Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Senin, 08 Desember 2014

PENCAK MACAN, TRADHISI TEMU TEMANTEN PESISIRAN


Kesenian tradhisional asli saka wewengkon Gresik kang nganti saiki isih diuri-uri lan dilestarekake lan kabukten isih bisa disekseni tampil ana madyane bebrayan antara liya Jaran Jenggo saka desa Sumurber Panceng, Gulat Okol saka Menganti, Jaran Kepang saka Ujung Pangkah, Pencak Macan saka kelurahan Lumpur kecamatan Gresik, Jaran Kencak saka Balongpanggang.
Kesenian tradhisional Pencak Macan iki anane  ing desa Lumpur, salah sijine desa kang klebu kecamatan Gresik Kota. Nadyan kesenian iki saya suwe sansaya kegerus dening kemajuan jaman uga kadhesek anane maneka kesenian modern kayadene band, elekton utawa dhangdhutan, tujune para warga mligine para mudha isih duwe semangat lan ora eklas yen kesenian iki ke­silep luwih jero maneh. Ora eklas yen kesenian ini wekasane mung ninggal crita. Mula saka kuwi wis sawatara wektu iki, mligine para mudha lan bocah-bo­cah padha aweh panyeng­kuyung banjur digladhi manggung Pencak Macan. Manut seniman Ucok Supandhi kang jebolan IKJ Jakarta, kesenian tradhisio­nal Pencak Macan duwe sejarah dawa tumrape masyarakat Lumpur. Pencak Macan wis ana ing Lumpur atusan taun kepungkur. Mulane dikayangapa wae, ke­senian tradhisional kuwi kudu diles­tarekake.


Pencak Macan mujudake kesenian tra­dhisional kang anggone manggung lumrahe ngiringi arak-arakan rombo­ngan temanten kakung nuju daleme temanten putri ing adicara te­mu temanten. Ing adicara te­mantenan warga Lumpur, pa­datane sawise ijab kabul wis kaleksanan kanthi gangsar tanpa ana alangan apa-apa, temanten kakung sauntara banjur pamit bali dhisik me­nyang daleme dhewe. Adicara sabanjure lagi diadani ing wektu awan nanging ing dina kang padha utawa nunggal dina, kanthi ngiring temanten kakung nganggo arak-arakan diramekake kesenian tradhisional Pencak Macan. Saliyane  manggung mligi dadi pengiring ing adicara temu temanten, Pencak Macan uga bisa manggung ing adicara liyane kayadene festival budaya, Agustusan, pengetan mahargya hari jadi kabupaten, lan melu mangayubagya minangka duta seni yen kerawuhan tamu agung utawa tamu wisata.


Manut katrangan saka Abd. Ghofur kang didhapuk mandhegani pakumpulan Pencak Macan Seputra, ing desa Lumpur wektu iki ana sawatara klompok pa­kumpulan kesenian Pencak Macan. Kang gawe bungah, ing wektu iki akeh para mudha kang ketarik dadi anggota lan pemain Pencak Macan. “Saiki akeh para nom-noman sing dadi anggota Pencak Macan. Ana sing milih dadi penabuh gamelan pengiring, lan ana sing dadi paraga pemain. Yen wektune gladhen uga sregep-sregep. Semono uga yen lagi manggung ing tang­gapan. Iki sing banget nyenengake. Tegese para generasi mudha ngrumang­sani yen duwe tanggung jawab ngles­tarekake kesenian tradhisional mligine ing tlatah pesisiran iki,” kandhane Ghofur.
Saklompok kesenian tradhisional Pen­cak Macan duwe anggota 15 nganti wong 20, kang dumadi kanggo paraga pemain lan penabuh gamelan pengiring. Tetabuhan gamelan pagelaran kesenian tra­dhisional temu temanten tlatah pesi­siran iki dumadi saka kenong, gong, kendhang lan jidhor. Wiramane tetabu­han meh padha karo laras tabuhan ke­senian pencak silat. Semono uga nalika tampil ing kalangan utawa sandhuwure panggung, olah gerak para paraga pe­maine meh padha karo olah gerak ing pencak silat. Ana tampilan kembangan lan ana tampilan tandhing utawa tarung. Saliyane digelar kesenian Pencak Macan, ing adicara temu temanten padatane uga kairing kesenian Hadrah mawa musik mligi terbangan kang ngiringi kuman­dhange tembang-tembang sholawat memuji sarta ngagungake panjeneng­ane Nabi Muhammad SAW. Padatane rombongan seni Hadrah lumaku ngapit ing sisih kiwa tengene arak-arakan te­manten kakung kliling sakupenge desa nganti tekan papan sasana panggih ing daleme temanten putri. Kanthi digelare kesenian loro kuwi, swasana temu man­ten diajab narik kawigatene para warga lan penonton uga para tamu kang mligi rawuh nekani hajatan.


Manut Loemaksono salah sijine se­sepuh warga, rerangken kesenian kang digelar ing adicara temu temanten kuwi sejatine pralambang utawa sanepan mawa werdi piwulang luhur adi luhung kang migunani, mligine kanggo teman­ten  sakloron lan uga sok sapa wae kang gelem metani werdi isine pralambang ngaurip.
Kesenian Hadrah nganggo musik ter­bangan kairing tembang shalawat nge­mu teges menehi piwulang antebing ke­imanan kang kudu tansah diugemi dening temanten. Urip jejodowan kang arep di­la­koni kudu kabangun adedhasar agama lan iman. Saliyane kuwi uga kudu tansah ndedonga supaya temanten sakloron sa­jroning urip bebrayan sarta mbangun jejege bale wisma tansah kalis saka panggodhane setan. Ing pagelaran Pencak Macan sejatine ana “sosok paraga utama” telu yakuwi, paraga minangka tokoh topeng macan, paraga tokoh topeng kethek lan paraga tokoh topeng gendruwo.


Paraga kapisan topeng macan, mu­judake pralambange  temanten kakung minangka kang dadi imam utawa pe­mim­pine bale wisma kang wis sames­thine kudu nduweni tekad semangat tanpa kendhat makantar-kantar suthik mun­dhur anggone golek rejeki kang halal  lan barokah kanggo sisihane lan anak tu­rune. Saliyane kuwi sipate macan uga digdaya yakuwi menehi pengayoman lan katentreman tumrap kulawargane. Kapindho paraga topeng kethek, mengku pralambang temanten putri kang kudu duwe niyat kanthi ati suci tansah setya tuhu marang prasetyaning janji marang guru lakine, eklas ngrung­kebi lan njaga katentreman kulawar­gane.
Paraga katelu wujud topeng gendru­wo, mujudake pralambange sakabehing pacoban lan rubeda kang kudu diadhepi dening  temanten kakung miwah putri nalikane bebarengan mbangun balewis­ma ing madyaning bebrayan agung. Mu­lane ing pagelaran Pencak Macan, pa­raga topeng macan dalah paraga topeng kethek kudu ngadhepi krodaning gendru­wo kang tansah gawe reribet, kebak ka­nepson ala. Nanging pungkasaning  pa­raga gendruwo kasil diasorake.

Kethopang Lan Ponthang Lima


Ing arak-arakan kesenian tradhisional Pencak Macan, saliyane kairing Hadrah uga isih ana rerangken arak-arakan liya­ne kang sinebut Kethopang lan sijine maneh Ponthang Lima. Kethopang  mu­judake rerangken rupa kembang ma­yang,  who-wohan  kang ditancepi sada janur dawa banjur diblebed dluwang ma­neka warna selang-seling abang, kuning, biru, ijo, ungu. Ing adicara arak-arakan lumrahe ana pirang-pirang Ke­thopang. Saben Kethopang disangga pring plengkung dawa. Nalika adicara prosesi arak-arakan temanten, ketho­pang kuwi uga melu diarak pisan. Nalika ing satengahing dalan nuju sasana pang­gih temanten, arak-arakan pring pleng­kung Kethopang banjur dadi rebutan uta­mane kanggo bocah-bocah awit ing sada janure padatane uga dikanteni dhuwit kertas kang pengajine werna-werna wi­wit sewu rupiah, rong ewu rupiah nganti limang ewonan rupiah. Dhuwit kuwi di­taleni bolah diseleh ing pucuking pleng­kung pring. Dhuwit minangka udhik-udhikan kuwi dadi rebutane bocah, kang kasil antuk dhuwit banjur tuku panganan didum sakancane. Dhuwit saka sada janur ing pucuk pring Kethopang kuwi dipercaya ngandhut sawab berkah lan barokah.
Ponthang lima, wujud rerenggan rupa prau kang digawe saka godhong gedhang rinengga janur. Saben Pon­thang banjur diiseni ketan warna siji. Ana Ponthang lima, mawa isi ketan ireng, putih, kuning, abang, ijo. Ing tengah ponthang diwenehi wangunan tumpeng cilik saka bletetan godhong gedhang, lan pucuke direnggani sada janur.“Rerangken Ponthang Lima menika wonten adicara temu temanten sejatos­ipun ngandhut filosofi katujokaken du­mateng temanten kekalih. Wosipun, ka­ajap supados anggenipun jejodowan tan­sah nglampahi ibadah sholat wajib gang­sal wektu manembah dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung,” ujare salah sijine sesepuh Pencak Macan.

Macapat Serat Sindujoyo


Rerangken arak-arakan Pencak Ma­can kuwi luwih komplit maneh yen sho­hibul hajad uga nganakake adicara tem­bang Macapatan. Tembang macapatan kang lumaku ing tlatah pesisiran iki cengkoke gagrag Pesisiran. Mulane rada beda karo cengkok tembang macapatan umume. Macapatan gagrag pesisiran kanthi maca tembang Serat Sindujoyo (Babad Kroman-Lumpur) kang padatane ditindakake dening Mbah Nurhasim kang yuswane saiki ngancik sangang puluhan taun. Mbah Nurhasyim mujudake wong siji-sijine kang wektu saiki isih bisa nembang macapat. Emane nadyan putra turune isih ana, nanging angel ang­gone nyinaoni macapatan. Kandha­ne Mbah Nurhasyim, kitab Serat Sindujoyo kang sasuwene iki isih dianggo nembang macapatan mung wujud kitab duplikat utawa fotocopy-ne wae, awit kitab kang asli ajeg disimpen ana papan pesareyane Mbah Kyai Sindujoyo ing Makam Dalem Gresik.
Manut para sesepuh ing desa Lum­pur, wosing pralambang-pralambang kang ditindakake ing prosesi tradhisi Pencak Macan pancen duwe kandhutan surasa jero banget yakuwi ngemu panuntun lan piweling adiluhung tumuju sampurnane kulawarga kang sakinah, mawaddah lan warohmah. Gandheng karo surasane filosofi urip kang jero lan adiluhung kuwi, mula ora jeneng aneh yen klompok Pencak Macan uga melu digelar ngregengake kegiyatan liyane kayadene mahargya tekane tamu ing adicara Gresik Tempo Doeloe, Festival Makanan, Jajanan Khas, Hari Jadi Kutha lan Kabupaten, kunjungan tamu wisata antara liya saka Badan Pelestarian Pusaka Indonesia, tamu wisata saka man­canegara.


Kayadene kang wis kela­kon nalikane nampa kunjungan wisata budaya para mahasiswa saka International Islamic University Malaysia. Tamu saka Malaysia kuwi racake uga padha kesengsem karo atraksi Pencak Macan.“Kesenian tradhisional kaya Pencak Macan iki apik banget, tak kira kudu tansah dilestarekake,” mangkono jarwa­ne basa Melayu kang dingendikakake dening Prof.DR Abd. Razak Saipan, MPd – dosen uga pimpinan rombongan mahasiswa Malaysia nalika mirsani dhewe atraksi Pencak Macan. Tamu wisata saka Malaysia kuwi, ndeleng atraksi Pencak Macan ing sangarepe Bale Kambang. Wa­ngunan Bale Kambang sejatine mu­judake salah sijine situs kuna kang diper­caya minangka wangunan kiriman saka Blambangan Banyuwangi taun 1428 Saka  utawa 1506 Masehi, nalika jamane Kanjeng Sunan Giri lan Kyai Sindujoyo. Paraga Kyai Sindujoyo minangka cikal bakal adege wewengkon desa Lumpur, Kroman lan sakupenge. Situs Bale Kam­bang iki mawa tetenger kang nerangake yen dhek biyene kumambang ing sate­ngahing segara, tumuli dipinggirake pa­ra nelayan. Nitik cakrike saka utawa pi­lare bale, cetha yen Bale Kambang mau asale saka Blambangan.

0 komentar:

Posting Komentar