Semebar
arum wangi, nggambarake gandaning kusuma, endahing pamimpin amanca kang
apik, saking anggane sekar kedaton nagari Manthili Sang Dyah Ayu Sinta. Remaja
putri kang wus ngancik dewasa, sakmenika dadi pujaning putra para raja manca nagari.
Dasare putri adi Manthili dedege sarenteg pangawak dara, alus pasemone anteng,
eseme pait madu.
Sak antawis ngenekake sayembara mentang
langkap kyai Gandewa Dibya, sapa kang bisa menuhi sarat iku, ya kuwi kang dadya
jatu kramane sang putri Manthili yaiku Dyah
Ayu Sinta. Sanadyan wis akeh para raja lan para satriya kang mlebu ing
sayembara, ananging durung ana kang kuwat
mutung dedere langkap. Kang andadekake susahing ati Sang Maha Prabu Janaka.
Sang
retna susah mirsani susahing ati Sang Rama. Sang retna ndisiki mapag sungkem
marang sang Rama. Sakwise lamun sira ngenteni
tekane para raja lan satriya kang bisa naklukake sayembara mentang gadewa
dibya, jumbuh karo pangarep-arepane sang retna, Raden Rama Wijaya melu kang adhi
Raden Lesmana Widagda Satriya ing Ayodya, ketemu Prabu Janaka kanggo naklukake
sayembara mentang gandewa dibya.
Tekane Raden Rama Wijaya lan Raden
Lesmana Widagda mara ing ngarsane maha
Prabu Janaka njawab dongane sang retna. Raden Rama Wijaya arep nyoba sayembara
mentang gandewa dibya maca mantra kang biyasa diucapake manungsa, kang
dikabulaken Sanghyang Wisnu kang wenang andum kabahagyan. Andadekake penggalih Sang
Maha Prabu Janaka katuju citraning sang abagus. Mangkana sang retna Manthili ketemu kang
kapisan karo satriya Rama, geter jroning penggalih, kaya ngusik-usik gumulung
ombak ing samodra, netra kepencut. Mangkana uga sak jroning penggalihing Rama,
kang sapindhah kepaut tresna karo Sang Retna Manthili.
Rama njaluk izin karo Prabu Janaka arep
nyoba sayembara kuwi. Saknalika Rama bangkit saka palungguhane, mlaku tekan
papan dununge gandewa dibya. Para Raja
sewu nagara gumun ing penggalih, dene isih ana satriya kang arep mlebu ing
sayembara mentang gandewa dibya. Apa bisa kadadeyan mentang gandewa aji
Manthili kuwi. Cikat trengginas Sang Rama munggah ing kencana mbuka, nekuk
lutut lan ngucapake sesembahan. Njaluk anugrahing bathara. “Duh bathara,
sesembahing janma, muga menehi anugrah marang kula. Duh kanjeng Prabu Dasarata
saha Kanjeng ibu Dewi Ragu, paduka kang dadi panguat kula, kang jumbuh dongane
datheng kula, muga paringana puji rahayu kasembadan sedya kula”.
Sang Rama bangkit saka sembahe antuk
bayangan, nyeluk angin mobat mabit. Saknalika Gandewa sigar sapisan runtuh. Raden
Rama saged menuhi sayembara, Sinta bakal dadi pendampinge Raden Rama. Kang
pancen tibane asmara Sinta iya karo
Raden Rama. Sakwise sayembara kuwi, ramane Sinta ngenekake pesta manten. Sinta
dadi garwane Rama, diboyong menyang Ayodya. Ana ing tengah dalan, Rama
ditantang menthang langkape Rama Bargawa. Rama ngeculake panah pas tengah dada,
Rama Bargawa koncatan nyawa. Rama nglanjutake mlaku menyang Ayodya.
Rama teka, ing Ayodya, Rama bakal
diangkat dadi ratu pinangka pembarep gantine Dasarata. Ananging Kekayi, garwa
selir prabu Dasarata nagih janji. Nalika sadurunge dipundhut garwa, panyuwune yaiku,
yen duwe putra lanang mengkone bakal jumeneng nata Ayodya. Dasarata ngabulake
panyuwune Kekayi. Rama wurung dadi ratu, malah kudu nglakoni ukuman ing alas
Dhandhaka. Rama, Sinta, lan Laksmana banjur ngembara ninggal kedhaton. Ora suwe
prabu Dasarata banjur seda. Barata rumangsa ora pantes dadi ratu. Dheweke
banjur nggoleki Sri Rama, supaya Rama bali nata Ayodya. Ananging Rama ora gelem
amarga satriya ora bakal ngingkari janji sedya nampa ukum. Barata didhawuhi
Rama supaya jumeneng nata sawetara, tekan mulihe Raden Rama.
Ing alas Dhandhaka, ana raseksi aran
Surpanakha kasengsem marang Laksmana. Ananging Laksmana ora mempan kagodha. Surpanakha
nepsu banjur matur marang kangmase, Rahwana mbujuk supaya nyulik garwane Rama
kang ayu rupa. Sang Rawana banjur ndhawuhi raseksa Kala Marica supaya nyulik
Sinta. Marica banjur memba dadi kidang emas. Sinta kasengsem banjur nyuwun
supaya nggudag kidang emas iku. Rama budhal dhewe ninggal Sinta lan Laksmana.
Si kidang emas gesit banget, ora bisa kacekel. Sri Rama anyel banjur nglepasake
panah. Si kidang emas njerit kelaran lan mati, malih dadi raseksa. Krungu
jeritan mau, Sinta ngutus Laksmana supaya nggoleki Rama. Laksmana ora gelem
amarga kautus njaga Sinta. Sawise ditudhuh yen Laksmana arep ngarah dheweke,
Laksmana banjur nggoleki Rama lan ngandani Sinta supaya ora kegodha rencana. Sawise Sinta dhewekan,
Rahwana banjur teka. Rahwana nyulik Sinta. Peksi sang Jatayu krungu jeriting Sinta kang tau dadi kancane prabu
Dasarata. Jatayu nulungi Sinta, anangin Jatayu kalah. Jatayu menehi ngerti
marang Rama lan Laksmana, yen Sinta diculik Rahwana. Rama lan Laksmana banjur
nggoleki Dewi Sinta ing kedhatone Rahwana.
Ing Nagara Alengka Rahwana nyembah
marang Sang ibu, Rahwana dituturi dening ibu. Sakwise ibu diderekake dening
Wibisana. Banjur Rahwana tumuju marang Taman Soka marani Dewi Sinta, ngrembug
Sinta gelem dadi bojone Rahwana. Sinta
milih mati tinimbang karo Rahwana. Sinta muji apike Sang Rama. Rahwana nesu
nyabut keris, “Tinimbang ndeleng mata Sinta karo Rama, aluwung dak pateni.” Rahwana arep mateni Sinta nganggo kerise, saknalika Sinta mbalik madeg ana ing
ngarepe Rahwana, Rahwana luluh kesengsem kaliyan ayuning Sinta, keris tiba lan Rahwana lunga ninggalake Sinta.
0 komentar:
Posting Komentar