Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Selasa, 16 Desember 2014

RITUAL NAWU SENDHANG SELIRAN KOTAGEDE

Dina Ahad, 18 Mei 2014 kepungkur atusan warga padha teka ing Kompleks Pasareyan Raja-Raja Mataram ing Kotagede. Ing Pelataran Masjid Gedhe Mataram kang umure atusan taun iku para warga kepe­ngin ngestreni prosesi  Nawu Sendhang Seliran. Prosesi nguras sendhang iki dia­dani saben taun sepisan. Perlu kawuni­ngan yen ing Komplek Pasareyan Kota­ge­de, ana sendhang loro kang isih dipe­pun­dhi yaiku Sendhang Seliran Kakung lan Sendhang Selirang Putri.


Sendhang loro iki banyune mili saka tuk kang ana ing pasareyan Panembahan Senopati. Sendhang kakung dikuras dening para abdi dalem saka Kasunanan Sura­karta. Sendhang Seliran Putri ditawu de­ning abdi dalem saka Kasultanan Yogya­karta. “Pasareyan Raja Mataram ing Kota­gede pancen wiwit mbiyen diurusi dening para abdi dalem saka rong keraton pewa­ris Mataram, yaiku Kasultanan Yogyakarta lan Kasunanan Surakarta,” pratelane Raden Tumenggung Pudjodi­puro, Ketua Panitia Nawu Sendhang Seliran lan Kirab Gu­nungan ing Kotagede. Sadurunge nawu sendhang digelar, uga didani kirab budaya Ambengan Agung. Ana ing kirab iki ana gunungan loro kang diarak dening para abdi dalem Kasunanan Solo lan Kasultanan Yogyakarta. Ditambah bregada prajurit saka kampung-kampung ing kukuban Kotagede lan Banguntapan Bantul. Beda karo gunungan Grebeg Keraton Yogyakarta lan Surakarta, gunungan kang diarak saka Kantor Desa Jagalan, Banguntapan Bantul tumuju pelataran Mesjid Agung Mataram iku arupa panga­nan khas Kotagede kaya ta yangko, kipa lan kembang waru. Gunungan iki minang­ka pralambang kerukunan warga.


Ing pelataran mesjid kang dibangun Sultan Agung. Gunungan loro iku banjur dienggo rebutan masyarakat. Sakwise di­dongani dening Takmir Mesjid Gedhe Mataram Kotagede. Lan ing  wektu kang ora suwe, gunungan wis ludhes mung kari ragangane. ”Ya, seneng ana ing ra­ya­han gunungan iku aku oleh sak wung­kus kipa lan jeruk,” ujare Hartadi, warga Prenggan, Kotagede kang ngaku saben taun melu rayahan gunungan. Pancen ora ana kapercayan menawa pangan, sayuran, lan woh-wohan ana ing gunungan iku  nduweni perbawa ti­namtu. Panitia Nawu Sendhang lan Kirab Gunungan uga bola-bali mratelakake menawa panganan lan buah-buahan ana ing gunungan iku ya mung panganan biasa. Ora nduweni khasiat tinam­tu. Na­nging arepa mangkono, antusias warga kanggo ngrayah gunungan tetep gedhe.


Nalika gunungan lagi didongani, para warga kang kepengin melu ngrayah wis padha ancang-ancang lan mateg aji. “Ya kanggo tamba kuciwa. Sebab nalika ana Grebeg ing Sekatenan Yog­yakarta anggone rayahan gunungan aku ora oleh apa-apa. Mumpung ing Kota­gede kahanane ora kaya ing Grebeg ing Yogyakarta, ya melu ngrayah,” critane Sobirin, warga Kasihan Bantul marang sadurunge acara rayahan gunungan diwiwiti.   Nawu Sendhang Prosesi nawu sendang diwiwiti kanthi ananing penyerahan siwur marang abdi dalem Kasunanan Surakarta lan Kasul­tanan Yogyakarta. Para abdi iku banjur njupuk banyu reget saka sendang loro iku banjur banyu reget iku diguwang. Iki minangka simbolis menawa sendhang wiwit ditawu. Lan acara nawu sendhang banjur diadani kanthi migunaake genset kareben banyu sendhang bisa cepet ang­gone nawu.


Miturut sejarah, Sendhang Kakung ing Sendhang Seliran iku wis ana wiwit jaman Panembahan Senopati. Sendhang iku ditemokake nalika babat alas Men­taok. Alas paringan dalem Sultan Hadi­wijaya ing Pajang minangka sembulih merga Ki Ageng Pemanahan dalah pu­trane Danang Sutawijaya bisa ngalahake Arya Penangsang kang brontak lumawan pamarentah Kasultanan Pajang. Alas Mentaok iku kang banjur dadi kukuban Mataram. Wiwitane minangka perdikan Pajang. Banjur madeg minang­ka Keraton Mataram. Kang nglenggahi dhampar sapisanan Danang Sutawijaya kang katelah Panembahan Senopati. Ya wiwit iku Mataram minangka negari kang kuwat. Panembahan Senopati ngleng­gahi dhampar ing taun 1509 Jimawal utawa taun 1579 Masehi. Seda 1532 Ehe utawa 1601 Masehi.


Menawa Sendhang Putri iku yasan dalem Sultan Hamengku Buwono I. Iku kanggo misahake putra-putri kang adus ana ing sendang iku. Sendhang Putri ing Sendhang Seliran Komplek Pasareyan Kotagede mapan ing sakidule sendang kakung. Dipisahake tembok lan pelataran kang amba. Nanging banyune uga saka tuk kang ana ing njero Pasareyan Raja-Raja. Saliyane sendhang loro kang ditawu ana ing acara iku. Uga diresiki jagang Mesjid Mataram Kotagede. Kaya sen­dhang selirang kang direnggani maneka iwak, jagang mesjid kang ngubengi se­ram­bi mesjid uga direnggani maneka iwak kalebu iwak lele putih kang uga ngrenggani sendang Seliran. “Acara Na­wu Sendang lan Kirab Gunungan iku diadani wiwit taun 2009 lan diajab bisa minangka cara kanggo ngenalake sejarah Kotagede marang warga masya­rakat. Mligine masyarakat kang manggo­na ing Kotagede,” mangkono  RT Pujidi­puro kang uga Pangageng Juru Kunci Pasareyan Mataram ing Kotagede.


Kepala Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul, Drs Bambang Legowo mratelak­ake menawa acara Nawu Sendhang lan Kirab Gunungan ing Kotagede wis dadi kalender kegiyatan pariwisata ing Kabu­paten Bantul. Kegiyatan iki uga narik kawigaten ora mung warga Kotagede lan sakiwa tengene. Nanging uga para wisa­tawan mancanegara. Wiwit acara kirab kang ngliwati da­lan-dalan utama ing Kotagede, prosesi rebutan gunungan tekan nawu sen­dhang dadi kawigatene para wisatawan. Kalebu para wisatawan mancanegara. “Iki aku  nggawa wisatawan mancane­gara saka Perancis, dheweke katon se­neng ndeleng acara iki. Malah melu ngrayah gunungan barang,” critane Budi­man, pemandhu wisata sawijining agen travel ing Yogyakarta. Ing kegiyatan iki uga disemarakake maneka acara.  Kaya ta pagelaran seni sla­watan, jathilan, campursari. Lan di­pungkasi  kanthi pagelaran wayang kulit sewengi natas kanthi dhalang Ki Seno Nugroho.

Senin, 15 Desember 2014

PANDHAWA–KURAWA VERSI MAHABHARATA LAN PEDHALANGAN


Kanggone para sutresna wayang kulit utawa wayang purwa kang fanatik, yen ngrembug bab crita wayang wis mesthi ora ana enteke. Senadyan karya sastra kuna, nanging kanyatan nganti pirang-pirang abad isih dadi kabudayan kang adi luhung. Malah wayang purwa siji-sijine jinis wayang saka maneka warna jinis wayang kang isih langgeng tekane saiki. Babone wayang purwa kang njupuk crita saka Epos Ramayana lan Mahabharata, sing asline saka tanah Hindhustan ya Indhia. Ramayana kang den tulis dening Empu Walmiki utawa Ratnakara, lan Mahabharata dening Resi Byasa utawa Wyasa.
Ngonceki crita Mahabharata kang versi asli Indhia lan pe­dhalangan pancen ora gampang. Ing kene penulis kepengin ngan­dharake uneg-uneg kang mbok menawa cengkah klawan para sutresna liyane. Nanging kabeh mau jer murih becike, lan kabu­dayan warisan nenek moyang kita kabeh ora luntur kesilep ing jaman. Wayang di openi kanthi becik lan dadi ”kebanggaan” tum­rap wong Jawa. Wayang malah dadi ajang study lan peneli­tiyan kang migunani tumrap sutresnane ing saindenging bumi.
Para pinisepuh ya nenek moyang kita yen nampa kabudayan saka manca praja perlu disaring lan filtere lembut banget. Ya krana sing ora jumbuh klawan kapribadene wong Jawa mesthi di ilangi. Nanging pranyata kabeh mau ora tinemu bener saka­behane. Bab sing tabu utawa saru kang ora becik kanggone anak putu mbesuk, wis mesthi di owahi. Nanging ana saperangan sing keselip, crita kang bener malah di tutup kanthi rapet lan nganti saiki akeh sing ora pana bab silsilah utawa asal-usul, dhi­nasti, lan keturunan. Pagelaran wayang saiki mung kakeyan guyon lan campursari sing ngentek-entekake wektu. Ing ngisor iki penulis kepengin ngandharake antarane versi Indhia lan Pe­dhalangan.

Dhinasti
Wangsa Bharata minangka sesebutane ratu-ratu Hastinapura sak bubare Prabu Bharata utawa Sarwadamana atmajane Prabu Dhusanta lan Dewi Sakuntala. Ratu-ratu sak durunge Prabu Bharata kanthi gelar Kuru utawa Puru kang kawiwitan saka Prabu Nahusa. Nanging gelar Kuru pranyata uga sinandhang dening sang Adhipati Kuru Drestarastra yaiku bapake Kurawa. Banjur pembayune Kurawa oleh gelar Kurupati yaiku nom-nomane Prabu Duryudana. Kamangka antarane Pandhawa lan Kurawa padha-padha saka dhinasti Kuru. Ratu-ratu Hastinapura sing turun-tu­mu­run nganti telung puluh papat mau sejatine mung kandheg ing Bhisma ya Dewabrata. Malah Dewabrata wis klakon den sengkakake dadi Yuwaraja utawa putra mahkota. Kang ing tembe gumanti keprabone keng rama Sentanu. Ya krana sang Prabu Sentanu adreng kepengin palakrama klawan Dewi Satyawati saka praja Wiratha, mula panjaluke Dewi Setyawati bakal den udaneni. Dewi Setyawati nyuwun yen mbesuk darbe putra, ya putrane iku kang gumanti narendra. Prabu Sentanu rumangsa kabotan, nanging Bhisma  jejer putra kang bekti mring rama lan bumi Ngastina, mula saguh nglamarke bapake. Sarta ngilangi kepen­tingan pribadine nyeleheke yuwaraja kanggo putrane ibune kwa­lon. Sak banjure sang Prabu Sentanu lan Dewi Setywati pina­ringan putra loro yaiku Citragada lan Wicitrawirya. Nalika sang Citra­gada juneneng nata, den gebag perang dening ratu gan­darwa kang aran Citragada uga. Awit ing ndonya kudu ana sawiji raja kang aran Citragada. Mula nalika tandhing yuda, Citragada raja Ngastina gugur ing palagan.
Banjur Wicitrawirya di sengkakake dadi raja Ngastina nggen­teni Citragada. Prabu Wicitrawirya darbe lara mengguk lan lara-laranen. Nalika arep munggah dhampar keprabon Wicitrawirya dhawah banjur seda. Ratu Setywati rumangsa ngenes penggalihe krana putra-putrane kang di gadhang wis nemahi pralaya. Saka usule Bhisma putra kwalone, supaya ibu Setywati golek brahmana suci kanggo upacara Dewi Ambika lan Ambalika dimen darbe turun. Yen sing paring pangestu brahmana suci, bocah kasebut tetep sah minangka keturunane raja kang wis seda mau. Dewi Satyawati kelingan klawan atmajane kang mbarep yaiku Byasa olehe patutan klawan Resi Parasara. Nalika Setyawati ngusulake Byasa kang nyranani upacarane Dewi Ambika lan Ambalika mula Bhisma sarujuk. Banjur dewi Ambika peputra Drestarastra lan Am­balika darbe putra Pandhu. Malah karo dhayang uga darbe putra yaiku Widura kang lantipe ngungkuli kakang-kakange. Ing versi Mahabharata mau Drestarastra lan Pandhu nyebutake yen bapake Wicitrawirya. Ateges ora nyebutake bapak biologis-e kang sejati. Antarane Drestarastra, Pandhu, lan Widura uga manger­teni yen bapake kang sejati iku Resi Byasa.
Versi pedhalangan nyebutake yen Byasa ya Begawan Abyasa ora mung nggarwa Dewi Ambika lan Ambalika nanging malah dadi ratu ing Ngastina. Senadyan critane mung sedhela banjur lumintir Prabu Pandhudewanata. Yen ngrembug dhinasti kudune sing oleh sesebutan Kuru ora mung Kurawa nanging uga Pandha­wa. Yen ing pedhalangan nyebutake Bharata Pandhawa. Krana panganggepe Kurawa = Kuru Hawa lan Pandhawa = Pandhu Hawa. Sesebutan mau nuduhake idhentitase bapake wae dudu dhinasti kang turun tumurun kayadene Kuru, Puru, lan Bharata.
Perang Bharatayuda yen versi Mahabharata sing dadi rebutan negara Indraprastha kang dadi darbeke Pandhawa. Krana para Pandhawa wis rampung ngayahi wanaprastha lawase 12 warsa ketambah sewarsa umpetan ing negara liya. Ora oleh kadena­ngan, yen nganti kadenangan mbaleni maneh 13 taun. Kasu­nyatane Pandhawa lulus, Kurawa ora bisa ngonangi. Banjur para Kurawa nyidrani janjine. Temahan dhuta saka para Pandhawa yaiku Sri Bathara Kresna gagal ngayahi karya. Banjur perang gedhe dumadi lawase 18 dina. Yen versine pedhalangan sing dadi underane perkara praja Ngas­tina sesigar semangka. Ka­mangka sak bubare Pandhawa dipaeka Kurawa ing Bale Sigala-gala, Bratasena sowan ana ngar­sane Wa Adipati Dhesta­ras­tra nyuwun pengestu arep ba­bad wana Marta. Praja Ngastina dimen kanggo mukti keng uwa lan kadang Kurawa. Pandhawa arep gawe negara saka asil kringete dhewe. Lha yen underane Bharatayuda kuwi praja Ngastina, apa ora ateges Bhima kuwi ngidu di dilat maneh. Mangka Bhima kuwi satriya kang teguh ing pandhirian, ngugemi jiwa satriya. Njunjung ajining dhiri, sedulur tuwa, bapak-ibu lan para leluhur-leluhure. Rampung ngayahi wanaprastha Puntadewa isih jumeneng narendra ing Ngamarta ya Batanakawarsa nganti ngarepake Bharatayuda. Tumapak Bha­ratayuda gawe pakuwon kang sinebut Hupalawiya. Banjur sak bubare Bharatayuda Puntadewa dadi ratu ing Ngestina mung sedhela. Merga Parikesit kajumenengake nata. Yen versi asline Mahabharata bubar Bharatayuda Yudhistira isih dadi raja ing Hastinapura lawase 36 taun. Dadi wektu 36 taun kang kepetung suwe mau, kudune yen ana crita carangan ing pedhalangan rak luwih akeh timbangane Pandhawa nalika urip ana pambuwangan sing suwene mung 12 taun ketambah setaun umpetan ing negara liya.

Asal-usul


Asal-usule utawa silsilahe para Pandhawa lan Kurawa yen miturut Mahabharata saka Candrawangsa utawa dhinasti Dewa Candra. Banjur dhinasti Candra mau nurunake raja-raja ing Hastinapura ya ing Kurujanggala. Lambang kebesarane kerajaan wujud patung gajah utawa hesti. Ratu-ratu ing Indhia Kuna wilayahe sinebut Bharatawarsa utawa bangsa Arya. Negara-negara kang madeg ing sakiwa tengene praja Hastinapura kaya­ta, Panchala, Wiratha (Matsya), Widharba, Nisadha, Magada, Cedhi, Gandara, Timpuru, Trigarta, Madras, Boja, Matura, Dwa­raka, Indraprastha, lan isih akeh negara liyane. Banjur ing sa­brange segara sisih kidul ana Langka. Mula kanggo mikukuhi praja Hastinapura tansah ngajak sesrawungan lan mangun kerjasama. Banjur nalika praja disuhi dening raja Pandhu tansah ana peperangan-peperangan. Kang tujuwane negara-negara cilik gelem nungkul dadi negara telukan ana ngisore peprentahan praja Hastinapura. Yen ing versi pedhalangan, negara-negara gedhe kang kondhang mung sethithik kayata, Ngamarta, Ngas­tina, Dwarawati, Mandura, Pancala, Wiratha, Ngalengka, Maes­pati, Kiskendha, lan Pancawati. Liyane negara cilik-cilik kocape yen pinuju ana crita Bharatayuda. Jenenge negara-negara ing pedhalangan sing ora nate kasebut racak crita carangan. Negara sabrang kocape yen ana crita alap-alapan utawa sayembara.
Wong tuwane Pandhawa Kurawa iku keturunane para brah­mana. Kang kawiwitan saka Resi Manumayasa, Begawan Seku­trem, Begawan Sakri, Begawan Palasara, Begawan Abyasa, ban­jur nurunake Dhestarastra lan Pandhu. Dene Resi Manumayasa mbah Udheg-udheg-e Pandhawa lan Kurawa iku atmajane Prabu Parikenan, Parikenan putrane Hyang Bremani, lan Bremani pu­trane Bathara Brama. Kamangka yen miturut wong Hindhustan kasta kang dhuwur dhewe iku brahmana timbangane liya-liyane. Banjur lagi kasta ksatriya kang kalebu para raja-raja lan narpati ing saje­rone. Dadi kudune Pan­dha­wa lan Kurawa luwih bombong dadi turune para begawan timbang­ane turune raja. Ya mer­ga padha kepengin dadi panguwasa mau mula ora mikir marang akehing kurban. Sing kasunyatane nuwuhake pepati gedhen-gedhen tanpa wilangan kalebu garwa lan putra. 18 dina dadi perang kang nggegirisi. Mula yen sing dadi rebutan praja Ngastina ateges Pandhawa lan Kurawa kuwi amung nglung­guhi klasa gumelar. Praja yasane para priyagung tedhake bangsa Kuru. Sing sejatine Pandhawa Kurawa, bapak-bapake, lan sim­bahe ora wenang dadi raja. Negara Ngastina rubuh krana turune wong liya braya. Nalika pusaraning praja di kendhaleni Prabu Sentanu, Prabu Pratipa, lan para raja-raja tus bangsa Kuru ora ana memungsuhan. Dadi yen versi Mahabharata tansah njunjung silsilah kuwi pancen ana becike. Krana bombong lan mongkoge putra wayah darbe sarasilah kang berbudi bawa leksana.

Keturunan 
Yen ngrembug bab keturunan wis mesthi kaitane klawan hubungan intim utawa sek lan anak. Bab mau ora sakabehane bener. Ing versi pedhalangan Dewi Kunthi darbe putra Suryatmaja utawa Karna kanthi cara mbobot. Nanging linairake liwat kuping. Kasabab Kunthi mujudake wanita kang isih prawan suci durung palakrama. Ya kedayan Aji Adhityahredaya utawa Kuntakawekas Ciptatunggal Tanpa Lawan, peparingane gurune sang Resi Dru­wasa. Mula kanthi aji-aji mau Kunthi nyuwun apa wae marang jawata, bakal den pinangkani. Malah jawata kang den puja bakal rawuh dhewe. Nalika Pandhu mbebedhag ing wana ana kidang pepasihan. Kidang di panah babar dadi Resi Kimindama lan bo­jone. Sak durunge mukswa Resi Kimindama nyepatani Pandhu lan garwane yen saresmi bakal nemahi pati. Pandhu wis mesthi susah penggalihe. Banjur Kunthi atur pamrayoga bab anggone arsa mateg Aji Adhityahredaya dimen kagungan putra. Pandhu nayogyani, malah Kunthi uga menehi mantrane marang Dewi Madrim. Dadi laire Karna, Puntade­wa, Werkudara, Arjuna, Nakula lan Sadewa mau Dewi Kunthi lan Dewi Madrim uga mbobot kaya satataning wanita lumrah.
Yen versi Mahabharata, Kunthi kang mateg aji Adhityahredaya peparinge sang guru Rsi Durwasa kang sepisanan nalika durung palakrama, ngrawuhake Bathara Surya. Banjur di sorot nganggo astane dewa Surya, Kunthi wis mbopong bayi yaiku Karna. Kunthi ora mbobot, ateges isih prawan suci. Semono uga nalika Kunthi wis palakrama klawan Pandhu, Pandhu kang den jarwani bab ngelmu Adityahre­daya banget bungahe. Kunthi anggone ngrawuhake jawata tansah caket klawan Pandhu. Kunthi banjur ngrawuhake Hyang Yama. Saka astane Bathara Yama paring pangestu, ora suwe Kunthi wis nampa bayi kakung. Dening Pandhu bayi mau di paringi jeneng Yudhistira. Sak banjure Dewa Bayu mberkahi putra diparingi asma Bhima. Dewa Indra mberkahi putra di paringi asma Arjuna. Banjur Dewi Madrim uga nyuwun diwisik aji mau. Tumuli ngrawuh­ake Dewa Aswan-Aswin. Banjur pinaringan putra Nakula lan Sahadewa. Dadi yen Dewi Kunthi dianggep wanita kang mburu se­nenge dhewe kaya-kaya ora trep. Utawa wanita pelanyahan, lelemeran lan liya-liyane. Awit Kunthi iku wanita kang tetep suci lair lan batine. Atmajane narendra gung binethara, kang tansah ngudi marang ngelmu ing pawiyatan luhur. Tansah setya marang kakung nganti ora palakrama maneh sawise Pandhu seda. Emane akeh wong Jawa yen mangerteni crita laire Pan­dhawa banjur tuwuh gagasan yen Kunthi iku wanita sedheng. Lha yen Kunthi dudu wanita kang setya tuhu marang kakung, wis mesthi sak bubare Pandhu seda, milih wae para dewa sing paling disenengi. Sing wis paring kanugrahan putra. Ngono rak beres. Nanging kasunyatane ora, Kunthi wanita kang tansah setya, momong para putra-putra ing swasana bungah klawan susah.
Yen dipikir pancen ora ketemu nalar lan akal. Wanita darbe anak tanpa lantaran ana bapak kang nitisake rasa jatine. Nanging perlu di emuti yen caritane para Pandhawa Kurawa iku dumadi adoh sadu­runge taun masehi. Awit jaman-jaman sa­du­runge masehi sakabehing ngelmu kebatinan lan goib kaya winongwong dening Gusti Kang Maha Agung. Sakabe­hing ucap prasasat idu geni utawa mandi. Mbuh iku ngelmu kang putih utawa resik utawa ilmu sihir kang mbebayani. Riwa­yate para Nabi-nabi Allah sadurunge masehi kabeh darbe Mukjijat kang angel tinemu nalar. Kaya Nabi Nuh, Ibrahim, Ismail, Musa, lan Nabi Isa. Malah Nabi Isa uga tanpa darbe rama, awit kanugrahane Allah SWT. Dadi ora amung ana bumi Hindhustan wae, nanging bumi Arab, Mesir, Palestin, lan liya-liyane uga ndarbeni petuah utawa daya. Banjur yen riwayate Nabi Muhammad wis kaya peradhaban jaman saiki, yen perang tatu ya tatu, ora ana aji-aji utawa kasekten. Krana jamane wis jaman masehi mbok menawa wis kebak sakabehing kadurjanan. Banjur ana crita laire Wahmuka lan Arimuka saka ari-arine Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika putri satanah Kasi praja Gyantipura. Ana crita maneh yen Jayadrata utawa Tirtanata raja ing tanah Sindu praja Bwanakeling iku kedadeyan saka kasut (bungkuse) Werkudara.
Dadi yen saka pamawase penulis, lairane Pandhawa mau kaya-kaya luwih trep versine Mahabharata sing ora disang­git maneka warna. Ora beda klawan laire Dewi Drupadi, yen ing Mahabharata nyebut Dropadi utawa Panchali. Dropadi lair bebarengan klawan adhine kang aran Drestajumna saka upacara Yadnya. Kang den adani Raja Dropada ing Pancala. Saka geni upacara yadnya mau, Raja Dropada kasil darbe putra kang mbesuke den gadhang bisa males wirange keng rama marang Rsi Drona. Mung emane yen versi Mahabharata Dropadi iku bojone Pandha­wa lima. Bab mau kasabab Dewi Dropadi katitisan Dewi Damayanti garwane Prabu Nala kang remen kasukan dhadhu. Dadi mbesuk ing jaman Pandhawa Kurawa sang Dewi kudu tinimbal lair maneh. Garwane ora mung siji nanging lima. Yen versi pedhalangan garwane Dewi Drupadi mung Prabu Puntadewa wae. Lha yen kanggo bab siji iki, kaya-kaya penulis sarujuk yen versi pedhalangan. Dadi luwih selaras klawan budayane wong Jawa.
Wong tuwane Kurawa yen versi pedha­langan kang darbe watak srei drengki yaiku Dewi Gendari. Merga tresnane sejatine kepanduk marang Pandhu nanging Gendari dipilih dening Drestarastra. Mula Gendari banjur upata mbesuk tedhak turune Gen­dari lan Pandhu dadi mungsuh bebuyutan. Saya maneh Gendari diombyongi klawan adhine kang aran Sengkuni sang julig pandhedher winih memungsuhan. Yen versi Mahabharata Gendari mujudake wanita kang alus budi pakartine. Wicarane ora nate nglarani marang sedulur utawa liyan. Malah Gendari ing Mahabharata wanita kang lila legawa ginarwa marang priya wuta. Sing darbe watak ala ora liya ya mung Drestarastra dhewe kang gagal nglungguhi dhampar praja Ngastina. Awit miturut pranatan wong wuta ora bisa nyekel pusaraning praja. Nganti Dresta­ras­tra kepancing marang wicarane Seng­kuni kang golek untunge dhewe. Temahan Bharatayuda ora bisa diselaki maneh.
Mula, ora ateges penulis iki cuman­thaka wani ngonceki bab wanita ing pe­wayangan utamane Dewi Kunthi Talibrata ibune Pandhawa. Nadyan Mahabharata lan pedhalanagan akeh cengkahe dakira ora perlu digawe sabab. Kabeh mau ana keluwihane uga ana kekurangane. Kang becik kanggo tepa patuladhan lan kang ala den buwang adoh. Ora ateges penulis golek benere dhewe. Nanging kaya luwih pas bebarengan mbenerake barang kang kleru. Awit kabudayan kang adi luhung iku tundhane bisa aweh wawasan marang para putra wayah ing mbesuk. Aja nganti bab-bab kang ala ing jagading pewa­yangan iku tansah dadi pocapan kang negatip lan geguyonan. Apamaneh nyonto marang tindak ora bener. Yen wanita ing pewayangan iku finalis wanita kang setya tuhu marang kakung, mbok menawa mung ana papat, yaiku: Dewi Kunthi, Dewi Setyawati garwane Prabu Salya, Dewi Siti Sendari, lan Dewi Amba kang katulak dening Bhisma Dewabrata. Satemah den belani nganti sukmane methuk sak bubare Duryudana gugur. Mula yen dipikir wis ngliwati pirang puluh taun wae sukmane Dewi Amba ngumbara ing alam antara. Muga-muga sethithik gagasan iki bisa nambahi wawasan lan tambah ngelmu pewayangan tumrap dhiri pribadine pe­nulis lan para sutresna udyana iki.

Jumat, 12 Desember 2014

NGELING-ELING PERJUANGANE PANGERAN SAMBER NYAWA KANTHI UPACARA WANAKARTI


Alam kang gumelar ing jagad raya iki pancen diciptakake dening kang Maha Kuwasa kanggo manungsa. Minangka makh­luk kang paling sampurna kanthi anane daya rasa, cipta, lan karsa manung­sa diajap bisa nggunakake alam iki kanthi sabecik-becike. Emane ing titi mangsa iki akeh tumindake manungsa sing kurang be­cik saengga ndadekake rusake alam. Sa­engga nyebabake akeh dumadine prahara. Sejatine yen diwawas kanthi weninge kaca rasa ngenani dumadine prahara-prahara iku mau minangka wohing pakarti kang di­undhuh dening manungsa kang wis ga­we rusake alam.
Kanggo bisa uwal saka pangamuke alam sing njilma dadi prahara mau ma­nung­sa diajap bisa ndandani timindake. Saliyane iku manungsa kudu eling sarta tansah ngurmati alam. Salah sawijining cara kanggo ngurmati alam iku dening ma­syarakat tradisional biasane ditindakake kanthi adicara sedhekah bumi. Ngenani sedekah bumi iki dhewe wis dituladhakake lan ditindakake dening para leluhur kanggo nguntapake rasa syukur tumrap kang Maha Kuwasa sarta sawiji­ning wujud sambung rapete manungsa kla­wan alam. Lumantar adicara iki uga ma­nungsa bisa njaga kaharmonisan sarta kasalarasane alam.
Ing negara Indonesia kang sugih kla­wan budaya tumekane wektu iki isih akeh banget sedhekah bumi kang ginelar saben taune. Saben-saben sedekah bumi iku ndu­weni titikan lan rerangkene adicara kang beda-beda. Anane pambeda ana ing kene ora nuwuhake panemu endi sing becik lan endi sing kurang becik. Pambeda mau tan­sah nuduhake luhuring budaya kang ana ing bumi nuswantara iki. Salah sawijining upacara sedekah bumi kang nduweni pang­ajap njaga kaslarasan lingkungan iku bisa ditemokake ing Gunung Gambar kang klebu wewengkon ing laladan Gunung Kidul Yogyakarta.


Upacara tradisi kang kagelar ing Dusun Kampung Desa Kecamatan Ngawen Gu­nung Kidul kaya ta adicara Wanakarti kang ginelar ing patilasane Pangeran Samber Nya­wa. Saliyane dikarepake kanggo ma­pag tekane riyaya Nyepi tumrape para umat Hindu uga dimaksudake kanggo njagakeharmonisan sarta kasalarasane alas kang ana ing sakiwa tengene patila­san Pangeran Samber Nyawa.
Ngenani pangajap amrih larase alam kang ana ing papan kasebut adhedhasar makna kang kinandhut sajroning upacara wanakarti iku dhewe. Tumrape para ka­dang Hindu wanakarti ngono ditegesi mi­nangka sawijining upacara tradhisi kanggo ka­sucen sarta njaga lestarine alas sarta pegunungan papan alas iku mau tuwuh. Sajroning kapercayan Hindhu alas ngono dibe­dakake ana telung werna utawa jinis. Katelune alas iku mau yaiku sing kapisan diarani Maha Wana kang diartekake alas gung liwang-liwung (Hutan Rimba), kapin­dhone diarani Tapa Wana yaiku alas kang digunakake dening para yogi/resi kanggo mbangun partapan utawa pasraman dene kaping telune yaiku Sri Wana sing nduweni teges yaiku alas kang digunakake kanggo kemakmuran ekonomi.


Mula saka kuwi saliyane digunakake kang­go mujudake rasa syukur saka ber­kah­ing Gusti sing wis diparingake marang masyarakat kang manggon ana ing sace­dhake gunung Gambar. Adicara Wanakarti iki uga dimaksudake kanggo njaga les­tarine alas kang ana ing gunung Gambar amrih ora rusak kang disebabake saka tu­mindak serakahe manungsa. Kejaba saka iku Wanakarti dhewe uga ditindakake amrih energi kang ana ing alam iki bisa tetep imbang. Saengga bisa ngadohake laladan kono mligine sarta nusawantara umume saka sekabehing bebaya.
Ngenani anane adicara iki ketua PHDI Kabupaten Gunung Kidul, Purwanto M.Pd.H, ngandharake yen upacara iki wi­gati banget ditindakake, amarga adicara iki kalebu sawjining tugas kang kudu ditin­dake dening manungsa amrih bisa njaga keseimbangane alam semesta. Dheweke uga nambahake yen prahara kang keri-keri iki kerep tumiba ing bumi nuswantara iki disebabake amarga kawigatene masya­rakat tumrap alam kurang. “Apa kang dumadi tumrap bangsa lan negara iki kabeh amarga manungsa ku­rang sadhar njaga lestarine alam. Ma­nung­sa mung ngetutake hawa nepsune sa­engga akeh tumindake kang ngrusak alam. Mula saka anane tumindake manungsa kaya mangkene alam nyoba ngelingake manungsa yen tumindake ngono kuwi ora becik lan dikarepake para manungsa eng­gal sadhar lan ngowahi tumindake kase­but. Lumantar adicara iki diajap bisa njaga kaimbangane alam semesta lan netra­lisir energi negatif,” kandhane.
Upacara Wanakrti kang ditindakake ing patilasan Pangeran Samber Nyawa kuwi sali­yane diestreni dening para umat Hindu kang manggon ana ing laladan D.I. Yog­yakarta lan Klaten uga dirawuhi dening Ida Bagus Wika Khrisna, S. Ag, M.Si minangka  pembima Hindu kanwil kemenag D.I. Yog­ya­karta. Nalika ngrawuhi adicara kase­but panjenengane uga ngandharake me­na­wa upacara kang kagelar ing dina Ming­gu iku minangka sawijining konsep masya­rakat Hindhu kanggo ngurmati para Dewa kang manggon ana gunung-gunung. Kan­thi anane tumindak kaya mangkene diajab bisa ndadekake sesambungan antarane manungsa klawan alam tansah harmonis. Saka anane sesambungan kang harmonis antarane manungsa lan alam ing tembe mburine bisa ngadohake panguripane manungsa saka bebaya kayadene banjir lan tanah longsor.


Ing perangan liya Haryanto kang ka­dha­puk minangka ketua panitia ing adicara kasebut uga ngandhakake menawa kanthi anane upacara iki uga bisa mromosekake dhaerah gunung Gambar kang manggon ana ing Ngawen iki dadi sawijining objek wisata spiritual lan sejarah. Anane panga­jab kang kaya mangkene amarga papan kang digunakake kanggo nindakake upa­ca­ra Wanakarti iki dhewe nalika jaman biyene uga nate digunakake dening pange­ran Samber Nyawa kanggo nepi sarta golek pituduh sadurunge perang mungsuh Wa­landa.
Katrangan ngenani yen gunung Gam­bar iki dadi seksi perjuangane Pangeran Samber Nyawa uga dibenerake dening Po­dowinarno. Priya kang dipercaya dadi pemimpin lumakune upacara wanakarti iku uga dipercaya kanthi turun-temurun dadi juru kuncine patilasan Samber Nyawa uta­wa kang lumrah sinebut gunung Gambar. Miturut critane priya kang nduweni rambut gondrong kasebut tekane Pangeran Sam­ber Nyawa ing papan kene amarga kedhe­sek dening bangsa Walanda. “Wektu iku Pangeran Samber Nyawa isih nganggo jeneng R.M Said. Amarga kalah perang klawan bangsa Walanda panjenengane banjur nindakake tapa ing watu bokong kang mapan ana ing pucuke gunung Gambar. Nalika tapa ing papan kasebut banjur panjenengane pikantuk sasmita. Sasmita kasebut digambarake kayadene pawongan kang pengin mangan bubur jenang katul kang isih panas,” ujare Podo.


“Sawise nindakake strategi perang kayadene kang disasmitakake kayadene pawongan kang mangan jenang katul. Yaiku kanthi merangi saka pinggir kanthi sithik mbaka sithik. Wekasanane bangsa Wa­landa ngrasa kasoran nalika ngadhepi kridhane R.M Said. Kanthi nindakake perang kaya mangkene iki uga kang njalari bangsa Walanda menehi sebutan R.M Said kanthi sebutan Pangeran Samber Nyawa. Saka anggone kewalahane bangsa Walan­da kang ngadhepi kridhane sang pangeran iku banjur nyebabake laire Perjanjian Giyanti.
Kayadene upacara-upacara adat kang ana ing laladan Jawa ing adicara iki uga diramekake dening maneka kesenian. Kesenian-kesenian kang ditampilake pinu­ju upacara iki ditindakake yaiku tari gam­byong, jaranan, lan rebut gunungan. Ana­nging ana siji rerangkening adicara kang beda dibandhingake dening adicara liya-liyane. Sing ndadekake beda adicara iki tumrap adicara liyane yaiku anane penana­man simbolis tetanduran kang ana ing gu­nung Gambar kanggo nggambarake masyarakat kang perduli tumrap lestarine alam sarta kasalarasane. Kejaba kuwi, adicara iki uga kena kanggo ngeling-eling per­juangane Pangeran Samber Nyawa.

Kamis, 11 Desember 2014

NASIONALISME SAJRONING SERAT TRIPAMA

Sawise maca lan ngerteni apa kang kinandhut sajroning serat Tripama, bisa di ngerteni jebul kang dikarepake ing serat Tripama iki mbabar ngenani jiwa nasionalisme saka tokoh-tokoh pewayangan kaya dene paraga Suwanda, Kumbakarana lan Adipati Karna.



Paraga Suwanda
Sawijine patih kang diduweni dening Prabu Harjuna Sasrabahu. Patih kang bisa dadi tuladha tumrap para prajurit. Tuladha kanggo njaga tata tentreme negara lan bangsa. Kang kabeh iku ora darbe karep liya saliyane kanggo njaga katentremane bangsa lan negara ing Maespati. Kaprawi­rane patih Suwanda iki kawentar banget. Awit dheweke minangka patih nduweni kaluwihan dhewe tinimbang liyane. Kaya cuplikan ing ngisor iki: “Yogyanira kang  para prajurit, lamun  bisa sira anuladya, duk  ing  ngunicaritane, andel  ira Sang  Prabu  Sasrabahu  ing  Maes­pati, aran  patih Suwanda, lalabuh­anipun, kang  ginelung  triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama.”
Ing serat Tripama iku diandharane yen ta patih kang aran Suwanda iki nduweni sipat gelem nglabuhi bangsa lan negarane kanthi telung prekara, yaiku guna utawa luwih trepe nduweni kapinteran kang bisa digunakake kanggo nata negara Maespati supaya dadi negara kang luhur lan uripe rakyate ayem tentrem. Kapindho yaiku sugih bab akal lan pikiran. Karepe, patih Suwanda bisa ngeluwari sakabehing reri­bete kerajaan Maespati nalikane ana pre­kara kang tumungkul sajrone negara kan­thi cara kang becik. Banjur kang pungkasan yaiku gelem utawa purun nglakoni apa wae prentahe rajane kanggo kamulyane bangsa lan negarane saka reribet negara manca. Uga malah dheweke bela negarane tume­kane pati. Kabeh iku ginambar kaya ing cuplikan ing ngisor iki: “Lire  lalabuhan triprakawis, guna  bisa sa­nes  kareng  karya, binudi  dadya ung­gule, kaya sayektinipun  duk  bantu  prang  Manggada nagri, amboyong putri damas katur ratunipun, purune sampun tetela, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana.”

Paraga Kumbakarna


Paraga kaloro yaiku jenenge Kumba­karna. Paraga raksesa saka negara Alengka kang misuwur minangka negara kang sugih lan ora kekurangan apa-apa. Emane, raja kang kuwasa neng Alengka yaiku prabu Dasamuka utawa Rahwana raja kang kondhang wengis marang rakayate. Tumin­dak sapenak udele dhewe. Nduweni adhi cacahe 3 yaiku Kumbakarna, Sarpakenaka lan Gunawan Wibisana. Kang kabeh saka patang sedulur iki awujud buta. Nanging siji kang sipate terkadhang kaya manungsa lumrah yaiku Gunawan Wibisana.
Ing ngisor iki bakal diandharake kepriye sifat nasionalismene Kumbakarana saka trah raseksa kaya kang kacuplik ing serat Tripama iki: “Wonten  malih tuladan prayogi,  satri­ya guna  nagri ing  Ngalengka, Sang Kum­bakarna arane, tur iku warna diyu, supran­dene nggayuh utami, duk wiwit prang  Ngalengka, dennya darbe atur, Mring  raka amrih  raharja. Dasamuka tan kengguh ing aturyekti, mengsah wanara.”
Paraga Kumbakarna ing kene minangka paraga kang dadi punjere analisis. Jalaran dheweke nduweni sifat nasionalisme. Sifat mikul dhuwur mendhem njero marang negarane. Nalikane Prabu Rama nyerang negara Alengka jalaran garwane kang asmane Dewi Sinta diculik dening kakange ora liya Prabu Dasamuka. Kumbakarana kang nalikane iku lagi turu kapati kepeksa ginugah dening sadhengah prajurit supaya mbiyantu anane reruwete negara ing Aleng­ka supaya mendhung kang nggem­buleng ing Alengka enggal-enggal kawiyak. Nalikane ngerteni udrege prekara saka pokal gawene kang mase kang nggawa mlayu kanthi peksan garwane prabu Rama yaiku Dewi Sinta, Kumbakarna sajake gela. Jalaran mung gara-gara wanita saiki Alengka ora bisa ngrasakake ayem tentrem kaya sadurunge. Senajan ta sejatine uga ora tentrem merga polahe para pangge­dhene sing sawiyah-wiyah marang rakyate mau.
Nanging, sawise ditlesih maneh lan di­pikir kanthi premati uga Rahwana ora kena dielingake maneh supaya ora nerusake pe­rang. Jalaran perang iku akeh sisi negatife tinimbang positife. Nanging Rahwana isih kukuh marang karepe yaiku kepengin ngo­brak-abrik pasukan wanara kang dipimpin dening Anoman. Wekasane Kumbakarna minangka satriya utama kang luwih nenge­nake mbela negarane saka amukane wa­nara ya ora dadak ngenteni prentahe Rah­wana kaping pindho, banjur langsung tu­muju ing palagan paperangan. Niyat kang digawa dudu mbelani kesalahane Rah­wana, nanging kanggo njaga keamanane wewengkon Alengka saka gangguan njaba yaiku serangane pasukan wanara utawa kethek. Kaya dene cuplikan ing ngisor iki: “Kumbakarna kinon mansah  jurit, mring  kang  raka sira tan  lenggana, nglung­guhi  kasatriyane,  ing  tekad datana  sujud, amung  cipta  labuh  nagari, lan no­leh  yayah  rena nyang  leluhuripun, wus  mukti haning Ngalengka mangke, arsa rinusak ing bala kapti punagi mati ngrana.”

Adipati Karna
Adipati Karna satriya ing Awangga kang tunggal ibu (Kunthi) seje bapa yaiku dewa Surya karo Pandhawa. Adipati Karna luwih milih mbela Prabu Duryudana saka Kurawa nalikane perang barayudha mengkone tinimbang dadi siji kelawan para adhine yaiku Pandhawa. “Wonten malih kinarya palupi, Sur­ya­putra narpati Ngawangga, lan Pandawa tur kadange len yayah tunggil ibu suwita mring Sri Kurupati, nagri Ngastina kinarya gul  agul, manggala golonganing  prang, Brata­yuda ingadeken sepopati, ngalaga ing Kurawa.”
Sajrone prang Baratayudha mengko Adipati Karna kadhapuk minangka seno­patine perang ing palagan paperangan. Kang tegese adipati Karna kudu memu­suhan karo para adhine yaiku Pandhawa. Jalaran dheweke ngrasa Prabu Duryana iku nduweni jasa tumrap uripe. Kang wis me­nehi pangkat, drajad, aweh bandha donya lan gelem nampa dheweke apa anane. Saka alesan kang kaya mangkono iku mau adipati Karna bakal aweh piwales yaiku bakal mbiyantu marang Hastina nalikane prang Baratayudha pacah. Saliyane iku Karna luwih milih Hastina tinimbang Amarta jalaran awit cilik tumekane wis dadi Adipati ya urip ing negara Hastinapura dudu Amarta. Kanthi lelandhesan kang kaya mangkono mau banjur Karna bakal mati-matian kanggo njaga katentremane Hastinapura saka reridhun kang ana. Karna minangka satriya utama ora gampang nglalekake jasane wong kang wis mbiyantu ing uripe. Saliyane iku Karna uga minangka warga saka Hastina dadi uga gelem mbi­yantu yen ana reribet kaya mangkono. Kang wekasane uga Karna tiwas ing pala­gan kanthi terhormat. Tiwas mbela nega­rane lan dadi satriya utama. “Den mungsuhken kadange pribadi, aprang tanding lan Sang Dananjaya, Sri Karna suka manahe, dene nggenira pikan­tuk, marga denya arsa males sih-ira Sang Duryudana, marmanta kalangkung, denya ngetok kasudirane, aprang rame Karna mati jinemparing, sembaga wiratama.”
Saka katelu conto paraga wayang kasebut yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna lan Adipati Karna iki minangka potret kang­gone para manungsa kang isih urip ing alam donya lan manggon sacara resmi ku­dune nduweni pikiran kang kaya mangkono iku. jalaran sakabehing tumindak iku kudu nduweni niyat kang becik. yaiku kanggo njaga tata tentreme negarane saka saka­behing reridhu. Ora mikirake keperluane pribadhi wae. Minangka warga kang becik kudune bisa njaga bebarengan keamanane bangsa lan negarane.

Rabu, 10 Desember 2014

ADAT TATACARA PANGGIH PANGANTEN

Upacara Dhahar Klimah Panganten Surakarta
Panganten kakung sampun dumugi sarta lumebet pendhapa, nanging taksih jumeneng ngrantu badhe wiwitipun upacara panggih panganten. Panganten kakung ngasta sekar gantal kangge upacara balangan. Sekar gantal punika dumados saking sedah (ron suruh) ingkang kalinthing, lajeng kaisenan jambe, apu, nuli kaiket mawi benang lawe sampun ngantos udhar. Manawi sampun sumadiya, panganten kakung lajeng katuran lumampah alon sacekap, kalaras miturut ungel wiramaning gangsa, mapag panganten putri.


Panganten putri ingkang sampun lenggah ngrantu, katuran jumeneng sarta lumampah alon sacekap tumuju kori tengah pendhapa kangge nindakaken upacara balangan. Sadaya upacara kairingan dening para sesepuh. Sasampunipun panganten putri ngasta gantal, sadumuginipun ngajeng kori tengah, upacara balangan lajeng kawiwitan. Sinten ingkang badhe mbalang gantal langkung rumiyin kasumanggakaken miturut pirembagipun.
Manawi panganten kakung ngagem kuluk utawi udheng, langkung rumiyin binuka sakedhik, kangge kausap mawi toya sekar ing sirah/palarapan dening pinisepuh ingkang tinanggenah. Pinisepuh ingkang mbikak kuluk/udheng, dene garwanipun ingkang ngusap kanthi toya sekar ambal kaping tiga. Kuluk/udheng lajeng kawangsulaken malih kanthi sae. Panganten putri lajeng jengkeng ing ngajengipun panganten kakung saperlu nata tigan ayam cacah tiga ingkang badhe kapidak dening panganten kakung ing upacara midak tigan.
Tigan kacawisaken kanthi winungkus plastik, murih manawi kapidak ingga pecah boten damel reged. Tigan cacah tiga kaseleh ing nginggil bokor. Sasampunipun cekap, panganten putri lajeng ngulap sukunipun panganten kakung mawi toya sekar setaman kaping tiga. Jaman rumiyin, pikajengipun kangge ngulapi sukunipun panganten jaler ingkang kotor sasampunipun upacara midak tigan.
Salajengipun, panganten putri jumeneng jajar ing sakiwanipun panganten kakung. Panganten kekalih lajeng lumampah lirih sesarengan tumuju dhampar panganten. Ing sawingking panganten kekalih, ibunipun panganten putri ndherek lumampah kanthi ngasta sindur ageng ingkang kakrukubaken dhumateng panganten kekalih.
Sadumuginipun ngajeng dhampar, panganten kakung lajeng lenggah dhapar sisih tengen, dene panganten putri lenggah ing dhampar sisih kiwa. Nuli kalajengaken upacara kados ing ngandhap punika:
  1. Upacara Dhahar Klimah. Panganten kakung kapurih nedha sekul walimah lawuh pindhang antep. Pindhang antep punika wujud ulam terik mawi kluwak. Panganten kakung lajeng ngepel sekul, kadulangaken dhateng panganten estri.
  2. Upacara Kacar-kucur. Panganten kakung paring guna kaya dhateng panganten estri. Patrapipun, panganten kakung ngesokaken gunakaya (kacar-kucur) ingkang dipun- wadhahi klasa bangka. Kacar-kucur punika isinipun kacang, kedhele, wos jene, arta receh/pecah suwang saprapat. Katampi panganten estri kanthi ngginakaken kacu gembaya, inggih kacu ageng ingkang warninipun abrit. Anggenipun nampi sampun ngantos wonten ingkang kecer. Sabab warilipun gesang mindhak boros. Dening panganten putri guna kaya nuli kaaturaken ingkang bu. Dening ingkang ibu tumunten winadhahan ing klemuk sarta kaseleh ing sangajeng petanen, celak kursi panganten. Klemuk cacahipun kedah kalih. Klemuk ingkang satunggal isi kacar-kucur, ingkang lebetipun isi wos jene, kluwak, kemiri gepak, jendhul, bendho, tigan ayam, arta suwang saprapat. Klemuk ingkang satunggal isi toya tempuran. Ing nalika upacara kacar-kucur, para ibu pinisepuh sesarengan ngandika makaten:“Kacar kucur atuta kaya sedulur, kacang kawak kedhele kawak atuta kaya sanak”.
  3. Upacara Pangkon. Sasampunipun upacara kacar-kucur, panganten kakung lan putri lajeng kapangku dening ramanipun panganten putri. Panganten kakung ing sisih tengen, dene panganten putri ing sisih kiwa. Ibu panganten putri tumuli tanglet dhumateng ingkang garwa “Anake abot endi Pake?”. Dipun jawab ingkang garwa “Padha bae abote.”

Upacara Panggih Panganten ingkang kasebat ing nginggil, punika upacara panggih kagem panganten kakung ingkang taksih jejaka pikantuk panganten estri ingkang taksih rara/prawan. Nanging Upacara Panggih Panganten wonten wewaton malih, manawi:
  1. Prawan pikantuk dhudha kembang (dhudha dereng kagungan putra), saratipun penganten putri kedah nyiram tumper wonten tengah kori. 
  2. Jejaka pikantuk randha lanjar (randha dereng kagungan putra), wewatonipun penganten kakung kedah nyiram tumper wonten tengah kori.
  3. Penganten kakung utawi penganten putri pikantuk sedherek misan, saratipun kedah madhung tumpeng ing sanginggiling pipisan.

Lare ingkang kanikahaken dhawah pambajeng (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Bubak Kawah. Tatacaranipun sami, nanging katambah cawisan rujak manis sarta rujak degan. Caranipun, sabibaripun pangih, rujak manis lan rujak degan kaladosaken kagem bapakipun panganten estri. Ingkang bapa lajeng dipuntakeni semahipun, “Rujakipun eca pundi, Pak? Rujak degan kalih rujak legi?”. Wangsulanipun ingkang bapa makaten: “Seger sumyah. Wis ora ana sing kurang, Bu.”


Busana Basahan Panganten Ngayogyakarta
Lare kang kanikahaken dhawah wuragil (langkung-langkung lare estri), dipunwonteni Upacara Tumpak Ponjen. Inggih punika upacara pangkon, kalajengaken upacara ngedum ponjen. Ponjen-ponjen (kanthong, pundhi-pundhi) kadamel saking barang sembet (gombal) warna-warni, lajeng kaisi anggi-anggi bumbon craken/jamu, arta selaka, arta tembaga sapepakipun. Langkung utami mawi arta emas. Ponjen-ponjen nuli kasok ing sangajeng panganten, nuli kangge rebatan sadherek-sadherekipun panganten tuwin para putra wayah sanesipun. Nanging arta-arta wau lajeng kawangsulaken malih.
Kanthi makaten Upacara Panggih Panganten sampun paripurna. Kalajengaken pangandikan atur panuwun saking ramanipun, panganten putri (utawi priyantun ingkang kapatah). Sasampunipun cekap, lajeng pasugatan kawedalaken. Manawi wonten lelangen (acara kesenian) inggih saged nuli kawiwitan. Pasugatan ugi wiwit kawedalaken ngantos sacekapipun. Adicara salajengipun panganten sarimbit katuntun mrepegi para lenggah, sarta katepangaken dhumateng para rawuh, utaminipun para tamu pangageng sarta tamu ingkang kinurmat. Lajeng kawontenaken Panganten Kirab. Inggih punika panganten kakirabaken Maksudipun amrih sadaya para lenggah ingkang wonten wingking saha sadaya ingkang paring pambiyantu, para sinoman tuwin sanesipun, saged mriksani kanthi trawaca panganten kekalih. Salajengipun panganten kekalih lumebet dalem saperlu tukar busana.
Manawi sampun cekap, panganten sarimbit tindak dhateng pendhapa malih sarta lenggah ing dhampar panganten. Sasampunipun kapanggalih cekap ing samudayanipun, panganten sarimbit lajeng mandhap saking dhampar panganten, kalarabaken tumuju sangajeng pendhapa minangka asung pakurmatan dhumateng para tamu ingkang badhe kondur. Para tamu paring pamuji donga pangestu dhumateng panganten kekalih. Ing wekdal punika, bapa-ibu panganten sarimbit, sesepuh, sarta sadherek sanesipun sami ngampingi panganten.

Selasa, 09 Desember 2014

ADAT TATACARA PANGANTEN JAWI ING SURAKARTA SAHA NGAYOGYAKARTA

Midodareni
Manawi upacara panggih penganten kirang satunggal dalu, kawastanan mido­dareni. Padatanipun kulawarga calon pe­nganten putri atur ulem kagem sawata­wis tamu ingkang dumadi saking kulawarga caket sarta tangga-tepalih, supados nja­gong midodareni. Jaman saderengipun taun 1960-an, manawi jagong midoda­reni boten kapareng ngendika sawatawis sora utawi gegojegan sarta gumujeng ngantos lakak-lakak. Para lenggah na­mung sami kendel utawi ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Pangeran Ing­kang Maha Kuwaos amrih upacara nikah sarta panggih ing dinten benjing saged lumampah sae, wilujeng, boten manggih pepalang satunggal punapa. Manawi ngandika inggih kedah namung bisik-bisik kemawon.
Pasugatan ingkang kasegahaken ja­man rumiyin inggih punika: dhadharan go­rengan utawi dhadharan keleman, kadosta jadah, wajik, nagasari, mendut, meniran, criping pisang, pisang kepok go­reng, rengginang, dhahar sekul ja­ngan gudhangan mawi tigan, sarta un­juk­an. Pasugatan kasebat, miturut do­ngengipun nuladha natkala Jaka Tarub kalihan Dewi Nawangwulan nindakaken palakrama.
Manawi sampun ngancik pukul 12 dalu, nuli katindakaken wilujengan maje­muk. Dhaharan kangge wilujengan ma­je­muk dumados saking ambengan sekul wuduk, ulam ayam lembaran sarta per­lengkapan sanesipun. Pimpinan pando­nga saking kaum sarta kinepung para kulawarga. Manawi sampun purna, am­be­ngan majemuk lajeng kabage kangge dhaharan para piyantun ingkang sami jagong.
Jaman rumiyin jagong midodareni ngantos sedalu natas, nanging sapunika sampun boten makaten malih. Ing ja­man sapunika, padatanipun adicara ja­gong midodareni kawontenanipun sa­nget regeng, para rencanging calon pe­nganten kakung lan putri kathah ingkang sami dhateng. Dene pasegahan kasegah­aken miturut kawontenan, sarta kapun­dhut praktisipun kemawon.

Akad Nikah
Sawatawis wekdal saderengipun akad nikah kaleksanan, calon penganten kakung wiwit ngagem busana panganten ingkang dipun ayahi mirunggan dening juru paes penganten kakung. Tatacara paes penganten punika minangka ancer-ancer paes penganten kados ing jaman rumiyin. Ing pangajeng-ajeng, punapa ingkang rumiyin sampun nate dipun­lampahi dening para leluwur, sageda minangka pathokan sarta dados panger­tosan ing mrika-mriki.
Cakipun: Calon penganten kakung nga­gem busana basahan, dumados saking kampuh banguntulak, ukup renda pethak (moga pethak), clana pethak ti­nepi ing renda pethak, kuluk mathak pethak, sarira ngaliga kaborehan atal, ngumbar konca (konca dipunampil in glare), kalung ulur-ulur (jaman rumiyin kadamel saking salaka utawi saking su­wasa), dhuwung warangka ladrang/bra­ngah mawi kolong keris, pendhok suwa­sa utawi salaka, ngagem selop. Miturut kapitayan kina, calon penganten ingkang badhe nikah, boten kepareng ngagem rerenggan saking emas utawi inten bar­le­yan.
Ing wekdal ingkang sampun tinamtu, calon penganten kakung kapangkataken saking pondhokan tumuju griyanipun calon penganten putri, kairing sawatawis kulawarga, wonten lare patah kalih ingkang mbekta lopak-lopak. Calon pe­nganten kakung lumampah kanthi ka­songsongan. Konca kampuh kacepengan sa­weneh lare. Sasampunipun dumugi dalemipun calon penganten putri, tumuli katuntun lumebet pendhapa.


Calon penganten kakung sarta pangiringipun taksih jumeneng. Upacara srah-srahan calon penganten kakung kapurwakan kanthi aturipun pinisepuh saking calon penganten kakung, makaten:“Kula minangka wakilipun ba­pak/ibu A (nyebat nama tiyang sepuh­ipun calon penganten kakung) masrah­a­ken calon penganten jaler ingkang nami B (nyebat nami calon penganten kakung)”. Cekap makaten.
Nanging manawi wonten wekdalipun, saged katambah reroncening tembung ingkang sae-sae ingkang tundhonipun mahanani ing suwasana khusuk sarta tidhem premanem. Menggah jawaban saking wakil panganten putri: “Inggih sampun kula tampi anak kula calon penganten jaler pun B” (nyebat nami calon penganten kakung).
Sasampunipun upacara pasrahan, calon penganten kakung kepareng lenggah kanthi mangadhep mangilen, wali lenggah mangadhep mangidul, pengulu (petugas KUA) mangadhep mangetan, modin (Bageyan Agama Kalu­rahan) mangadhep mangaler, pinisepuh saking calon penganten kakung lenggah caket calon penganten kakung, pinisepuh saking calon penganten putri lenggah angapit wali.
Papan palenggahan calon penganten kakung kalemekan ron (apa-apa, kara, maja, dhadhapsrep, alang-alang), ka­tumpangan sawernaning sembet (letrek, jingga, banguntulak, sindur liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakadhang, mayang sekar), tuwin klasa bangka ingkang kaseret abrit mubeng. Ujuring klasa bangka kedah mangilen. Sajenipun: jajan pasar pepak, jenang abang putih, jenang baro-baro, tumpeng panggang, ayam gesang. Sa­da­ya winadhahan tampa enggal, kalu­ruban sindur, namung ayamipun kaseleh lan katangsulan ing ngandhap.
Sanggan panganten nikah, dumadi pisang ayu satangkep ingkang cacahing uleran jangkep, suruh ayu, kembang telon tigang warni, kisi kapas, uwos, lawe wenang satukel, pangilon, jungkat, suri, menyan madu setengah kati, lisah sundhul langit sacepuk, asem kuning kalih grigeh, tindhih arta suwang sapra­pat. Sadaya winadhahan bokor ageng dipunkantheni cikal sajodho, lajeng tinata ing meja dados satunggal kalihan sajen ningkah.
Manawi sampun jangkep sadaya, wali (bapa penganten putri) lajeng ngandika:“Kyai Pengulu kula angre­saya jengandika, kula aturi ning­kah­aken anak kula estri nama pun C (nyebat nama calon penganten putri) kalihan B (nyebat nami calon penganten kakung), kalihan maskawin awujud… (sumangga punapa ingkang dipunka­jeng­aken). Manawi jaman rumiyin mas­kawin punika kawujudaken arta ageng­ipun F.5 (limang rupiah jaman Walandi).
Upacara punika katindakaken dening pengulu ingga cekap. Salajengipun, pengulu lajeng maos donga. Sasampun­ipun cekap, penganten kakung kawajiba­ken tapak asta ing serat nikah. Salajengipun pengulu (petugas KUA) ma­srah­aken serat nikah kasebat dhumateng penganten kakung, kanthi sinartan we­jangan sacekapipun.
Salajengipun, panganten kakung maos serat prajanjen nikah damelan saking pemerintah (Kementrian Agama RI). Jaman rumiyin, serat prajanjen nikah kawastanan “Taklek Janji Dalem”. Padatanipun ugi wonten petuah/sesorah resmi saking KUA, ingkang sampun ngengingi bab gesang bebrayan salaki­rabi. Sasampunipun cekap, panganten kakung jabat asta kalihan pengulu saha sadaya ingkang sami lenggah. Manawi dereng kalajengaken kanthi upacara panggih, panganten kakung sapangiring­ipun saged kondur rumiyin ing pondhok­an sinambi ngrantos medaling pasu­gatan.
Ing upacara akad nikah, calon pa­nganten putrin boten kepareng ndherek, nanging cekap lenggah ing dalem ru­wangan lebet. Punika satrep kalihan sya­riat Islam. Nanging ing tatacara wekdal sapunika, panganten putri ugi kathah ingkang kawajibaken ndherek ing upa­cara akad nikah. Manawi upacara sam­pun purna, panganten putri lajeng mlebet malih ing griya ruwangan lebet. Ing upacara akad nikah punika, boten kathah tamu ingkang dipunaturi, kajawi para pinisepuh, tanggi-teplih, sarta kulawargi ingkang celak.
Ingkang kathah dumados ing jaman sapunika, sasampunipun akad nikah, tumunten kalajengaken upacara panggih panganten. Amargi kanthi cara makaten, boten patosa kathah karibetanipun, ugi kalangkung irit ing samudayanipun, tu­win enggal cekap kabetahanipun.


Bab tata cara panganten Jawi kados ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, asring minangka pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten adat Jawi ing pundi papan. Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga sapriki taksih kathah katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi ing papan-papan tebih ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun Jawi ingkang mukim ing nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara palakrama kanthi adat Jawi makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos ndhatengaken juru paes saking tanah Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan, sajatosipun nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung dhumateng tiyang ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad punika priyantun brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged katindakaken kanthi jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang kagolong kirang mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung kalampahan sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi ingkang badhe kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun bapak Winarno Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan sarta kagunan Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking katranganipun ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing sawatawis wekdal kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan tatacara perkawinan Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.

Lelampahan Saderengipun Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan saderengipun nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag antawisipun pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri. Kekalihipun sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi. Pramila lajeng katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge palakrama. Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk panitia ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
  1. Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama), Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
  2. Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara, hiburan, pasegahan, lsp.
  3. Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan, pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
  4. Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.

Malah tetiyang ingkang badhe paring pambimbing dhateng calon panganten, sarta tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging dhaharan, urusan tampi sumbangun, urusan pangintunan nawala ulem, pembantu umum, lsp.

Upacara Jonggolan


Ngancik pitung dinten saking dinten “D” kawontenaken Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing daleminipun tiyang sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng calon penganten putri lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu badhe sagah nindakaken palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil saking keluarga calon penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit damel sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji ing Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong), sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge ing petanen sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang bakal kangge papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan kangge nyimpen uwos.

Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”, wiwit kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan, dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit), tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan (kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing cagak, nyawiji kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg, sangandhapipun kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung kalihan janggan tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar kapasang ing gedebog pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi. Sangandhap ron kluwih kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg ingkang rinengga ngupengi gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron apa-apa, alang-alan, kara, maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken kanthi sae dening piyantun mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah ngasilaken rerenggan ingkang asri, maujud dados rerangkenan ingkang ceples menggahing tradhisi tarub pengaten Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan dumadi: sekul lulut (pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan (basahan) 2 ambeg, sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel ayam, jangan menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang putih, baning, baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh ayu, abon, jambe, gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking empluk kaisenan tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal jendhul, gantal (suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta katangsulan). Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah, sangajeng pawon, sarta ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten punapa, cekap kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.

Damel Sekarmayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi minangka kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh ingkang estu lebda ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar mayang kabetahaken ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan (paidon) ageng cacah kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan cacah 2, janur kuning sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning, waringin) ingkang kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas ingkang sampun mateng sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang tigang kilan cacah 2, sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang kapanggalih sae), dom bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2 kaparas  (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi ingkang sampun sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang kadamel wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran, sarta conthongan sacekapipun.

Nebus Sekarmayang


Kangge mundhut Sekarmayang, katin­dakaken Upacara Nebus Sekarma­yang. Ing mriki wonten pawestri kalih ingkang sampun cekap yuswa sarta sampun palakrama, ingkang kapatah nebus sekarmayang (cacah 2) dhuma­teng piyantun sepuh ingkang damel Se­karmayang. Caranipun kanthi wawan rembag kados ing ngandhap punika:

: (Piyantun ingkang mundhut/nebus) “Grembyeng-grembyeng niku peken pundi?”
: (Piyantun ingkang damel/sade) “Punika peken Purwadadi”
: “Sade punapa kemawon?”
: “Sade golekan penganten”
: “Punapa angsal kula tumbas kangge dolanan anak kula penganten?”
: “Inggih kenging, mangga kula caosaken golekipun sampun jangkep sadaya”
: “Reginipun pinten?”
: “Reginipun suwang seprapat lan sapirantosipun.”

Piyantun ingkang damel Sekarma­yang lajeng masrahaken sekarmayang dhateng piyantun ingkang nebus. Dene arta ingkang sampun kacawisaken la­jeng kapasrahaken piyantun ingkang ne­bus Sekarmayang dhumateng piyantun ingkang damel sekar mayang. Salajengi­pun Sekarmayang kagendhong mawi sindur dening ibu piyantun panebus ke­kalih wau, lajeng lumampah sajajar sesarengan tumuju griyanipun calon pe­nganten putri. Sasampunipun dumugi, nuli kapapag dening para pinisepuh sa­king pehak calon penganten putri. Se­karmayang lajeng kapasrahaken dhuma­teng pinisepuh ingkang tinaggenah.

Siraman
Sadinten saderengipun panggih te­man­ten, dipunleksanakaken upacara siraman. Ing Surakarta wekdalipun pukul 11 siang, manawi ing Ngayogyakarta biyasanipun ing wanci sonten. Kangge upacara sira­man, kabetahaken ubarampe: Toya (kangge siram dipunsukani sekar), Palenggahan (kalemekan kla­sa enggal, ron apa-apa, ron kluwih, ron kara, ron dhadhap-srep, ron maja, ron alang-alang, ingkang katumpangaken ing sa­warnaning sinjang. Ugi kacawisan glepung uwos, mangir lan pandhan karajang, ron kemuning ingkang kapipis (kangge ngresiki sarira sarta kangge luluran).
Pehak tiyang sepuh calon penganten putri lajeng ngrawuhaken tanggi-tepalih dumados para ibu ingkang sampun yus­wa sacekap, murih paring pandonga pangestu dhumateng calon penganten putri. Nalika upacara siraman kawiwi­tan, calon penganten putri dipunsirami kanthi gegentosan dening para ibu. Ma­nawi sampun cekap calon penganten putri nglejengaken gebyur piyambak ngantos cekap. Sasampunipun sarira re­sik lajeng kagrujug mawi toya mirunggan ingkang kasimpen ing lelebet klenthing. Sasampunipun upacara cekap, klenthing kabanting ngantos ambyar kanthi ngandika sora “Wis pecah pamore!”
Sesajen ing upacara siraman, duma­dos saking: tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar, kembang boreh, ayam gesang, tebu arjuna sarakit, cengkir manis sarta cengkir gadhing sarakit. Tumrap calon pe­nganten kakung, upacara siraman saha ubarampenipun inggih sami kewala.

Paes
Sasampunipun siraman, calon pe­ngan­ten putri tumuli lumebet ing sen­thong penganten ingkang sampun kaca­wisaken. Lajeng ngagem rasukan sem­bagi polos kanthi ules ingkang nyolok. Rikma kagaringaken mawi ratus ingkang kaukup (jaman sapunika saged mawi alat pengering elektronik) amrih ngganda arum. Salajengipun ibu juru paes wiwit ngerik githokipun calon penganten putri. Lajeng maes ing perangan ngajeng ngan­tos sae.
Sesajenipun awujud: klasa bangka mawi seret abrit, sangandhap klasa di­punsukani mawarni ron-ronan (apa-apa, kluwih, kara, dhadhap, maja, alang-alang), barang sembet (letrek jingga, banguntulak, sindur, liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakandhang mayang sekar, lawon pe­thak), pisang raja satangkep (kapilih  ing­kang jangkep uleranipun), lawe wenang satukel, pengilon, jungkat, suri, menyan madu, lisah sundhul langit, kunir kalih grigeh (empu sarta enthikipun), kisi ka­puk kapas, pantun wulen. Sadaya dipun­wadhahi tampah wiyar ingkang taksih enggal, nginggilipun dipunsukani arta suwang saprapat, cikal sarakit, ayam ge­sang, bodhak (isi senthir), kendhi, em­pluk (isi tigan ayam mentah), kacang ijem, wos jahe, dlingo, bengle. Sarta tumpeng satampah pepak sapirantos­ipun.
Sadaya sesajen kala wau lajeng da­dos wenangipun juru paes. Miturut ka­pitadosan kina, salaminipun juru paes nindakaken jejibahan kedah tansah ngu­rubaken lampu senthir ing sanginggile jodhog. Sampun ngantos lampu wau pejah, dados kedah murub terus (ang­genipun ngobong ratus inggih kedah terus kemawon).

Nyantri
Kawit rumiyin engga sapriki taksih limrah kalaksanakaken calon penganten kakung dhateng ing griyanipun calon penganten estri sadinten saderengipun upacara ijab kalampahan. Calon penga­ten kakung lajeng nyipeng ing griyanipun calon marasepuh. Tata cara makaten wau winastan nyantri, utaminipun kang­ge njagi katentreman sarta karaharjan wonten ing makna ingkang sakalangkung wiyar.
Upacara nyantri saged dumados ing malem midodareni. Calon penganten ka­kung ngrasuk busana kasatriyan (nula­dha busana pangeran), dumados saking: kampuh (jarik, bebed), jas takwa saking sutra, iket jebehan, sumping barleyan, sakudhup sekar mlathi, kalung ulur-ulur, dhuwung warangka ladrang/brangah dereng mawi kolong keris, sarta ngagem selop. Ing jaman sapunika calon pengan­ten kakung manawi nyantri umumipun namung ngagem pantaloon saha jas jangkep kemawon. Lumampahing upacara nyantri kawi­witan pukul 7 ndalu. Calon penganten kakung kairingan dening rombongan ku­lawarga sarta para rencangipun, duma­dos saking:
  1. Lare jaler kalih mbekta lampung ting 2 kanan kering, mapan ing ngajeng piyambak,
  2. Cucuk lampah lumampah ngrumi­yini, nanging ing tengah sawingkingipun lare ingkang mbekta ting,
  3. Calon penganten kakung lumam­pah sawingkingipun cucuk lampah, ka­ampingan penganthi, sarta kasongso­ngan,
  4. Sakiwa-tengen panongsong kina­pit patah penganten ingkang mbekta lo­pak-lopak (pethi alit wadhah kinang, sirih, jambe, lsp) sarta kecohan (paidon).

Manawi rombongan calon penganten kakung sampun dumugi sangajeng gri­yanipun calon penganten putri, nulya ka­papag dening panampi tamu saha ka­turan lumebet pendhapa. Sadaya rombongan ugi kepareng lumebet ing dalem ingkang kacawisaken. Sasampunipun atur panampi saha pambagya, salah satunggaling pangiring calon penganten kakung ingkang piniji awit nami keluarga calon penganten kakung, jumeneng sarta ngendika dhumateng ramanipun calon pengaten putri: “Kangmas/adhi A (nyebat asma ramanipun calon pengan­ten estri miturut nem sepuhipun) lampah kula mriki dipunkengken bapa B (nyebat nama ramanipun calon penganten ka­kung). Ingkang sepisan ngaturaken taklimipun, kaping kalih ngaturaken nyan­trinipun ingkang putra calon pe­nganten kakung.”
Sasampunipun katampi dening rama calon pengaten putri, calon penganten kakung nuli kalarabaken dhumateng griya ingkang sampun kacawisaken minangka pondhokan. Salajengipun kawedalaken pasegahan ingkang mbanyumili. Manawi sampun cekap sadayanipun, rombongan pengiring calon penganten kakung lajeng pamit kondur, ingkang katilar namung sawatawis keluarga calon penganten kakung ingkang caket, sarta lare patah gunggung kalih.
Manawi dalu punika kaleres malem midodareni, calon penganten kakung ugi saged ndherek ing pendhapa, nampi ta­mu ingkang sami rawuh njagong. Na­nging namung sakedhap kemawon. Salajengipun calon penganten kakung ke­dah wangsul malih lumebet ing pon­dhokan.