Kacariyos
lakon asmara Rama lan Shinta. Bocah loro sarwa edipeni. Wis katon pantes banget
nalika sawayah-wayah mrono-mrene tan nora ninggal satunggaling. Kaya mimi lan
mintuna, kaya lintang lan wengi, kaya dhalang lan wayang, ingkang ora bisa
kapisah. Dene tresnane Rama marang Shinta sansaya tambah amarga Shinta kuwi
bocah wadon sing ayune ora kinaruan. Alise katon nanggal sepisan. Netrane
tansah ndamar kanginan. Idepe tumenga ing tawang. Irunge kencana pinantar.
Pipine nduren sajuring,mula yen mesem pipine dekik manis banget. Untune miji
timun. Pundhake nraju mas. Rambute ngembang bakung. Slirane sedhet singset.
Lambeane mblarak sempal. Bangkekane nawon kemit. Bokonge manjang ngilang.
Dhadhane nyengkir gading. Dene eseme madu wae kalah. Sansaya suwe disawang
sansaya pantes, sansaya ayu ora nggawe bosen.
Rama
ya semono uga, ganthenge wong sadesa dadi siji. Brengose nglaler menclok.
Godhege simbar rumembun. Gulune ngolan-olan, mula salakune dadi pantes.
Pakulitane ngulit langsep. Pawakane gagah pideksa. Polatane ruruh jatmika.
Solahe merak ati, mula akeh bocah wadon sing kepincut. Swarane ngombak banyu
lan ulate sumeh. Yen lumaku wong leloro dadi katon endah banget. Sing lanang gagah tur bagus. Sing wadon ayu nanging ora
kemayu. Gawe seneng wong sing nyawang.
Ing
sawijining dina Rama, Shinta, lan Lesmana ana ing wana. Lagi bubar nglampahi
paukuman suwene limolas taun. Lesmana menika rayininipun Rama. Dene wana kuwi
anggege tirta sah saking wasana. Nalika wong telu kuwi ngaso ana wana, banjur
dumadakan ana kidang elok banget. Sungune dawa tur rupa wulune kuwi rada emas.
Kidang kuwi playon ana sangarepe wong telu kuwi. Shinta kepincut atine, karepe
pengin nduweni kidang kuwi. Banjur nyuwun marang garwane supaya ngentukake
kidang kuwi kanggo dheweke. Amarga tresnane Rama sing banget gedhene, dheweke
ora bisa nolak panjalukke Shinta. Ananging sadurunge Rama lunga arep nyekel
kidang kuwi, dheweke aweh pesen marang Lesmana. “ Rayi aku titip mbakyumu
Shinta, aja nganti kok tinggal dhewe ana wana kene. “ Banjur lesmana semaur “inggih kangmas dak
eling-eling wekasanmu. Ora bakal aku ninggal mbakyu shinta ana wana kene
dhewe.”
Banjur
Rama mangkat golek kidang kencana kuwi kanggo Shinta. Kidang kuwi mlayu nganti
tekan jeroning alas. Sansaya jero sansaya peteng, amarga cahyaning surya ora
bisa nembus tengah wana kuwi. Peteng remeng-remeng sing katon mung ayang-ayang
kidang kencana kuwi. Amarga pegel atine, sanalika Rama langsung ngunus lan
ngeculake panahe. Banjur pas kena awakke kidang kencana kuwi. Kidang kencana ambruk
ana lemah, ananing dumadakan ilang barengan karo swara raseksa Kala Marica.
Yakuwi buta saka Alengka. Kongkonane Rahwana. Swara kuwi hangemba-emba kaya
swarane Rama jaluk tulung menyang Lesmana yen Rama ketekan cilaka.
Shinta
lan lesmana sing hanganti-anti tekaning Rama uga krungu swara kuwi. Rama krasa
ora kepenak atine, kelingan marang Shinta. Sanalika Rama langsung bali arep
mesthekake kahanane Shinta. Shinta sing krungu swara mau langsung trataban
atine kuater marang kahanane Rama. Lesmana sing wis ngerti babagan kekuatane
kangmase ora nduwe rasa kuater. Amarga dheweke ngerti yen kangmase sekti mandraguna.
Shinta nyuwun karo Lesmana supaya nyusul lan mesthekake priye kahanane
kangmase. Lesmana ora gelem, amarga wis janji menyang kangmase yenora bakal
ninggal Shinta dhewe ana wana kana.
Lesmana
wis ngemutake dening Shinta yen swara kuwi dudu swarane Rama. Ananging saking gedhe rasa tresnane Shinta lan dheweke
kuater ana apa-apa menyang Rama. Ora dinyana-nyana, Shinta kebacut ngendika ora
kepenak marang Lesmana. Ngene ngendikane
Shinta “saiki
aku ngerti, pie sejatine awakmu. Kowe ora gelem nyusul kangmasmu amarga
meneng-meneng kowe kepengin nduweni aku. Yen kangmasmu kena apa-apa...” durung
tutuk anggone ngendika wis diselani Lesmana. “aku wani sumpah yen aku ora
nduweni pikiran kaya ngono kui mbakyu. Mung sethithik wae aku ora nduwe. Aja
kok arani awakku sakepenakmu”.
Amarga
loro ati karo omongane Shinta, Lesmana nyanggupi panjalukke Shinta. Ananging
ana wana kana, Shinta digawekake garis bunderan lan ora oleh metu saka garis
kuwi. Lesmana gawe kaya ngono kuwi supaya ora ana sing isa nyalahi Shinta
menawa dheweke ninggal Shinta ana wana kana dhewekan. Kanggo netepi janjine
marang kangmase. Lan ora ana sing isa mlebu kana, sapa wae kuwi. Shinta ora
oleh metu saka kana nganti Lesmana lan Rama bali menyang panggon kuwi maneh.
Bubar
anggone gawe garis bunderan Lesmana
langsung lunga nyusul kangmase. Rama atine wis ora karu-karuan. Mikir kahanane
Shinta saiki kepriye. San saya ora karuan nalika dheweke kepethuk karo adhine
ana tengah wana. Banjur arep takon menyang adhine, ananging sadurunge takon
adhine wis cerita dhisik alasane ninggal Shinta dhewe ana wana kana. Bubare
Lesmana crita anggone ninggal Shinta, Rama ngerti yen kedadeyan kuwi
reka-rekane Rahwana. Raseksa bengis sing tresna lan kepengin nduweni Shinta.
Kesusu anggone mlaku nganti kesandhung-sandhung samubarang apa sing ana lemah,
Rama kuater yen Shinta dicolong Rahwana.
Ana
wana kuwi Shinta gumun, amarga ing wana kaya ngono lha kok ana simbah-simbah
golek kayu. Banjur simbah kuwi nyuwun toya amarga ngelak anggone golek kayu
lali ora sangu banyu. Ananging kuwi namung akal-akalane Rahwana wae. Ngerti yen
Shinta iku ora tegel yen weruh kaya ngono kuwi. Pancen watake Shinta sing
sayang karo sapa wae. Nalika Shinta arep menehi toya tangane ngluwihi garis
bunderan sing digawekake menyang Lesmana mau. Banjur tangane digeret simbah
kuwi lan dumadakan wujude malih asline, yaiku Rahwana. Raseksa elek tur bengis.
Shinta tiba ana rangkulane Rahwana lan ora isa obah. Langsung arep digawa mabur
lunga menyang kahyangan. Lagi wae anggone mabur, dumadakan ana peksi garuda
sing arep nulungi Shinta. Peksi kuwi nduweni jeneng yaiku Jatayu. Ananging
nalika gelut karo Rahwana, Jatayu kena sabetan pedhange Rahwana. Getihe
gobrah-gobrah, banjur tiba ana bumi. Awake kebak getihe ananging dheweke isih
urip. Langsung Shinta digawa lunga menyang Alengka menyang Rahwana.
Rama
lan Lesmana tekan panggonne Shinta mau, ananging Shinta wis dicolong dening
Rahwana. Ketilapan anggone njaga Shinta wis digawa lunga. Bingung anggone
nggudak kepriye, banjur neruske laku. Ora adoh saka panggon kuwi mau, Rama lan
Lesmana kepethuk Jatayu sing lagi sekarat mau. Sadurunge nemoni pati, Jatayu
isih sempet cerita yen Shinta dicolong Rahwana lan digawa menyang kraton
Alengka. Talingan sir sinebit, rasa angkara murkane Rama metu amarga Shinta
dicolong raseksa elek tur bengis. Sawise crito marang kahanane Shinta mau,
Jatayu banjur nemoni pati. Nesu rasa ora trima amarga Rahwana wis dadi jalaran
patine engonane mau lan nggawa lunga Shinta, Rama janji jroning atine bakal
mbales patine Jatayu lan nggawa bali Shinta. Amarga matine Jatayu netepi darmane,
banjur Rama lan lesmana nyuwun marang dewa-dewa kang agung. Supaya gugure
Jatayu bisa sempurna moksa, banjur ragane Jatayu ilang munggah ana swarga
barengan karo sukmane Jatayu.
Ana
ndalan menyang Alengka, Rama lan Lesmana kepethuk karo Anoman kethek putih
putrane Bathara Guru. Anoman didhawuhi ngabdi karo Rama. Nalika ana tengahing
alas, padha mireng swara wong nangis pating jlerit. Banjur padha golek saka
ngendi asale swara kuwi. Sawise ketemu asale swara kuwi, jebul saka kethek sing
kecepit ana silangan wit gedhe. Rama banjur nulungi kethek sing kecepit kuwi.
Kethek kuwi ngomong yen dheweke kuwi raja ing Guwakiskendha, anduweni jeneng
minangka Sugriwa. Dhewekke padhu karo kakange sing jenenge Subali. Amarga padhu
kuwi banjur dhewekke dicepitke ana silangan wit. Banjur kanggo ngrebut
Guwakiskendha Sugriwa karo Subali adu tanding kasekten, Sugriwa diewangi dening
Rama. Rama ngeculake wastra pusaka Gumawijaya. Sanajan resi Subali nduweni
Ajian Pancasona, nanging tetep kalah mungsuh Rama. Banjur Sugriwa bisa dadi
raja meneh ana Guwakiskendha.
Kanggo
mbales budine Rama sing wis aweh pitulungan marang Sugriwa, banjur Sugriwa
ngerahke wadyabalane kanggo nulung Rama ngrebut Shinta saka Prabu Dasamuka ora
liya Rahwana kuwi. Anoman didhawuhi Rama supaya nggoleki menyang ngendi Shinta
didelikake lan uga menehake ali-aline Rama lan mangerteni kekuatanne kraton
Alengka. Nalika arep bali Anoman dicekel wadyabala Alengka. Karepe Anoman arep
diobong, nanging Anoman banjur mabur nggawa geni kanggo ngobong kraton Alengka,
kajaba taman Argasoka, panggone Shinta didhelikake Rahwana.
Banjur
wasanane kedadean perang gedhe kraton Pancawati lan kraton Alengka. Wadyabalane
alengka wujud buta-buta lan wadyabalane pancawati wujud kethek-kethek balane
Sugriwa. Wadyabala bala lan senapati Alengka akeh sing ketiwasan. Pancawati
menang, banjur sawise perang Rama lan Shinta bali menyang Ayodya. Ananging
susah atine Shinta amarga ora bisa katampa dening Rama. Amarga Shinta wis
dianggep ora suci maneh dening Rama. Priye carane supaya bisa ditampa maneh
dening rama, banjur Shinta sesuci lan reresik awake saka geni mau. Sawise
sesucen lagi bisa ditampa dening Rama. Wong sakloron kuwi urip mulya nganti
tumekaning pati.
0 komentar:
Posting Komentar