Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Senin, 08 Desember 2014

PENCAK MACAN, TRADHISI TEMU TEMANTEN PESISIRAN


Kesenian tradhisional asli saka wewengkon Gresik kang nganti saiki isih diuri-uri lan dilestarekake lan kabukten isih bisa disekseni tampil ana madyane bebrayan antara liya Jaran Jenggo saka desa Sumurber Panceng, Gulat Okol saka Menganti, Jaran Kepang saka Ujung Pangkah, Pencak Macan saka kelurahan Lumpur kecamatan Gresik, Jaran Kencak saka Balongpanggang.
Kesenian tradhisional Pencak Macan iki anane  ing desa Lumpur, salah sijine desa kang klebu kecamatan Gresik Kota. Nadyan kesenian iki saya suwe sansaya kegerus dening kemajuan jaman uga kadhesek anane maneka kesenian modern kayadene band, elekton utawa dhangdhutan, tujune para warga mligine para mudha isih duwe semangat lan ora eklas yen kesenian iki ke­silep luwih jero maneh. Ora eklas yen kesenian ini wekasane mung ninggal crita. Mula saka kuwi wis sawatara wektu iki, mligine para mudha lan bocah-bo­cah padha aweh panyeng­kuyung banjur digladhi manggung Pencak Macan. Manut seniman Ucok Supandhi kang jebolan IKJ Jakarta, kesenian tradhisio­nal Pencak Macan duwe sejarah dawa tumrape masyarakat Lumpur. Pencak Macan wis ana ing Lumpur atusan taun kepungkur. Mulane dikayangapa wae, ke­senian tradhisional kuwi kudu diles­tarekake.


Pencak Macan mujudake kesenian tra­dhisional kang anggone manggung lumrahe ngiringi arak-arakan rombo­ngan temanten kakung nuju daleme temanten putri ing adicara te­mu temanten. Ing adicara te­mantenan warga Lumpur, pa­datane sawise ijab kabul wis kaleksanan kanthi gangsar tanpa ana alangan apa-apa, temanten kakung sauntara banjur pamit bali dhisik me­nyang daleme dhewe. Adicara sabanjure lagi diadani ing wektu awan nanging ing dina kang padha utawa nunggal dina, kanthi ngiring temanten kakung nganggo arak-arakan diramekake kesenian tradhisional Pencak Macan. Saliyane  manggung mligi dadi pengiring ing adicara temu temanten, Pencak Macan uga bisa manggung ing adicara liyane kayadene festival budaya, Agustusan, pengetan mahargya hari jadi kabupaten, lan melu mangayubagya minangka duta seni yen kerawuhan tamu agung utawa tamu wisata.


Manut katrangan saka Abd. Ghofur kang didhapuk mandhegani pakumpulan Pencak Macan Seputra, ing desa Lumpur wektu iki ana sawatara klompok pa­kumpulan kesenian Pencak Macan. Kang gawe bungah, ing wektu iki akeh para mudha kang ketarik dadi anggota lan pemain Pencak Macan. “Saiki akeh para nom-noman sing dadi anggota Pencak Macan. Ana sing milih dadi penabuh gamelan pengiring, lan ana sing dadi paraga pemain. Yen wektune gladhen uga sregep-sregep. Semono uga yen lagi manggung ing tang­gapan. Iki sing banget nyenengake. Tegese para generasi mudha ngrumang­sani yen duwe tanggung jawab ngles­tarekake kesenian tradhisional mligine ing tlatah pesisiran iki,” kandhane Ghofur.
Saklompok kesenian tradhisional Pen­cak Macan duwe anggota 15 nganti wong 20, kang dumadi kanggo paraga pemain lan penabuh gamelan pengiring. Tetabuhan gamelan pagelaran kesenian tra­dhisional temu temanten tlatah pesi­siran iki dumadi saka kenong, gong, kendhang lan jidhor. Wiramane tetabu­han meh padha karo laras tabuhan ke­senian pencak silat. Semono uga nalika tampil ing kalangan utawa sandhuwure panggung, olah gerak para paraga pe­maine meh padha karo olah gerak ing pencak silat. Ana tampilan kembangan lan ana tampilan tandhing utawa tarung. Saliyane digelar kesenian Pencak Macan, ing adicara temu temanten padatane uga kairing kesenian Hadrah mawa musik mligi terbangan kang ngiringi kuman­dhange tembang-tembang sholawat memuji sarta ngagungake panjeneng­ane Nabi Muhammad SAW. Padatane rombongan seni Hadrah lumaku ngapit ing sisih kiwa tengene arak-arakan te­manten kakung kliling sakupenge desa nganti tekan papan sasana panggih ing daleme temanten putri. Kanthi digelare kesenian loro kuwi, swasana temu man­ten diajab narik kawigatene para warga lan penonton uga para tamu kang mligi rawuh nekani hajatan.


Manut Loemaksono salah sijine se­sepuh warga, rerangken kesenian kang digelar ing adicara temu temanten kuwi sejatine pralambang utawa sanepan mawa werdi piwulang luhur adi luhung kang migunani, mligine kanggo teman­ten  sakloron lan uga sok sapa wae kang gelem metani werdi isine pralambang ngaurip.
Kesenian Hadrah nganggo musik ter­bangan kairing tembang shalawat nge­mu teges menehi piwulang antebing ke­imanan kang kudu tansah diugemi dening temanten. Urip jejodowan kang arep di­la­koni kudu kabangun adedhasar agama lan iman. Saliyane kuwi uga kudu tansah ndedonga supaya temanten sakloron sa­jroning urip bebrayan sarta mbangun jejege bale wisma tansah kalis saka panggodhane setan. Ing pagelaran Pencak Macan sejatine ana “sosok paraga utama” telu yakuwi, paraga minangka tokoh topeng macan, paraga tokoh topeng kethek lan paraga tokoh topeng gendruwo.


Paraga kapisan topeng macan, mu­judake pralambange  temanten kakung minangka kang dadi imam utawa pe­mim­pine bale wisma kang wis sames­thine kudu nduweni tekad semangat tanpa kendhat makantar-kantar suthik mun­dhur anggone golek rejeki kang halal  lan barokah kanggo sisihane lan anak tu­rune. Saliyane kuwi sipate macan uga digdaya yakuwi menehi pengayoman lan katentreman tumrap kulawargane. Kapindho paraga topeng kethek, mengku pralambang temanten putri kang kudu duwe niyat kanthi ati suci tansah setya tuhu marang prasetyaning janji marang guru lakine, eklas ngrung­kebi lan njaga katentreman kulawar­gane.
Paraga katelu wujud topeng gendru­wo, mujudake pralambange sakabehing pacoban lan rubeda kang kudu diadhepi dening  temanten kakung miwah putri nalikane bebarengan mbangun balewis­ma ing madyaning bebrayan agung. Mu­lane ing pagelaran Pencak Macan, pa­raga topeng macan dalah paraga topeng kethek kudu ngadhepi krodaning gendru­wo kang tansah gawe reribet, kebak ka­nepson ala. Nanging pungkasaning  pa­raga gendruwo kasil diasorake.

Kethopang Lan Ponthang Lima


Ing arak-arakan kesenian tradhisional Pencak Macan, saliyane kairing Hadrah uga isih ana rerangken arak-arakan liya­ne kang sinebut Kethopang lan sijine maneh Ponthang Lima. Kethopang  mu­judake rerangken rupa kembang ma­yang,  who-wohan  kang ditancepi sada janur dawa banjur diblebed dluwang ma­neka warna selang-seling abang, kuning, biru, ijo, ungu. Ing adicara arak-arakan lumrahe ana pirang-pirang Ke­thopang. Saben Kethopang disangga pring plengkung dawa. Nalika adicara prosesi arak-arakan temanten, ketho­pang kuwi uga melu diarak pisan. Nalika ing satengahing dalan nuju sasana pang­gih temanten, arak-arakan pring pleng­kung Kethopang banjur dadi rebutan uta­mane kanggo bocah-bocah awit ing sada janure padatane uga dikanteni dhuwit kertas kang pengajine werna-werna wi­wit sewu rupiah, rong ewu rupiah nganti limang ewonan rupiah. Dhuwit kuwi di­taleni bolah diseleh ing pucuking pleng­kung pring. Dhuwit minangka udhik-udhikan kuwi dadi rebutane bocah, kang kasil antuk dhuwit banjur tuku panganan didum sakancane. Dhuwit saka sada janur ing pucuk pring Kethopang kuwi dipercaya ngandhut sawab berkah lan barokah.
Ponthang lima, wujud rerenggan rupa prau kang digawe saka godhong gedhang rinengga janur. Saben Pon­thang banjur diiseni ketan warna siji. Ana Ponthang lima, mawa isi ketan ireng, putih, kuning, abang, ijo. Ing tengah ponthang diwenehi wangunan tumpeng cilik saka bletetan godhong gedhang, lan pucuke direnggani sada janur.“Rerangken Ponthang Lima menika wonten adicara temu temanten sejatos­ipun ngandhut filosofi katujokaken du­mateng temanten kekalih. Wosipun, ka­ajap supados anggenipun jejodowan tan­sah nglampahi ibadah sholat wajib gang­sal wektu manembah dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung,” ujare salah sijine sesepuh Pencak Macan.

Macapat Serat Sindujoyo


Rerangken arak-arakan Pencak Ma­can kuwi luwih komplit maneh yen sho­hibul hajad uga nganakake adicara tem­bang Macapatan. Tembang macapatan kang lumaku ing tlatah pesisiran iki cengkoke gagrag Pesisiran. Mulane rada beda karo cengkok tembang macapatan umume. Macapatan gagrag pesisiran kanthi maca tembang Serat Sindujoyo (Babad Kroman-Lumpur) kang padatane ditindakake dening Mbah Nurhasim kang yuswane saiki ngancik sangang puluhan taun. Mbah Nurhasyim mujudake wong siji-sijine kang wektu saiki isih bisa nembang macapat. Emane nadyan putra turune isih ana, nanging angel ang­gone nyinaoni macapatan. Kandha­ne Mbah Nurhasyim, kitab Serat Sindujoyo kang sasuwene iki isih dianggo nembang macapatan mung wujud kitab duplikat utawa fotocopy-ne wae, awit kitab kang asli ajeg disimpen ana papan pesareyane Mbah Kyai Sindujoyo ing Makam Dalem Gresik.
Manut para sesepuh ing desa Lum­pur, wosing pralambang-pralambang kang ditindakake ing prosesi tradhisi Pencak Macan pancen duwe kandhutan surasa jero banget yakuwi ngemu panuntun lan piweling adiluhung tumuju sampurnane kulawarga kang sakinah, mawaddah lan warohmah. Gandheng karo surasane filosofi urip kang jero lan adiluhung kuwi, mula ora jeneng aneh yen klompok Pencak Macan uga melu digelar ngregengake kegiyatan liyane kayadene mahargya tekane tamu ing adicara Gresik Tempo Doeloe, Festival Makanan, Jajanan Khas, Hari Jadi Kutha lan Kabupaten, kunjungan tamu wisata antara liya saka Badan Pelestarian Pusaka Indonesia, tamu wisata saka man­canegara.


Kayadene kang wis kela­kon nalikane nampa kunjungan wisata budaya para mahasiswa saka International Islamic University Malaysia. Tamu saka Malaysia kuwi racake uga padha kesengsem karo atraksi Pencak Macan.“Kesenian tradhisional kaya Pencak Macan iki apik banget, tak kira kudu tansah dilestarekake,” mangkono jarwa­ne basa Melayu kang dingendikakake dening Prof.DR Abd. Razak Saipan, MPd – dosen uga pimpinan rombongan mahasiswa Malaysia nalika mirsani dhewe atraksi Pencak Macan. Tamu wisata saka Malaysia kuwi, ndeleng atraksi Pencak Macan ing sangarepe Bale Kambang. Wa­ngunan Bale Kambang sejatine mu­judake salah sijine situs kuna kang diper­caya minangka wangunan kiriman saka Blambangan Banyuwangi taun 1428 Saka  utawa 1506 Masehi, nalika jamane Kanjeng Sunan Giri lan Kyai Sindujoyo. Paraga Kyai Sindujoyo minangka cikal bakal adege wewengkon desa Lumpur, Kroman lan sakupenge. Situs Bale Kam­bang iki mawa tetenger kang nerangake yen dhek biyene kumambang ing sate­ngahing segara, tumuli dipinggirake pa­ra nelayan. Nitik cakrike saka utawa pi­lare bale, cetha yen Bale Kambang mau asale saka Blambangan.

Sabtu, 06 Desember 2014

CARIYOSIPUN WAYANG SRIKANDHI DAUP

Sepi ing manah kayata wengi tanpa lintang, adhem hawane wengi ora krasa ing awak. Esuk, awan, wengi mung tansah kelingan sing ditresnani. Pangadheme ati ing panase pikir, yo mung deweke sing dadi pujaning ati. Arep ngumandangake katresnan nanging bisane dipendhem dhewe. Pengen deweke ngerti rasaning qalbu nanging deweke wis ana sing nduweni.
Semono uga sing dirasakake Srikandhi. Srikandhi putri saka Drupada lan Dewi Gandhawati sing nata ana Panchala. Srikandhi titisan Dewi Amba sing kepanah dening panahe Bisma. Srikandhi nduweni sedulur 2 yaiku Dropadi lan Drestajumna. Srikandhi nduwe rasa tresna marang Arjuna, Arjuna uga mendhem rasa katresnan marang Srikandhi. Nanging Arjuna wis rabi karo Sembadra lan Larasati.
Sawijining dina, negara Panchala nganakake sayembara. Sapa sing bisa gawe Taman Mowokoco, bakal daup karo Srikandhi. Pandawa ngerteni yen Arjuna tresna marang Srikandhi, nanging rasa kuwi gawe jengkel Sembadra lan Larasati. Larasati ngajak tandhing Srikandhi lan ngasilake padha-padha sektine.
Pengumuman sayembara tekan negara Cethi. Cethi ngirim duta sing wujude buta yaiku Supali.  Deweke wis suwi seneng karo Srikandhi nanging kangmase ora setuju, Supala kakange Supali nduwe dendam karo Kresna. Supali ning Panchala ora direstui Supala lan dikongkon balik ning Cethi karo Drestajumna, nanging Supali ora gelem. Drestajumna ngajaki Setyaki, Gathotkaca lan Antaredja kanggo ngusir Supali. Nanging Supali tetep kukuh karo pendirianne sing arep nglamar Srikandhi.
Amarga lamaranne ditolak terus karo Srikandhi, Supali nduwe niat kanggo nyulik Srikandhi. Supala kuwatir yen Supali bakal mati diserang prajurit Panchala. Supala ngongkon patihe kanggo ngawasi Supali yen deweke kena prajurit Panchala, patih kudu siap perang nylametake Supali.
Ing tengah alas, Arjuna nglakokake semedi dikancani Punakawan. “Pamanku Semar,  kula taksih bingung badhe ndamel Taman Mowokoco” kandane Arjuna marang Semar. Ora pati suwe lewat rombongan buta utusane Supala. Prajurit buta perang lawan Arjuna lan akeh sing mati. Sawetara wektu Batara Kamajaya mudhun saka kahyangan gawa tirta kauripan ing cupu kanggo Arjuna. Kasiate bisa gawe urip apa wae sing wis mati. Arjuna dikongkon nyiramake ning Taman Mawakoco ing dina Anggara Kasih pas bulan purnama. Sakwise Batara Kamajaya mulih ning kahyangan, Arjuna lan Punakawan mangkat ning Panchala.
Sakwise tekan Panchala, Arjuna teka ing kaputren lan ketemu karo Srikandhi. Arjuna ora lali pesenne Batara Kamajaya, deweke nyiramake tirta kauripan ning Taman Mowokoco lan taman kuwi dadi urip maneh. Endah banget.
Kurawa uga menyang Panchala. Nalika Kurawa turu senjatane Baladewa dicolong karo Supali. Panchala dadi geger, Drestajumna gawe sumpah sapa wae sing kecekel gawa senjatane Baladewa kudu diukum mati. Supali mlebu ning kaputren ketemu karo Arjuna. Weruh Supali gawa senjatane Baladewa deweke ngati-ati. Arjuna ngomong yen deweke abdi dalem lan senjatane Baladewa dijaluk saka Supali. Amarga Supali ora ngerti, senjata kuwi diwenehake Arjuna. Banjur Supali ditusuk karo Arjuna lan diaburake tekan negara asalae Cethi.
Kabeneran Puntadewa lan Werkudara teka ning kaputren. Arjuna cerita yen deweke bar mateni Supali nganggo senjata Nenggalane Baladewa. Puntadewa njaluk senjata Nenggala banjur ditusukake ning wetenge Arjuna. Arjuna mati. Kenthongan dithuthuk lan kabeh sak Panchala teka ning kaputren, weruh Arjuna mati. Banjur Drupada takon sapa sing mateni Arjuna. Werkudara ngapusi, deweke ngomong yen sing mateni Arjuna yaiku Baladewa. Baladewa labuh awak yen deweke nembe wae kelangan senjata Nenggala kuwi.
Drupada bingung, banjur njaluk tulung Kresna kanggo gawe Arjuna urip maneh kareben ngerti sapa sing salah. Sadurunge Arjuna urip maneh, Werkudara njaluk supaya sumpahe Drestajumna diilangake. Drupada gelem nyabut sumpahe Drestajumna lan ngandani menyang Drestajumna supaya ngati-ati yen arep gawe kaputusan. Kresna nganggo kembang wijaya kusuma bisa nguripake maneh Arjuna. Arjuna banjur cerita apa wae sing wis kedadean ana ing kaputren nganti deweke ditusuk karo Puntadewa.
Arjuna ora diukum, nanging Arjuna dikongkon nunjukake mayite Supali. Banjur Arjuna mara ning Cethi. Tekan kana Arjuna tandhing lawan Sapala sing ora trima adhine dipateni. Sapala bisa dikalahake Arjuna lan digawa ning Panchala. Ning Panchala Supala blaka sutha yen bener Supali arep nyulik Srikandhi. Supala uga nyepatani Kresna ning ngarepe Drupada lan Arjuna. Nanging Kresna meneng wae, Kresna ngongkon supaya Supala dibalekake ning Cethi.
Kresna ditakoni kenapa deweke ora nesu disepatani karo Supala, Kresna ngomong yen Supala ora nyepatani deweke ning ngarepe 100 wong, deweke ora bakal nesu Kresna uga kandha yen Supala kuwi jek sedulur karo deweke. Nanging yen Supala wani nyepatani deweke ning ngarepe 100 wong bakalan dienteki kuwi Supala.
Pungkasane cerita. Amarga Arjuna bisa nguripake maneh Taman Mowokoco, deweke banjur daup karo Srikandhi. Sembadra lan Larasati ikhlas nerima yen Arjuna nikah maneh. Arjuna lan Srikandhi padha senenge wis bisa uniting katresnan.

Jumat, 05 Desember 2014

CARIYOSIPUN WAYANG SINTA PRASETYA

Semebar  arum wangi, nggambarake gandaning kusuma, endahing pamimpin amanca kang apik, saking anggane sekar kedaton nagari Manthili Sang Dyah Ayu Sinta. Remaja putri kang wus ngancik dewasa, sakmenika dadi pujaning putra para raja manca nagari. Dasare putri adi Manthili dedege sarenteg pangawak dara, alus pasemone anteng, eseme pait madu.
Sak antawis ngenekake sayembara mentang langkap kyai Gandewa Dibya, sapa kang bisa menuhi sarat iku, ya kuwi kang dadya jatu kramane sang putri Manthili yaiku Dyah  Ayu Sinta. Sanadyan wis akeh para raja lan para satriya kang mlebu ing sayembara, ananging durung  ana kang kuwat mutung dedere langkap. Kang andadekake susahing ati Sang Maha Prabu Janaka.
Sang retna susah mirsani susahing ati Sang Rama. Sang retna ndisiki mapag sungkem marang sang Rama.  Sakwise lamun sira ngenteni tekane para raja lan satriya kang bisa naklukake sayembara mentang gadewa dibya, jumbuh karo pangarep-arepane sang retna, Raden Rama Wijaya melu kang adhi Raden Lesmana Widagda Satriya ing Ayodya, ketemu Prabu Janaka kanggo naklukake sayembara mentang gandewa dibya.
Tekane Raden Rama Wijaya lan Raden Lesmana Widagda  mara ing ngarsane maha Prabu Janaka njawab dongane sang retna. Raden Rama Wijaya arep nyoba sayembara mentang gandewa dibya maca mantra kang biyasa diucapake manungsa, kang dikabulaken Sanghyang Wisnu kang wenang andum kabahagyan. Andadekake penggalih Sang Maha Prabu Janaka katuju citraning sang abagus. Mangkana sang retna Manthili ketemu kang kapisan karo satriya Rama, geter jroning penggalih, kaya ngusik-usik gumulung ombak ing samodra, netra kepencut. Mangkana uga sak jroning penggalihing Rama, kang sapindhah kepaut tresna karo Sang Retna Manthili.
Rama njaluk izin karo Prabu Janaka arep nyoba sayembara kuwi. Saknalika Rama bangkit saka palungguhane, mlaku tekan papan dununge  gandewa dibya. Para Raja sewu nagara gumun ing penggalih, dene isih ana satriya kang arep mlebu ing sayembara mentang gandewa dibya. Apa bisa kadadeyan mentang gandewa aji Manthili kuwi. Cikat trengginas Sang Rama munggah ing kencana mbuka, nekuk lutut lan ngucapake sesembahan. Njaluk anugrahing bathara. “Duh bathara, sesembahing janma, muga menehi anugrah marang kula. Duh kanjeng Prabu Dasarata saha Kanjeng ibu Dewi Ragu, paduka kang dadi panguat kula, kang jumbuh dongane datheng kula, muga paringana puji rahayu kasembadan sedya kula”.
Sang Rama bangkit saka sembahe antuk bayangan, nyeluk angin mobat mabit. Saknalika Gandewa sigar sapisan runtuh. Raden Rama saged menuhi sayembara, Sinta bakal dadi pendampinge Raden Rama. Kang pancen  tibane asmara Sinta iya karo Raden Rama. Sakwise sayembara kuwi, ramane Sinta ngenekake pesta manten. Sinta dadi garwane Rama, diboyong menyang Ayodya. Ana ing tengah dalan, Rama ditantang menthang langkape Rama Bargawa. Rama ngeculake panah pas tengah dada, Rama Bargawa koncatan nyawa. Rama nglanjutake mlaku menyang Ayodya.
Rama teka, ing Ayodya, Rama bakal diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantine Dasarata. Ananging Kekayi, garwa selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, panyuwune yaiku, yen duwe putra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Dasarata ngabulake panyuwune Kekayi. Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman ing alas Dhandhaka. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngembara ninggal kedhaton. Ora suwe prabu Dasarata banjur seda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke banjur nggoleki Sri Rama, supaya Rama bali nata Ayodya. Ananging Rama ora gelem amarga satriya ora bakal ngingkari janji sedya nampa ukum. Barata didhawuhi Rama supaya jumeneng nata sawetara, tekan mulihe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran Surpanakha kasengsem marang Laksmana. Ananging Laksmana ora mempan kagodha. Surpanakha nepsu banjur matur marang kangmase, Rahwana mbujuk supaya nyulik garwane Rama kang ayu rupa. Sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik Sinta. Marica banjur memba dadi kidang emas. Sinta kasengsem banjur nyuwun supaya nggudag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana. Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Sri Rama anyel banjur nglepasake panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, malih dadi raseksa. Krungu jeritan mau, Sinta ngutus Laksmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem amarga kautus njaga Sinta. Sawise ditudhuh yen Laksmana arep ngarah dheweke, Laksmana banjur nggoleki Rama lan ngandani Sinta supaya ora  kegodha rencana. Sawise Sinta dhewekan, Rahwana banjur teka. Rahwana nyulik Sinta. Peksi sang Jatayu  krungu jeriting Sinta kang tau dadi kancane prabu Dasarata. Jatayu nulungi Sinta, anangin Jatayu kalah. Jatayu menehi ngerti marang Rama lan Laksmana, yen Sinta diculik Rahwana. Rama lan Laksmana banjur nggoleki Dewi Sinta ing kedhatone  Rahwana.
Ing Nagara Alengka Rahwana nyembah marang Sang ibu, Rahwana dituturi dening ibu. Sakwise ibu diderekake dening Wibisana. Banjur Rahwana tumuju marang Taman Soka marani Dewi Sinta, ngrembug Sinta  gelem dadi bojone Rahwana. Sinta milih mati tinimbang karo Rahwana. Sinta muji apike Sang Rama. Rahwana nesu nyabut keris, “Tinimbang ndeleng mata Sinta karo Rama, aluwung dak pateni.” Rahwana arep mateni Sinta nganggo kerise, saknalika Sinta mbalik madeg ana ing ngarepe Rahwana, Rahwana luluh kesengsem kaliyan ayuning Sinta, keris tiba  lan Rahwana lunga ninggalake Sinta.

Kamis, 04 Desember 2014

CARIYOSIPUN WAYANG KRESNA GUGAH

Kacarita nalika sakdurunge perang Baratayudha diwiwiti, para Pandhawa dan Kurawa digawe geger amarga Prabu Kresna nindakake Tiwikrama ing Bale Kambang Negara Dwarawati.
Prabu Kresna kuwi raja saka negara Dwarawati, asmane kajupuk saka asmane Prabu Kunjana Kresna Raja Dwarawati kang dikalahake dening prabu Kresna, utawa asma Kresna iku nduweni arti ireng, amarga kulit lan daging prabu Kresna iku ireng. Prabu kresna uga diarani Prabu Harimurti sing nduweni arti titisane Dewa Wisnu. Nalika isih mudha Prabu Kresna jenenge Raden Narayana, lan pusakane yaiku Jimat Kembang Wijayakusuma lan Cakra. Prabu Kresna kuwibisa dianggep pembimbinge para pandhawa, malah kadhang bisa dianggep dhalang, amarga sing ngatur siasat negara, perang, lan liya-liyane.
Prabu kresna nalika tiwikrama dadi raksasa nalika sadurunge perang Baratayudha, prabu kresna tiwikrama kangge mohon kaliyan dewa supaya diparingi kitab Jitapsara kang isine jadwal lan aturan-aturan ing perang Baratayudha. Pandawa lan Kurawa mangerteni niate Prabu Kresna nindakake tapa. Amarga sapa kang bisa gugah saka pertapaane bakal unggul, lan bisa dikabari bab perang Baratayudha.
Kurawa kelompok kang pertama ana ing Balekambang, nanging ing kana ana Satyaki, Satyaka, Emban Druwaja, lan Patih Udawa kang jaga ana ing Balekambang. Para abdi ora menehi ijin yen para Kurawa gugah Prabu Kresna. Mulai saka Raja Duryodana, Adipati Karna, Patih Sengkuni perang nglawan abdine Negara Dwarawati, nanging kalah ana ing tangane Satyaki. Prabu Baladewa uga nyoba gugah Prabu Kresna nanging kena dening senjata Cakrane Prabu Kresna.
Rombongan Pandhawa kang uga nyoba gugah Prabu Kresna. Di paringi ijin marang Satyaki, amarga nasehate Kyai Badranaya (Semar). Pertama Puntadewa nyoba gugah, nanging ora bisa, kaping pindho Werkudara uga kaya Puntadewa, kang terakhir nyoba yaiku Arjuna, Arjuna miwiti saka samparane Prabu Kresna krasa anyep. Arjuna matur marang semar yen Prabu Kresna malepas sukma. Semar ngendika yen Arjuna kudu malepas sukma nyusul Prabu Kresana ana ing Suralaya. Arjuna langsung nindakake semedi, sukma Arjuna kang jenenge Sukmalanggeng ucul saka raga, langsung nyusul Sukmawicara (Sukmane Prabu Kresna).
Ing Suralaya Batara Guru ngadakake pertemuan kaliyan Batara Narada, Batara Penyarikan, Batara Indra, lan Batara Brama, kangge bahas masalah ing dunia kang nyebabake ing Suralaya kena pengaruhe. Batara Narada cerita yen Kresna Tiwikrama ana ing Balekambang. Kang nduweni maksud supaya Kresna bisa nduweni Kitab Jitapsara “Pakem Baratayudha”. Batara Guru lan Batara Naradalangsung nyusun pakem Baratayudha, sakdurunge Prabu Kresna ing Suralaya. Batara Panyarikan kang dadi panitera di perintah Batara Guru kangge nyathet apa kang Batara Guru terapke ing perang Baaratayudha. “Resi Seta perang lawan Resi Bhisma, Resi Seta gugur”. “Dewi Wara Srikandi perang lawan Resi Bhisma, Resi Bhisma gugur”
Raden Abimanyu gugur ana ing tangane Raden Jayadrata. Nanging ing wayah Batara Penyarikan nulis yen Prabu Baladewa nglawan Raden Antareja, dumadakan ana tawon lanceng putih kang nabrak wadah tinta, saengga tintane wutah ana ing tulisan Raden Antareja. Tawon lanceng putih ilang diganti dening sukmawicara. Batara Guru lan Batara Narada nemoni Sukmawicara lan takon apa sebabe Sekmawicara nglakoni tindakan kaya mangkana. Sukmawicara jawab yen dheweke ora setuju yen Baladewa tanding marang Antareja, amarga Antareja ora tandingane Prabu Baladewa. Sukmawicara nduweni cara kanggo nyingkirake Antareja, lan Sukmawicara nduweni Kitab Jitapsara. Nanging Sukmawicara kudu ngganti Kitab kuwi kaliyan Kembang Wijayakusuma. Sukmawicara nyanggupi lan atur pamit.
Sapeninggal Sukmawicara, Sukmalanggeng ana ing Suralaya lan nyuwun pirsa marang Batara Guru, mangenai Sukmawicara. Batara Guru ngendika yen pamit lan kasil nggawa Kitab Jitapsara. Sukmalanggeng pamit lan langsung nyusul Sukmawicara. Sukmalanggeng kasil nyusul Sukmawicara lan nuntut Kitab jiptasara, nanging Sukmawicara tetep njaga kitabe. Akibate Sukmalanggeng perang nglawan Sukmawicara. Nanging loro-lorone padha ninggalake papan perang, Sukmawicara mlebu ana ing ragane, Sukmalanggeng uga mlebu ana ing ragane. Krisna bangkit saka tiwikrama. Arjuna bangkit langsung ing sandhinge Prabu Kresna kanggo rundingan isi Kitab Jitapsara. Kitab iku isine ora mung ngrebutake hak atas negara utawa tanah air, nanging uga negaakake kebeneran lan keadilan “Sing bener ya bener, sing salah ya kalah”. Prabu Kresna bakal ana ing pihak Pandhawa amarga pandhawa ana ing pihak kang bener.
Nanging ana kang dadi masalah yaiku Antareja. Kepriye carane nyingkirake Antareja. Para Pandhawa nyerahake masalah kuwi ana ing Prabu Kresna.. Prabu Kresna tumuju ana ing Balekambang kang neing kana ana Antareja. Antareja ditakoni kepriye kesiapane kanggo perang Baratayudha, antareja ngoming yen dheweke siap amarga diwarisi  tring Kencana Pusaka, kang bisa gawe lawan utawa musuh moksa yen awakke dijilat utawa telapak sikile. Kangge mbuktikake omongane Antareja, Prabu Kresna ndawuhi yen Antareja gelem njilat telapak sikil kang ana ing sandhinge, Antareja njilat bekas telapak sikile dhewe, langsung gawe awake moksa lan munggah ana ing Swarga.
Raja Duryodana isih nduweni kepengin mboyong Prabu Kresna ana ing Ngastina, para Korawa lan Raja Duryodana menyang ana ing Negara Dwarawati. Nanging Prabu Kresna nolak panyuwunane Raja Duryodana di boyong ing Negara Ngastina. Lan iki kang nyebabkake prajurit Korawa nyerang (gempur) Negara Dwarawati. Para Pandhawa biyantu Kerajaan Dwarawati. Duryodana lan pasukan Korawa bali ana Negara Ngastina tanpa mboyong Prabu Kresna. Para Pandhawa lan para warga Dwarawati pesta bareng kanggo ngrayaake kemenangane Negara Dwarawati.

Rabu, 03 Desember 2014

TELAAH PRANATA EKONOMI/SOSIAL TRADHISI SEDEKAH BUMI ING DESA KALIPUCANGWETAN

Desa Kalipucangwetan, Kecamatan Welahan Kabupaten Jepara, saben tahune nganakake Tradhisi Sedekah Bumi. Tradhisi sedekah Bumi dilaksanakake wektu wulan apit. Papan panggonane ana ing Balai Dhesa. Kabeh warga kalipucangwetan padha kumpul bebarengan lan nyengkuyung bebarengan.
Tradhisi iki dipandegani dening Bapak Lurah Dhesa lan disengkuyung dening para warga masyarakat Dhesa Kalipucangwetan. Akih para warga sing nonton  lan seneng ngramekake Tradhisi Sedekah Bumi iki. Ana ing Sedekah Bumi Akih para tani sing ngramekake. Saking senenge para tani amarga sukses lan hasil bumine Gemah Ripah Loh Jinawi, mulane dianakake tradhisi Sedekah Bumi.
Nanging ana ing Sedekah Bumi nggawa ubarampe sing diperlukake kanggo Sedekah Bumi kayata Tumpeng Sarobyong, Ingkung, Jajanan Pasar, Bubur Pitu, Endhog sing cacahe pitu, kembang Setaman, Sayur-sayuran, lan woh-wohan sarta kasil bumi Dhesa kalipucangwetan dhewe. Ubarampe sing dianggo Sesaji iku mau kabeh sing gawe lan digawa dening para warga Kalipucangwetan.
Tatacara upacara tradhisi Sedekah Bumi iku mau kudu dilaksanakake dina Rabu Pahing. Amarga dina kuwi lahire lan sedane para leluhur Dhesa Kalipucangwetan. Acara Sedekah Bumi iku mau diwiwiti saka dina Senin maca al-qur’an kanthi katam, sawise mangkono selasa awan nganti tekan Sore nganakake ziarah lan donga tahlil ana ing makam-makam para leluhur Kalipucangwetan. Para leluhure kayata Mbah Makruf, Mbah Silangak, Mbah Jaya, Mbah Sugati, Mbah Sakir. Banjur diwenehi kembang setaman iku mau. Bengine ba’dha magrib ana slametan. Nah slametane iku ditekani para warga sing gawa sesaji ubarampe Sedekah Bumi. Papan panggonane ana ing Balai Dhesa. Slametan mau didongani gawa donga tahlilan lan donga njaluk kaslametan, sing dongani dening para pemuka agama. Sawise rampung slametan para warga padha mangan ubarampe sing didongani iku mau, sebagian ana sing digawa mulih. Sabubare kaya slametan para warga nyengkuyung gawe traktak kanggo pagelaran wayang sedina sawengi. Wayange diwiwiti saka dina Rabu awan lan bengi. Biasane lakone bedha-bedha. Sanalika wis rampung anggone wayangan awan nganti bengi banjur ditutup naggo donga keslametan. Tontonan wayang iku mau saka urunane para warga saben sak KK. (Kepala Keluwarga).
Akih banget para warga Dhesa Kalipucangwetan, para warga padha semangat lan kesengsem anggone sedekah bumi ana ing Dhesa Kalipucangwetan. Saka tradhisi mau ana ubarampe sing duweni teges sing dikarepake dening para warga Dhesa Kalipucangwetan yaiku:
  1. Tumpeng Sarobyong minagka pralambang kanggo pengarep masyarakat Dhesa Mayong Muji Syukur marang Gusti ingkang Maha Welas Asih.
  2. Jajanan Pasar minangka pralambang kanggo guyub rukun lan gotong royong marang para warga.
  3. Bubur Pitu werna yaiku pralambang kanggo pitulungan marang Gusti
  4. Endhog sing cacahe pitu Pralamabang wong kauripan sing diwenehi pitulangan marang Gusti akarya jagad.
  5. Kembang Setaman ana papat jenis yaiku mawar (kanggo ngilangake hawa nepsu), Kanthil (kudu tansah kumanthil marang leluhure), Kenanga (kudu ilangake sangkan paran dumadi), melathi (kudu eling lan waspadha).
  6. Sayur-sayuran, pralambang kasuburane wong lan njaluk pitulungan kang dadi slamet.
  7. Woh-Wohan sarta kasil bumi kanggo rasa sukure marang Gusti amarga dadine kasil anggone nanem ning siti lan kanggo muji sukur marang Dewi Sri minangka dewine para tani.

Ancase Sedekah bumi yaiku kanggo rasa sukur marang Gusti amarga kasil taneme ora dadi puso utawa gagal panen, lan kanggo njaluk slamet, raharja, makmur ayem tentrem. Sarta kanggo pakurmatan marang para leluhure sing dadi pepundhen ana ing dhesa Kalipucangwetan kasebut.

Analisis Pranata Ekonomi/Sosial
Tradhisi Sedekah Bumi ana ing Dhesa Kalipucangwetan, dingeti saka sudut pandange kalebu pranata Sosial lan ekonomi amarga akih para warga bebrayan padha nyengkuyung tradhisi Sedekah Bumi, kayata para warga gawe ubarampe digawe saka omah terus digawa dhewe ana ing Balai Dhesa. Iku pertandhakake yen para warga padha gotong royong anggone ana Sedekah Bumi Dhesa Kalipucangwetan. Nanging para warga uga padha nonton pagelaran wayang sedina sewengi ana Balai dhesa. Mulane akih para warga bisa bebarengan lan gawe kerukunan. Mulane ana unen-unen wong Jawarukun agawe santosa crah agawe bubrah yaiku yen padha rukun mesthi bakal santosan nanging yen congkrah mesthi bakal rusak.
Tradhisi mau uga kanggo menehi kasuksesan lan lancare anggone ngerjakake gawe nanem lan khasil. Saka kasile para tani mau kanggo ekonomi awakedhewe lan bisa gawe biyayai uripe kaluwaargane dhewe mualne ana unen-unen Gemah Ripah Loh Jinawi yaiku nggambarake kasuburane bumi nuswantara iki mlihgine Dhesa Kalipucangwetan.

Selasa, 02 Desember 2014

TELAAH PRANATA AGAMA TRADHISI BUKA LUWUR IBU MAS SEMANGKIN

Tradisi Buka Luwur yaiku kanggo pangeling marang Haule Ibu Mas Semangkin sing ana ing Dhesa Mayong Lor. Tradisi iki lumrahe dianake wektu 10 Muharram utawa 10 Sura. Wujud acarane yaiku ana kirab lan njaluk berkah marang leluhure. Ana ing Makam Ibu Mas Semangkin sing diarani Buka Luwur kuwi lumrahe ganti kain putih ana ning kijing pesarean.
Asal-usule kedadeyan Buka Luwur kasebut yaiku wektu jaman biyen ana wong wadon kang sekti yaiku Ibu Mas Semangkin, ing jaman semana Jepara sa-antero mligine Dhesa mayong digawe dredah dening para begal sing isih ngabdi marang Aryo Penangsang. Ibu Mas Semangkin rumangsa sedhih amarga papan panggonan iku nggone bibine yaiku Kanjeng Ratu Kalinyamat, krungu kebar kaya mangkono, banjur dheweke melu perang kanggo brantas para begal sing gawe dredah ning Jepara. Sawise ngalahake para begal Ibu Mas Semangkin ora gelem mulih ana ing Pajang. Ibu Mas Semangkin ana ing Mayong ngajari para warga ngelmu kanuragan, ngaji, nandur pari, lan gawe gerabah saka lemah lempung. Nganti sedane Ibu Mas Semangkin tetep ngabekti ana ing Dhesa Mayong. Mula saka kuwi kanggo pangiling-iling amarga jasane Ibu Mas Semangkin lan dianggep dadi pepundhen Dhesa Mayong Lor, para warga gawe tradhisi sig diarani Buka Luwur.
Buka Luwur iki lumrahe dianake para warga sing dipandegani dening Lurah dhesa. Nanging ora kelalen yen saka Trah Sunan Prawoto yaiku Bagus Mukmin lan Trah Kadilangu Demak teka ana ing Buka Luwur Ibu Mas Semangkin. akih sing Masyarakat Bebrayan mligine Warga Dhesa Mayong padha ngrubung nonton lan njaluk berkah wektu Upacara Buka Luwur. Sarta ana juru kunci makam.
Ubarampe utawa piranti kang dibutuhake kanggo Buka Luwur Ibu Mas Semangkin yaiku Kain Putih utawa luwur, Kembang Setaman, Ingkung Pithik, Sega Tumpeng Sarobyong, Minyak Jamas, Sega Bungkusan, Jajan Pasar, lan Bubur pitung Warna.
Tatacara tradhisi Buka Luwur Ibu Mas Semangkin wektu bengi sadurunge dianakake pengajian. Esuke dianakake Kirab. Wektu kirabe kuwi di Pandegani dening Bapak Lurah Dhesa Mayong. Nanging Bapak Lurah Dhesa Nitih jaran gawa Kain Luwur sing awujud putih lan Minyak Jamas. Semana uga piranti Sega Tumpeng Sarobyong lan jangkepe digawa dening para warga. Kirabe kuwi mubeng Dhesa Mayong Lor sabanjure Minyak Jamas lan Kain Putih mau diwenehake dening Juru Kunci. Banjur Kain Luwur mau dibukak diganti sing anyar.  Diwenehi Minyak Jamas lan Kembang Setaman. Sawise mangkon banjur donga sing ning kono ana Piranti sing dibutuhake kanggo Buka Luwur kayata Sega Tumpeng Sarobyong, Jajan Pasar, Bubur pitung warna lsp. Sabubare donga terus Sega Bungkusan mau diwenehake para warga nganggo cara diuncalake. Nalika semana para warga seneng banget amarga duwe kapercayan kanggo berkah lan rejeki. Sawise kaya mangkono mau acarane ditutup nganggo donga dening Kyai utawa Sesepuh sing pinter agama.

Nanging ubarampe sing dibutuhake kanggo Buka Luwur mau duweni werdi yaiku:
  1. Sega Tumpeng Sarobyong iku minagka pralambang kanggo pengarep masyarakat Dhesa Mayong Muji Syukur marang Gusti ingkang Maha Welas Asih.
  2. Kembang Setaman yaiku ana 4 =  Mawar (kanggo nyumingkiri hawa napsu), Kanthil (kudu tansah kumanthil marang leluhur), Melati (kudu eling lan waspada),  Kenanga (kudu ilang sangkan paran dumadine).
  3. Minyak Jamas pralambang kanggo ngarumake ing makam mligine Supaya Ibu Mas Semangkin tansah Arum ana ing Swarga.
  4. Kain Luwur/kain putih pralambang kasucian.
  5. Jajan Pasar yaiku minangka pralambang kanggo guyub rukun lan gotong royong marang para warga.
  6. Bubur Pitung werna yaiku pralambang kanggo pitulungan marang Gusti.
  7. Ingkung Pithik yaiku kanggo atur pakurmatan marang leluhur.

Kabeh Tradhisi Buka Luwur Ibu Mas Semangkin duweni ancas, yaiku muji sukur marang Gusti Akarya Jagad amarga Gemah Ripah Loh Jinawi dhesa Mayong Lor, lan kanggo nyumingkirake penyakit ana ing dhesa.  Sarta kanggo pakurmatan marang Ibu Mas Semangkin minangka pepundhen Mayong Lor.

Analisis Pranata Agama
Dingeti saka segi sudut pandange agama, Tradhisi Buka Luwur iku kalebu Pranata Agama. Amarga Tradhisi kasebut isih nggunakake donga-donga yaiku dongane wong Islam, lan sesajine padha didongani sing duweni ancas utawa pralambang pengarep-arepe warga Dhesa Mayong Lor nyuwun berkah sarta Kaslametan.
Saka kedadeyan iku dudutane kabeh Masyrakat Mayong Lor nyuwun papan panggonane diadohake saka memala lan aja diweki gagal panen utawa puso mulane para warga gawe tradhisi kasebut kanggo nyuwun kaslametan lan rasa sukur marang Gusti ingkang Maha Welas Asih. Apa maneh acarane nganggo donga sing dipandegani dening sesepuh sing pinter agama, sesepuhe padha wae percaya yen ana ing donya urip kudu tansah rukun santosa.

Senin, 01 Desember 2014

TELAAH PRANATA KELUARGA TRADHISI BANCAKAN MOMONGAN WETON

Tradhisi Bancaan  Momongan Weton yaiku  tradhisi bancakan kanggo awakdhewe utawa Weton Dina Lahire. Tradhisi wis lumrah ana ing Tanah Jawa mligine Jawa Tengah.. Bancakan Momongan Weton kuwi wujude upacara kanggo ngilangi memala lan jaluk slamet uripe marang Gusti lan leluhur. Tradhisi iki dianakake selapan dina yaiku 35 dina wektu tiabane dina lan wetone. Ing jaman biyen para leluhur seneng banget anggone ana Tradhisi bancakan Momongan, saka pakulinane para leluhur nganti saiki isih ana. Nanging ana ing Kecamatan Welahan Jepara tradhisi iki wis rada luntur.
Bancakan Momongan Weton kuwi lumrahe dianakake saben kulawargane dhewe-dhewe. Tradhisi iki didongani dening bapake dhewe utawa sing paling tuwa ana ing kulawarga. Ana ing Kabupaten Jepara mligine Kecamatan Welahan saben acara Bancakan Weton  mesthi beda karo adhate karo dhaerah liyane.  Kayata ana ing acara Bancakan Momongan Weton ana ubarampe utawa piranti sing butuhake kanggo Bancakan momongan yaiku kacang panjang, sega tumpeng, kangkung, endhog ayam, bubur pitung werna, lan jajanan pasar.
Tatacara Tradhisi Momongan Weton  yaiku  kanggo ubarampe sing dianggo sesaji iku mau wis didelehake dadi siji ana papan panggonan. Banjur didongani dening bapak utawa wong tuwa sing dianggep paling sepuh ning kulawarga. Dongane lumrahe gawa doa tahlilan. Sawise bubar donga tahlil, sesaji mau didum-dumake marang tetanggane, dipangan dhewe sarta didelehake ning ngisor papan turune sing dimomongi. Sesaji iku mau duweni pralambang kaya mangkene:
  1. Gudangan lan bumbu urape yaiku kanggo pralambang yen umure kurang saka wolung tahun bumbune ora pedes, nanging yen punjul saka wolung tahun dadi pedes. 
  2. Sega Tumpeng yaiku kanggo pralambang rasa muji sukur marang Gusti Allah SWT.
  3. Endhog Ayam kanggo pralambang njaluk pitulungan marang Gusti
  4. Bubur Pitung Werna pralambang kanggo kabecikane sing dimomongi
  5. Jajanan Pasar kanggo njaluk rezeki, keslametan ana ing ngendi wae.
  6. Sayuran pitung werna yaiku pralambang kanggo nyuwun pitulungan. Mulane sayurane kudu pitu.

Ancase Tradhisi Bancakan Momongan Weton ning kulawarga yaiku kanggo nekakake rejeki lan buwang memala sing dimomongi.  Sarta kanggo nglurusake sing dimomongi supaya ning dalan pener utawa digulawentah.

Analisis Pranata Keluarga
Tradhisi Momongan Weton kalebu  pranata keluarga, amarga tradhisi Bancakan Momongan Weton iku dilaksanake ana ing keluargane dhewe-dhewe. Saka panjlentrehe iku mau aku sarujuk yen ana Momongan ning Kulawarga amarga tradhisi iku mau wujudake kanggo kabecikane keluwarga lan sing dimomongi.
Ancase kanggo  Momongan Weton iku sing utama yaiku kanggo buwang memala sing ning awakedhewe. Semana uga kanggo sing dimomong digulawentah supaya dadi apik lan diwenehi pener ing dalan sing lurus. Nanging Pranata kaya mangkono iku ing jaman saiki para warga wis wegah mligine ana ing keluwarga anggone gawe tradhisi Bancakan Momongan  kasebut. Amarga akih kulawarga sing padha sibuk dhewe-dhewe saengga ora bisa nganakake tradhisi momongan. Mulane generasi mudha kudu nguri-uri tradhisi iku mau saengga bisa lestari anggone Bancakan Momongan Weton iku mau.