenipun manggon
ing panggonan menika mboten dangu, mula mboten kathah peninggalan ingkang saged
diteliti. Ngantos dumugi seda Bonokeling manggon ing Desa Pekuncen. Mula ing
Desa Pekuncen wonten makam Bonokeling. Dhateng masyarakat sekitar lan
keturunanipun, Bonokeling nyiaraken akidah lan syariat Islam. Salah satunggaling
ajaran ingkang diajarken dening Bonokeling yaiku menawi tiyang Islam kedah
puasa ing wulan puasa amargi wulan puasa nggadahi keistimewaan lan kedah
dimuliakaken. Mula menawi badhe wulan puasa, Bonokeling ngempalaken sedaya
keturunanipun kangge nyambut wulan puasa kanthi donga lan dzikir marang Allah
SWT. Tata cara nyambut wulan puasa ingkang katindakake Bonokeling lan
keturunanipun menika diterusaken dening keturunane ngantos saiki.
Situs Bonokeling kasusun saking
salah satunggaling makam tuwa lan ugi bangunan-bangunan tuwa tradisional. Makam
tuwa menika yaiku makamipun Bonokeling. Bangunan-bangunan tuwa menika taksih
dipanggoni dening komunitas pengikut Bonokeling menika. Makam lan situs
Bonokeling menika sampun wonten awit penyebaran Islam ing Banyumas. Ingkang
saged dipuntingali saking tata upacara tradisional ingkang taksih ngagem
donga-donga Islam.
Ing kompleks menika dibangun
bangunan-bangunan tradisional klasik. Wonten omah dinas kangge pemimpin
komunitas ingkang dipunwastani bedogol. Omah-omah ing mriku dipunwastani Balai
Badung. Lan papan kangge pertemuan dipunwastani Balai Malang. Wonten ugi bangunan kangge panggonan memuji
ingkang dipunwastani Pasemuan. Wonten 6 bangunan omah joglo. 1 omah kangge juru
kunci lan 5 omah kangge bedogol. Bedogol yaiku pembantu juru kunci (pemimpin
komunitas Bonokeling).
Prosesi ritual
Unggah-unggahan
Penganut Bonokeling menika taksih
nindakake ritual unggah-unggahan. Ritual Unggah-unggahan katindakake kanthi cara
sowan marang makam ing wulan Ruwah kangge paring donga dhumateng leluhur
kaliyan mbekta sesaji. Ritual unggah-unggahan dipunkatindakake saben
pungkasaning dinten Jumat ing wulan Ruwah kangge nyambut wulan puasa. Ing ritual unggah-unggahan, para
penganut Bonokeling kedah ngagem klambi adat jawa. Kangge tiyang estri ngagem
kemben kaliyan selendang putih menawi tiyang kakung kedah ngagem kain utawa
sarung. Ingkang kedah dipuntindakaken yaiku menawi badhe tumut ritual
unggah-unggahan menika kedah wudhu rumiyin.
Ingkang nindakake ritual
unggah-unggahan menika mboten namung pengikut Bonokeling ingkang wonten ing
Desa Pekuncen kemawon, nanging ugi katindakake dening tiyang ingkang saking
panggonan sanes. Kaya dene tiyang ingkang saking Kecamatan Wangon, Kecamatan
Rawalo lan ugi saking Kabupaten Cilacap. Sedaya tiyang ingkang badhe tindhak
dhateng Pekuncen ingkang badhe tumut nindakake ritual unggah-unggahan menika
kedah mlampah mboten ngagem sandal (alas kaki) kaliyan mbekta sedaya uba rampe.
Anggenipun mlampah kedah teratur, sejajar lan kedah nindakake tapa bisu (tidak
boleh bicara selama perjalanan). Prosesi menika dados ingkang utama wonten ing
pensucian diri. Prosesi menika kangge pensucian diri. Tiyang kakung mlampah
tumuju panggonan ritual menika kanthi mbekta hasil ternak lan hasil bumi menawi
tiyang estri mbekta bakul isi beras, pangganan lan jajanan pasar. Sedaya uba
rampe ingkang dipunbekta menika badhe dipunginakaken kangge bahan ingkang badhe
dimasak wonten ing Pekuncen.
Saksampunipun dumugi wonten ing
Pekuncen, sedaya ubarampe ingkang dipun bekto lajeng dipun paringaken dateng
tiyang ingkang asli Pekuncen. Sasampunipun adicara menika tiyang ingkang
asalipun saking luar wilayah menika banjur tumuju marang Balai Agung kanggo
istirahat. Menawi sedaya sampun istirahat
lajeng sedaya nindakake adicara “Nedu”.
Nedu menika dzikir kangge muji dumateng gusti Allah. Anggenipun
nindhakaken adicara menika wonten ing bala pasemuan tabuh 02:00 dumugi 05:00 enjing. Sasampunipun
adicara dzikir lajeng sedaya tiyang asli Pekuncen padha masak sareng-sareng,
tiyang estri masak sekaul kaliyan lawuh lan tiyang jales masak becek (gule
wedus). Sedaya panganan menika dipun damel kangge kenduren (slametan).
Nalika sedaya tiyang asli Pekuncen
saweg masak, tiyang ingkang saking luar wilayah nindhakaken prosesi
unggah-unggahan. Sedaya tiyang mlebet dateng makam bonokeling
satunggal-satunggal, sasampununipun mlebet gerbang kapisan sedaya lajeng antri
wudlu. Menawi sampun suci sedaya saged nindakaken ziarah wonten makan bonokeling,
nalika ziarah wonten ugi tiyang ingkang mbakar menyan kaliyan nyekar. Sasampunipun ziarah lajeng
katindhakake adicara kenduren (slametan), adicara menika dipun pimpin dening
juru kunci. Kenduran menika adicara pungkasan ing adicara unggah-unggahan.
Analisis
Telaah Pranata Masyarakat Jawa
Saking
deskripsi ritual unggah-unggahan ing makam Bonokeling desa Pekuncen kecamatan
Jatilawang Kabupaten Banyumas menika wonten tiga pranata ingkang saged
dipunanalisis inggih menika pranata agama, pranata kaluwarga lan pranata
sosial.
Telaah Pranata
Agama
Saking ritual unggah-unggahan
ingkang wonten ing Desa Pekuncen, Jatilawang Kabupaten Banyumas menika wonten
pranata agama. Pranata agama menika saged katinggal menawi dipuntinggali saking
sudut pandang agama Islam. Amargi ritual unggah-unggahan menika wujud syukur
dhumateng gusti Allah saking sedaya karunia ingkang sampun dipunparingaken
dhumateng sedaya pengikut lan keturunan Bonokeling lan ugi masyarakat sekitar,
saengga sedaya kala wau nglakoni lan nindakake perintah Allah kanthi becik,
utamanipun ing wulan puasa (ramadhan) ingkang disambut kaliyan ritual
unggah-unggahan menika.
Ing ritual unggah-unggahan wonten
pranata agama amargi ajaran-ajaran ingkang wonten ing ritual unggah-unggahan
menika miturut kaliyan agama Islam. Ajaran-ajaran menika adhidasar marang
ajaran-ajaran ingkang wonten ing agama Islam. Saking prosesi ingkang wonten ing
ritual unggah-unggahan menika saged katinggal pranata agamanipun. Kaya dene ing
prosesi mlampah sareng-sareng tumuju Desa Pekuncen ingkang katindakake dening
tiyang luar wilayah Pekuncen menika. Ing prosesi mlampah sareng-sareng menika
katindakake kanthi cara mlampah sareng-sareng mboten ngagem sandal lan mboten
angsal matur (tapa bisu). Prosesi menika gadhahi ancas kangge pensucian diri
saderenge mlebet wonten ing wulan puasa. Saking prosesi mlampah sareng-sareng
menika saged katingal menawi wonten pranata agamanipun. Amargi prosesi mlampah
sareng-sareng menika gadhahi ancas kangge pensucian diri saderenge mlebet wulan
puasa. Menika saged nedahaken menawi ritual unggah-unggahan menika taksih taat
dhateng ajaran agama Islam ingkang dipun sebaraken dening Bonokeling.
Wonten ugi pranata agama ingkang
saged katingal saking prosesi Nedu. Prosesi Nedu menika dzikir kangge muji
dumateng gusti Allah. Saking prosesi menika saged katingal bilih ritual
unggah-unggahan menika taksih taat nindakake menapa ingkang wonten ing ajaran
agama Islam. Mboten nilar ajaran agama Islam. Amargi prosesi Nedu menika
gadhahi ancas kangge matur raos syukur dhumateng gusti Allah.
Pranata agama ugi saged katingal
saking aturan ingkang wonten ing ritual unggah-unggahan menika. Wonten aturan
menawi badhe ziarah dhateng makam Bonokeling menika kedah wudlu. Amargi ingkang
katindakake ing prosesi ziarah makam menika paring donga dhateng leluhur. Mula
kedah suci rumiyin saderenge mlebet wonten ing makam Bonokeling. Iki trep
kaliyan ajaran ingkang wonten ing agama Islam. Menawi wonten ing agama Islam
kita sedaya dipunajari supados remen paring dedonga dhumateng tiyang ingakang
sampun seda. Pranata agama ugi saged dipuntingali saking adicara
kenduren (slametan) ingkang wonten ing ritual unggah-unggahan menika. Ing
adicara kenduren menika wonten uba rampenipun. Kaya dene wonten tumpeng,
masakan becek (gulai wedhus), olahan saking ayam lan wonten sesajinipun
(kembang lan minyak wangi). Adicara kenduren katindakake kanthi cara donga
sareng-sareng ingkang dipunpimpin dening juru kunci. Ingkang sedaya kala wau nedahaken raos syukur
dhumateng gusti Allah. Wonten ugi tumpeng ingkang nggadahi teges kangge
ungkapan syukur dhumateng gusti Allah. Mekataen saged nedahaken bilih ing
adicara kenduren wonten pranata agamanipun.
Telaah Pranata
Keluwarga
Saking deskripsi ritual
unggah-unggahan desa Pekuncen kecamatan Jatilawang Kabupaten Banyumas menika
wonten telaah pranata kaluwarga. Telaah pranata keluwarga menika saged
katingali saking ritual-ritual ingkang taksih ngutamakake tradisi turun temurun
kaya dene cara nentuake sinten ingkang dados juru kunci wonten ing situs
bonokeling menika.. Ingkang saged dados juru kunci menika tiyang ingkang teksih
wonten sambungan kaliyan katurunan Bonokeling. Dados boten sedaya pengikut
Bonokeling saged dados juru kunci. Saliyanipun juru kunci, cara nentukake
bedogol uga teksih ningali saking asal usul katurunan kaluwarga menika.
Pranata ritual unggah-unggahan
ingkang turun temurun menika boten namung kangge tiyang asli desa Pekuncen
nanging uga berlaku kangge tiyang ingkang krami kaliyan warga desa Pekuncen.
Saking tradisi turun temurun menika dadosake sedaya tiyang nem purun nindhakake
tradisi-tradisi menika kanthi remen (tanpa dipun paksa). Kaya dene menawi
katurunan kaluwarga menika saking mbiyen sampun percaya kaliyan pakumpulan
Bonokeling mula putra-putra piyambake kedah nglakokake ritual unggah-unggahan
menika. Menawi wonten anggota kaluwarga ingkang boten purun nglakokake ritual
menika, tiyang menika lajeng dipun kucilkan saking komunitas menika.
Telaah Pranata
Sosial
Tradhisi Unggah-unggahan wonten ing
makam Bonokeling, Desa Pekuncen, Kecamatan Jatilawang, Kabupaten Banyumas, dipun
tingali saking sudut pandang sosial kalebu pranata sosial amargi nalika
Bonokeling nyebarake ajaranipun mboten namung marang keluwarganipun lan
keturunanipun nanging ugi marang masyarakat sekitar desa Pekuncen. Lajeng ingkang
nindakake ritual unggah-unggahan menika mboten namung pengikut Bonokeling
ingkang wonten ing Desa Pekuncen kemawon, nanging ugi katindakake dening tiyang
ingkang saka ing Kecamatan Wangon, Kecamatan Rawalo lan ugi saka ing Kabupaten
Cilacap ingkang sowan marang desa Pekuncen, menika mertandhakake menawi
masyarakat asli Pekuncen ugi berinteraksi kaliyan masyarakat desa sanesipun
ingkang sami-sami percaya kaliyan ajaran Bonokeling.
Kathah para warga bebrayan padha
nyengkuyung tradhisi Unggah-unggahan, menika saged dipuntingali dening
sasampunipun adicara dzikir inggih menika dipunlajengaken sedaya tiyang asli
Pekuncen padha masak sareng-sareng, tiyang estri masak sekul kaliyan lawuh lan
tiyang jaler masak becek (gule wedus). Sedaya panganan menika dipun damel
kangge kenduren (slametan). Wonten mrika kathah para warga saged bebarengan lan
gawe kerukunan. Mula wonten unen-unen tiyang Jawa inggih menika rukun agawe
santosa crah agawe bubrah yaiku yen padha rukun mesthi bakal santosan nanging
yen congkrah mesthi bakal rusak.
0 komentar:
Posting Komentar