Kacarita
nalika sakdurunge perang Baratayudha diwiwiti, para Pandhawa dan Kurawa digawe
geger amarga Prabu Kresna nindakake Tiwikrama ing Bale Kambang Negara
Dwarawati.
Prabu Kresna kuwi raja saka negara Dwarawati, asmane
kajupuk saka asmane Prabu Kunjana Kresna Raja Dwarawati kang dikalahake dening
prabu Kresna, utawa asma Kresna iku nduweni arti ireng, amarga kulit lan daging
prabu Kresna iku ireng. Prabu kresna uga diarani Prabu Harimurti sing nduweni
arti titisane Dewa Wisnu. Nalika isih mudha Prabu Kresna jenenge Raden
Narayana, lan pusakane yaiku Jimat Kembang Wijayakusuma lan Cakra. Prabu Kresna
kuwibisa dianggep pembimbinge para pandhawa, malah kadhang bisa dianggep dhalang,
amarga sing ngatur siasat negara, perang, lan liya-liyane.
Prabu kresna nalika tiwikrama dadi raksasa nalika
sadurunge perang Baratayudha, prabu kresna tiwikrama kangge mohon kaliyan dewa
supaya diparingi kitab Jitapsara kang isine jadwal lan aturan-aturan ing perang
Baratayudha. Pandawa lan Kurawa mangerteni niate Prabu Kresna nindakake tapa.
Amarga sapa kang bisa gugah saka pertapaane bakal unggul, lan bisa dikabari bab
perang Baratayudha.
Kurawa kelompok kang pertama ana ing Balekambang, nanging
ing kana ana Satyaki, Satyaka, Emban Druwaja, lan Patih Udawa kang jaga ana ing
Balekambang. Para abdi ora menehi ijin yen para Kurawa gugah Prabu Kresna.
Mulai saka Raja Duryodana, Adipati Karna, Patih Sengkuni perang nglawan abdine Negara
Dwarawati, nanging kalah ana ing tangane Satyaki. Prabu Baladewa uga nyoba
gugah Prabu Kresna nanging kena dening senjata Cakrane Prabu Kresna.
Rombongan
Pandhawa kang uga nyoba gugah Prabu Kresna. Di paringi ijin marang Satyaki,
amarga nasehate Kyai Badranaya (Semar). Pertama Puntadewa nyoba gugah, nanging
ora bisa, kaping pindho Werkudara uga kaya Puntadewa, kang terakhir nyoba yaiku
Arjuna, Arjuna miwiti saka samparane Prabu Kresna krasa anyep. Arjuna matur
marang semar yen Prabu Kresna malepas sukma. Semar ngendika yen Arjuna kudu
malepas sukma nyusul Prabu Kresana ana ing Suralaya. Arjuna langsung nindakake
semedi, sukma Arjuna kang jenenge Sukmalanggeng ucul saka raga, langsung nyusul
Sukmawicara (Sukmane Prabu Kresna).
Ing
Suralaya Batara Guru ngadakake pertemuan kaliyan Batara Narada, Batara
Penyarikan, Batara Indra, lan Batara Brama, kangge bahas masalah ing dunia kang
nyebabake ing Suralaya kena pengaruhe. Batara Narada cerita yen Kresna
Tiwikrama ana ing Balekambang. Kang nduweni maksud supaya Kresna bisa nduweni Kitab
Jitapsara “Pakem Baratayudha”. Batara Guru lan Batara Naradalangsung nyusun
pakem Baratayudha, sakdurunge Prabu Kresna ing Suralaya. Batara Panyarikan kang
dadi panitera di perintah Batara Guru kangge nyathet apa kang Batara Guru
terapke ing perang Baaratayudha.
“Resi
Seta perang lawan Resi Bhisma, Resi Seta gugur”. “Dewi Wara Srikandi perang
lawan Resi Bhisma, Resi Bhisma gugur”
Raden
Abimanyu gugur ana ing tangane Raden Jayadrata. Nanging ing wayah Batara
Penyarikan nulis yen Prabu Baladewa nglawan Raden Antareja, dumadakan ana tawon
lanceng putih kang nabrak wadah tinta, saengga tintane wutah ana ing tulisan
Raden Antareja. Tawon lanceng putih ilang diganti dening sukmawicara. Batara
Guru lan Batara Narada nemoni Sukmawicara lan takon apa sebabe Sekmawicara
nglakoni tindakan kaya mangkana. Sukmawicara jawab yen dheweke ora setuju yen
Baladewa tanding marang Antareja, amarga Antareja ora tandingane Prabu
Baladewa. Sukmawicara nduweni cara kanggo nyingkirake Antareja, lan Sukmawicara
nduweni Kitab Jitapsara. Nanging Sukmawicara kudu ngganti Kitab kuwi kaliyan
Kembang Wijayakusuma. Sukmawicara nyanggupi lan atur pamit.
Sapeninggal
Sukmawicara, Sukmalanggeng ana ing Suralaya lan nyuwun pirsa marang Batara
Guru, mangenai Sukmawicara. Batara Guru ngendika yen pamit lan kasil nggawa
Kitab Jitapsara. Sukmalanggeng pamit lan langsung nyusul Sukmawicara.
Sukmalanggeng kasil nyusul Sukmawicara lan nuntut Kitab jiptasara, nanging
Sukmawicara tetep njaga kitabe. Akibate Sukmalanggeng perang nglawan
Sukmawicara. Nanging loro-lorone padha ninggalake papan perang, Sukmawicara
mlebu ana ing ragane, Sukmalanggeng uga mlebu ana ing ragane. Krisna bangkit
saka tiwikrama. Arjuna bangkit langsung ing sandhinge Prabu Kresna kanggo
rundingan isi Kitab Jitapsara. Kitab iku isine ora mung ngrebutake hak atas
negara utawa tanah air, nanging uga negaakake kebeneran lan keadilan “Sing
bener ya bener, sing salah ya kalah”. Prabu Kresna bakal ana ing pihak Pandhawa
amarga pandhawa ana ing pihak kang bener.
Nanging
ana kang dadi masalah yaiku Antareja. Kepriye carane nyingkirake Antareja. Para
Pandhawa nyerahake masalah kuwi ana ing Prabu Kresna.. Prabu Kresna tumuju ana
ing Balekambang kang neing kana ana Antareja. Antareja ditakoni kepriye
kesiapane kanggo perang Baratayudha, antareja ngoming yen dheweke siap amarga
diwarisi tring Kencana Pusaka, kang bisa
gawe lawan utawa musuh moksa yen awakke dijilat utawa telapak sikile. Kangge
mbuktikake omongane Antareja, Prabu Kresna ndawuhi yen Antareja gelem njilat
telapak sikil kang ana ing sandhinge, Antareja njilat bekas telapak sikile
dhewe, langsung gawe awake moksa lan munggah ana ing Swarga.
Raja
Duryodana isih nduweni kepengin mboyong Prabu Kresna ana ing Ngastina, para
Korawa lan Raja Duryodana menyang ana ing Negara Dwarawati. Nanging Prabu
Kresna nolak panyuwunane Raja Duryodana di boyong ing Negara Ngastina. Lan iki
kang nyebabkake prajurit Korawa nyerang (gempur) Negara Dwarawati. Para
Pandhawa biyantu Kerajaan Dwarawati. Duryodana lan pasukan Korawa bali ana
Negara Ngastina tanpa mboyong Prabu Kresna. Para Pandhawa lan para warga
Dwarawati pesta bareng kanggo ngrayaake kemenangane Negara Dwarawati.
0 komentar:
Posting Komentar