Desa
Kalipucangwetan, Kecamatan Welahan Kabupaten Jepara, saben tahune nganakake
Tradhisi Sedekah Bumi. Tradhisi sedekah Bumi dilaksanakake wektu wulan apit.
Papan panggonane ana ing Balai Dhesa. Kabeh warga kalipucangwetan padha kumpul
bebarengan lan nyengkuyung bebarengan.
Tradhisi
iki dipandegani dening Bapak Lurah Dhesa lan disengkuyung dening para warga
masyarakat Dhesa Kalipucangwetan. Akih para warga sing nonton lan seneng ngramekake Tradhisi Sedekah Bumi
iki. Ana ing Sedekah Bumi Akih para tani sing ngramekake. Saking senenge para
tani amarga sukses lan hasil bumine Gemah Ripah Loh Jinawi, mulane dianakake
tradhisi Sedekah Bumi.
Nanging
ana ing Sedekah Bumi nggawa ubarampe sing diperlukake kanggo Sedekah Bumi
kayata Tumpeng Sarobyong, Ingkung, Jajanan Pasar, Bubur Pitu, Endhog sing
cacahe pitu, kembang Setaman, Sayur-sayuran, lan woh-wohan sarta kasil bumi
Dhesa kalipucangwetan dhewe. Ubarampe sing dianggo Sesaji iku mau kabeh sing
gawe lan digawa dening para warga Kalipucangwetan.
Tatacara
upacara tradhisi Sedekah Bumi iku mau kudu dilaksanakake dina Rabu Pahing.
Amarga dina kuwi lahire lan sedane para leluhur Dhesa Kalipucangwetan. Acara
Sedekah Bumi iku mau diwiwiti saka dina Senin maca al-qur’an kanthi katam,
sawise mangkono selasa awan nganti tekan Sore nganakake ziarah lan donga tahlil
ana ing makam-makam para leluhur Kalipucangwetan. Para leluhure kayata Mbah
Makruf, Mbah Silangak, Mbah Jaya, Mbah Sugati, Mbah Sakir. Banjur diwenehi
kembang setaman iku mau. Bengine ba’dha magrib ana slametan. Nah slametane iku
ditekani para warga sing gawa sesaji ubarampe Sedekah Bumi. Papan panggonane
ana ing Balai Dhesa. Slametan mau didongani gawa donga tahlilan lan donga
njaluk kaslametan, sing dongani dening para pemuka agama. Sawise rampung
slametan para warga padha mangan ubarampe sing didongani iku mau, sebagian ana
sing digawa mulih. Sabubare kaya slametan para warga nyengkuyung gawe traktak
kanggo pagelaran wayang sedina sawengi. Wayange diwiwiti saka dina Rabu awan
lan bengi. Biasane lakone bedha-bedha. Sanalika wis rampung anggone wayangan
awan nganti bengi banjur ditutup naggo donga keslametan. Tontonan wayang iku
mau saka urunane para warga saben sak KK. (Kepala Keluwarga).
Akih
banget para warga Dhesa Kalipucangwetan, para warga padha semangat lan
kesengsem anggone sedekah bumi ana ing Dhesa Kalipucangwetan. Saka tradhisi mau
ana ubarampe sing duweni teges sing dikarepake dening para warga Dhesa
Kalipucangwetan yaiku:
- Tumpeng Sarobyong minagka pralambang kanggo pengarep masyarakat Dhesa Mayong Muji Syukur marang Gusti ingkang Maha Welas Asih.
- Jajanan Pasar minangka pralambang kanggo guyub rukun lan gotong royong marang para warga.
- Bubur Pitu werna yaiku pralambang kanggo pitulungan marang Gusti
- Endhog sing cacahe pitu Pralamabang wong kauripan sing diwenehi pitulangan marang Gusti akarya jagad.
- Kembang Setaman ana papat jenis yaiku mawar (kanggo ngilangake hawa nepsu), Kanthil (kudu tansah kumanthil marang leluhure), Kenanga (kudu ilangake sangkan paran dumadi), melathi (kudu eling lan waspadha).
- Sayur-sayuran, pralambang kasuburane wong lan njaluk pitulungan kang dadi slamet.
- Woh-Wohan sarta kasil bumi kanggo rasa sukure marang Gusti amarga dadine kasil anggone nanem ning siti lan kanggo muji sukur marang Dewi Sri minangka dewine para tani.
Ancase Sedekah bumi yaiku kanggo
rasa sukur marang Gusti amarga kasil taneme ora dadi puso utawa gagal panen,
lan kanggo njaluk slamet, raharja, makmur ayem tentrem. Sarta kanggo pakurmatan
marang para leluhure sing dadi pepundhen ana ing dhesa Kalipucangwetan kasebut.
Analisis Pranata Ekonomi/Sosial
Tradhisi
Sedekah Bumi ana ing Dhesa Kalipucangwetan, dingeti saka sudut pandange kalebu pranata
Sosial lan ekonomi amarga akih para warga bebrayan padha nyengkuyung tradhisi
Sedekah Bumi, kayata para warga gawe ubarampe digawe saka omah terus digawa
dhewe ana ing Balai Dhesa. Iku pertandhakake yen para warga padha gotong royong
anggone ana Sedekah Bumi Dhesa Kalipucangwetan. Nanging para warga uga padha
nonton pagelaran wayang sedina sewengi ana Balai dhesa. Mulane akih para warga
bisa bebarengan lan gawe kerukunan. Mulane ana unen-unen wong Jawarukun agawe
santosa crah agawe bubrah yaiku yen padha rukun mesthi bakal santosan nanging
yen congkrah mesthi bakal rusak.
Tradhisi
mau uga kanggo menehi kasuksesan lan lancare anggone ngerjakake gawe nanem lan
khasil. Saka kasile para tani mau kanggo ekonomi awakedhewe lan bisa gawe
biyayai uripe kaluwaargane dhewe mualne ana unen-unen Gemah Ripah Loh Jinawi
yaiku nggambarake kasuburane bumi nuswantara iki mlihgine Dhesa
Kalipucangwetan.
0 komentar:
Posting Komentar