Cahyaning surya saka wetan wis katon cumlorot. Esuk-esuk Bratasena sang
panenggaking Pandawa wis nglambranging awang-awange. Katon ora jenak ing ati.Sajak
sedeh banget. Arep nangis, ya ora mungkin. Wong lanang kok nangis. Yen
dipendhem dhewe, saya lara. Arep sambat, karo sapa? Ora sambat, la kok ora
kuwat? Atine keranta-ranta yen kelingan Prabu Pandu lan Madrim wong tuwane, kepeksa
njegur Kawah Candradimuka.Tumindak sing mangkono kuwi
amung gara-gara nyilih Lembu Andhini, titihane Bathara Guru. Maloka-mlaku ngalor ngidul ora cetha. Kadang
nyekethem sirahe. Sawetara mandheg lakune sambi dipikir. Gedhag gedheg
ngrasakake urip kang banget ora adil. Tindak tanduke
sawijining Kadang Bayu iki diematake dening Begawan Drona, gurune.Kaya-kaya
kepengin weruh wae kang dirasakake dening muride kang kinasih kuwi. Nek jaman
saiki jenenge ya kepo.
“Ngger, Bratasena? Ana kahanan apa kowe kok beda temen?”
“Bapa Guru, manut ceritane, Prabu Pandu kuwi wong sekti, tau dadi
jagoning dewa, geneya, mati wae kok nyemplung kawah Candradimuka? Yen ta
mangkono, urip kuwi ora adil. Ora ana gunane aku urip yen bakale mangkono wae.”
“Eee.. aja mupus, Ngger. Yen pancen kowe ora gelem kaya mangkono, kowe
amung prelu nyembadani sarate.”
“Apa kui sarate Bapa Guru?”
“Kowe kudu goleki Kayu Gung Susuhing Angin ing Gunung Candramuka.” Ora bingung anggone nrima wedharan. Iya ora
takon kuwi tegese apa. Njujak langsung tumuju ing Gunung Candramuka.
Sengkuni sing wiwit mau setyangrungokake pacelathone Bratasena lan
Drona lagi nandang bingung. Sengkuni rumangsa reti yen Drona kuwi kadhawuh
dening Prabu Duryodana kanggo nglorotake Bima, la niki kok malah kosok balene?
Bingung sansaya bingung. Daripada tambah bingung prayogane ya ditakoki langsung
wae.
“Kakang, sampeyan menika rak dipundhawuhi Prabu Duryodana kangge
nglorotake Bratasena? Hla iki kok? Jajal, endi buktine?”
“Hlo, hla nek sampeyan ngertos, wau rak sampun kula lorotaken? Dakkon
golek Kayu Gung Susuhing Angin. Mangka niku boten genah wujude apa, tegese apa.
Tur maneh panggonane kuwi gawat klawan angker.” Bathuke mengkeret, celilang-celileng matane kedhep-kedhep. Raine ngowoh
karo mikir. Ora percaya marang kakange, Dorona, banjur ngetutake lakune
Bratasena. Arep dibukteake.
Mikir-mikir yen ngetutake dhewekan bakal dadi bebayan agung. Bisa-bisa
mati saiki-saiki. La wong awak cilik, mangan ya mung sithik, ketendhang pisan
langsung mletik. Mangka nalika arep nglacak lakune Bratasena, Sengkuni golek
bala, nuli ndhawuhi Dursasana kareben nglumpukake Bala Kurawa. Wis tekan Candramuka, Bratasena kepethuk
raseksa cacahe loro.Jenenge Rukmuka lanRukmakala.Raseksa mau tanpa omong tanpa
apa langsung nyaut awake Bratasena, dicakot gegere, pundhake, gulune. Banjur
diuncalake awake Bratasena. Kaya-kaya entheng banget. Bratasena ora nrima.
Dicandhak gulune raseksa mau, bali diuncalake nganti kapental adoh.
Perang durung rampung. Raseksa loro kuwi durung mati. Bratasena malah
anteng meneng. Ora males cokotan uga kamplengane raseksa kuwi. Dumadakan raseksa loro kuwi
alih wujud dadi Bathara Bayu lan Bathara Indra. Bratasena ora kaget sanajan
mung sathithik. Dewa mau ngaturake maturnuwun sanget marang Bratasena amarga
sampun mbebasake saka sumpahing Bathara Guru. Minangka tandha panarima, dheweke
diwenehi Mustika Manik Candrama awujud sesupe sing dayane bisa ngambah
telenging samudra.Sawise dienggo dening Bratasena, cemlorot kaya lintang wanci
bengi cahyane saka drijine Bratasena. Saya nambah kakuwatane Bratasena.
“Indra kakekku, yen mengkono, aku arep takon bab apa iku kayu gung
susuhing angin kang wis kadhawuhake goleki dening guruku, Drona?”
“Bratasena, yen kowe pengin weruh, Kayu kuwi tegese karep, Gung kuwi
tegese gedhe, lan Susuhing Angin kuwi tegese telenging napas. Mengkono kuwi
artine, kekarepan sing gedhe bisa kasembadan, nanging kudu sinatan aringing
napas, weninging cipta, meneping panca ndriya, sumelehing rasa. Nanging
sanadyan mangkono mau apa sira wis ngrasa marem?”
Bingung rada bingung. Durung marem olehe entuk wangsulan mangkono,
Bratasena banjur dikon bali nemoni Drona maneh kanggo njaluk wedharan, amarga
medharake bab mau dudu kwajibane Bathara Guru lan Bathara Indra. Ing Hastina, Sajak Juragan, Drona lungguh
sinambi nyingkrangake sikile. Ngadem saka panasing surya kang wis meh kaya
neraka wae. Saka kadohan ana lakune wong sing gagah, tur awake gedhe dadi katon
jelas yen kuwi Bratasena. Tekan Hastina banjur
cerita kadadeyan mau. Nuli takon maneh bab ilmu kasampuranan. Drona ndhawuhi
golek Tirta pawitra ing Samudra Minangkalbu. Ora sempet mangan ngombe, Bratasena pamit maneh ganti tumuju Samudra
Minangkalbu sing luwih bebaya tinimbang Gunug Candramuka.Sadurunge lunga
menyang samudra, luwih dhisik Bratasena nemoni biyunge, Dewi Kunthi. Gambarane
anak kang bekti marang wong tuwane. Pangestu saka wong tuwa kuwi luwih-luwih
saka dedonga lan panjalukan kanthi ngibadah sregep. Kekarepane biyunge,
ngalang-alangi Bratasena sing arep manjing telenging samudra.
Bratasena nggeblas lunga menyang papane Tirta Pawitra. Prabu Kunthi
meneng bae. Mbrebes mili anggone delok lungane putra kang kinasih. Saka mburi
geger kang meger-meger katon sansaya adoh lakune. Luhe Prabu Kunthi dleweran. Barang
wis kebacut, banjur kudu kepriye? Ya pancen amung bisa dedonga. Muga-muga
pinaringan kawilujengan. Bisa gayuh pangarepane. Bratasena wis mangkat. Anoman, weruh lakune adhine satunggal Bayu.
Banjur ndhawuhi para kadang Bayu, yaiku Maenaka, Jajag Wreka, lan Gajah Setubanda
kanggo mambengi lakune Bratasena. Saking kuwate Bratasena, saking dhuwure
pangarepane, Anoman lan Kadang Bayu ora bisa nandingi. Papat lawan siji. Meksaa
kalah.
Lakune Bratasena wis tekan pinggiring Samudra. Panggonan kang ambane
kaya apa amung isine banyu. Ombak kang gulung-gulung dhuwure meh sagunung,
katambah angin sing ngamuk. Ngepasi wanci iku mendhung peteng. Cahyane samudra
ora katon babar pisan. Kilat cumlorot nggebyar agawe padhang sanalika. Sinusul
swara bledhek jumedher nambahi mirising ati. Kahanan mangkono wis kaya ameh ana
bencana kang gedhe wae.
Dumadakan byuurr swarane
banyu samudra nalika dijeguri Bratasena. Awake katerak ombak. Montang-manting
ngalor ngidul ngetan ngulon. Nanging selamete,dheweke duwe sesupe Mustika Manik
Candrama, samudra sanalika dadi anteng banyune.
Sajroning Samudra, Bratasena ketemu ula sing gedhene sakbongkote wit
tal. Langsung nyaut awake Bratasena. Ula mau arane Nagaraja. Dheweke nyakoti
Bratasena. Nuli diuncalna sakadoh-adohe. Kanggo males Nagaraja awake ula mau
ketaman kuku Pancanaka, nuli ilang saka pandeleng.Sawise ilang ana kahanan sing
agawe Bratasena kaget. Dheweke ketemu karo bocah cilik sing rupane memper
banget karo dheweke. Yaiku Dewa Ruci.
“Ana perlu apa kowe mrene, Bratasena?”
“Kula madosi Tirta Pawitra.”
“Tirta Pawitra anane ning atimu. Atimu sing suci ora kagodha marang
hawa nepsu. Dene wujude yaiku aku. Sejatine yaiku jati dirimu.
“Liripun kados pundi?”
“Bratasena, nalika kowe manjing samudra, katerak ombak, kaserang ula,
wondene kowe selamet. Kuwi amarga kowe bisa ngendaleni hawa nepsumu. Apa kowe
ora ngrasa?”
Bratasena ora bisa celathu sakecap. Langsung sanalika tunduk. Bratasena
njaluk wedharan bab margine kasampurnan lan kabahgyane wong urip. Bratasena
banjur dikon manjing ana ing Gua Garbane Dewa Ruci. Sayekti Bratasena wis dadi
manungsa suci lahir lan batin. Bratasena ayem lan tentrem atine. Kepengin
manggon kono selawase nanging ora oleh. Kuwi mau kayata icip-icip. Mengko yen
wis tiba wancine, bakal pikantuk kantentreman sing luwih lan langgeng.
Bratasena nuli dikon metu saka awake Dewa Ruci. Sanalika, lair Bratasena kang suci. Ketemu jati dirining sejati. Sembah
sinembah Ngarsaning Gusti. Bratasena, iya Werkodara lair dadi Bimasuci.
0 komentar:
Posting Komentar