Midodareni
Manawi upacara panggih penganten kirang
satunggal dalu, kawastanan midodareni. Padatanipun kulawarga calon penganten
putri atur ulem kagem sawatawis tamu ingkang dumadi saking kulawarga caket
sarta tangga-tepalih, supados njagong midodareni. Jaman saderengipun taun
1960-an, manawi jagong midodareni boten kapareng ngendika sawatawis sora utawi
gegojegan sarta gumujeng ngantos lakak-lakak. Para lenggah namung sami kendel
utawi ngeningaken cipta, nyuwun dhumateng Pangeran Ingkang Maha Kuwaos amrih
upacara nikah sarta panggih ing dinten benjing saged lumampah sae, wilujeng,
boten manggih pepalang satunggal punapa. Manawi ngandika inggih kedah namung
bisik-bisik kemawon.
Pasugatan ingkang kasegahaken jaman
rumiyin inggih punika: dhadharan gorengan utawi dhadharan keleman, kadosta
jadah, wajik, nagasari, mendut, meniran, criping pisang, pisang kepok goreng,
rengginang, dhahar sekul jangan gudhangan mawi tigan, sarta unjukan.
Pasugatan kasebat, miturut dongengipun nuladha natkala Jaka Tarub kalihan Dewi
Nawangwulan nindakaken palakrama.
Manawi sampun ngancik pukul 12 dalu,
nuli katindakaken wilujengan majemuk. Dhaharan kangge wilujengan majemuk
dumados saking ambengan sekul wuduk, ulam ayam lembaran sarta perlengkapan
sanesipun. Pimpinan pandonga saking kaum sarta kinepung para kulawarga. Manawi
sampun purna, ambengan majemuk lajeng kabage kangge dhaharan para piyantun
ingkang sami jagong.
Jaman rumiyin jagong midodareni ngantos
sedalu natas, nanging sapunika sampun boten makaten malih. Ing jaman sapunika,
padatanipun adicara jagong midodareni kawontenanipun sanget regeng, para
rencanging calon penganten kakung lan putri kathah ingkang sami dhateng. Dene
pasegahan kasegahaken miturut kawontenan, sarta kapundhut praktisipun
kemawon.
Akad Nikah
Sawatawis wekdal saderengipun akad nikah
kaleksanan, calon penganten kakung wiwit ngagem busana panganten ingkang dipun
ayahi mirunggan dening juru paes penganten kakung. Tatacara paes penganten
punika minangka ancer-ancer paes penganten kados ing jaman rumiyin. Ing
pangajeng-ajeng, punapa ingkang rumiyin sampun nate dipunlampahi dening para
leluwur, sageda minangka pathokan sarta dados pangertosan ing mrika-mriki.
Cakipun: Calon penganten kakung ngagem
busana basahan, dumados saking kampuh banguntulak, ukup renda pethak (moga
pethak), clana pethak tinepi ing renda pethak, kuluk mathak pethak, sarira
ngaliga kaborehan atal, ngumbar konca (konca dipunampil in glare), kalung
ulur-ulur (jaman rumiyin kadamel saking salaka utawi saking suwasa), dhuwung
warangka ladrang/brangah mawi kolong keris, pendhok suwasa utawi salaka,
ngagem selop. Miturut kapitayan kina, calon penganten ingkang badhe nikah,
boten kepareng ngagem rerenggan saking emas utawi inten barleyan.
Ing wekdal ingkang sampun tinamtu, calon
penganten kakung kapangkataken saking pondhokan tumuju griyanipun calon
penganten putri, kairing sawatawis kulawarga, wonten lare patah kalih ingkang
mbekta lopak-lopak. Calon penganten kakung lumampah kanthi kasongsongan.
Konca kampuh kacepengan saweneh lare. Sasampunipun dumugi dalemipun calon
penganten putri, tumuli katuntun lumebet pendhapa.
Calon penganten kakung sarta
pangiringipun taksih jumeneng. Upacara srah-srahan calon penganten kakung
kapurwakan kanthi aturipun pinisepuh saking calon penganten kakung, makaten:“Kula
minangka wakilipun bapak/ibu A (nyebat nama tiyang sepuhipun calon
penganten kakung) masrahaken calon penganten jaler ingkang nami B (nyebat
nami calon penganten kakung)”. Cekap makaten.
Nanging manawi wonten wekdalipun, saged
katambah reroncening tembung ingkang sae-sae ingkang tundhonipun mahanani ing
suwasana khusuk sarta tidhem premanem. Menggah jawaban saking wakil panganten
putri: “Inggih sampun kula tampi anak kula calon penganten jaler pun B” (nyebat
nami calon penganten kakung).
Sasampunipun upacara pasrahan, calon
penganten kakung kepareng lenggah kanthi mangadhep mangilen, wali lenggah
mangadhep mangidul, pengulu (petugas KUA) mangadhep mangetan, modin (Bageyan
Agama Kalurahan) mangadhep mangaler, pinisepuh saking calon penganten kakung
lenggah caket calon penganten kakung, pinisepuh saking calon penganten putri
lenggah angapit wali.
Papan palenggahan calon penganten kakung
kalemekan ron (apa-apa, kara, maja, dhadhapsrep, alang-alang), katumpangan
sawernaning sembet (letrek, jingga, banguntulak, sindur liwatan, sembagi,
slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakadhang, mayang sekar), tuwin klasa
bangka ingkang kaseret abrit mubeng. Ujuring klasa bangka kedah mangilen.
Sajenipun: jajan pasar pepak, jenang abang putih, jenang baro-baro, tumpeng
panggang, ayam gesang. Sadaya winadhahan tampa enggal, kaluruban sindur,
namung ayamipun kaseleh lan katangsulan ing ngandhap.
Sanggan panganten nikah, dumadi pisang
ayu satangkep ingkang cacahing uleran jangkep, suruh ayu, kembang telon tigang
warni, kisi kapas, uwos, lawe wenang satukel, pangilon, jungkat, suri, menyan
madu setengah kati, lisah sundhul langit sacepuk, asem kuning kalih grigeh,
tindhih arta suwang saprapat. Sadaya winadhahan bokor ageng dipunkantheni
cikal sajodho, lajeng tinata ing meja dados satunggal kalihan sajen ningkah.
Manawi sampun jangkep sadaya, wali (bapa
penganten putri) lajeng ngandika:“Kyai Pengulu kula angresaya jengandika, kula
aturi ningkahaken anak kula estri nama pun C (nyebat nama calon
penganten putri) kalihan B (nyebat nami calon penganten
kakung), kalihan maskawin awujud… (sumangga punapa ingkang dipunkajengaken).
Manawi jaman rumiyin maskawin punika kawujudaken arta agengipun F.5 (limang
rupiah jaman Walandi).
Upacara punika katindakaken dening
pengulu ingga cekap. Salajengipun, pengulu lajeng maos donga. Sasampunipun
cekap, penganten kakung kawajibaken tapak asta ing serat nikah. Salajengipun
pengulu (petugas KUA) masrahaken serat nikah kasebat dhumateng penganten
kakung, kanthi sinartan wejangan sacekapipun.
Salajengipun, panganten kakung maos
serat prajanjen nikah damelan saking pemerintah (Kementrian Agama RI). Jaman
rumiyin, serat prajanjen nikah kawastanan “Taklek Janji Dalem”. Padatanipun ugi
wonten petuah/sesorah resmi saking KUA, ingkang sampun ngengingi bab gesang
bebrayan salakirabi. Sasampunipun cekap, panganten kakung jabat asta kalihan
pengulu saha sadaya ingkang sami lenggah. Manawi dereng kalajengaken kanthi
upacara panggih, panganten kakung sapangiringipun saged kondur rumiyin ing
pondhokan sinambi ngrantos medaling pasugatan.
Ing upacara akad nikah, calon panganten
putrin boten kepareng ndherek, nanging cekap lenggah ing dalem ruwangan lebet.
Punika satrep kalihan syariat Islam. Nanging ing tatacara wekdal sapunika,
panganten putri ugi kathah ingkang kawajibaken ndherek ing upacara akad nikah.
Manawi upacara sampun purna, panganten putri lajeng mlebet malih ing griya
ruwangan lebet. Ing upacara akad nikah punika, boten kathah tamu ingkang
dipunaturi, kajawi para pinisepuh, tanggi-teplih, sarta kulawargi ingkang
celak.
Ingkang kathah dumados ing jaman
sapunika, sasampunipun akad nikah, tumunten kalajengaken upacara panggih
panganten. Amargi kanthi cara makaten, boten patosa kathah karibetanipun, ugi
kalangkung irit ing samudayanipun, tuwin enggal cekap kabetahanipun.
Bab tata cara panganten Jawi kados
ingkang lumampah ing tlatah Surakarta utawi ing Ngayogyakarta, asring minangka
pathokan tumrap lumampahing tatacara panganten adat Jawi ing pundi papan.
Upacara panganten kanthi adat Jawi punika engga sapriki taksih kathah
katindaken. Inggih punika ing kitha-kitha ageng, utawi ing papan-papan tebih
ingkang kathah dipunpanggeni tiyang Jawi. Para priyantun Jawi ingkang mukim ing
nagari manca, ugi kathah ingkang nindakaken tatacara palakrama kanthi adat Jawi
makaten wau. Malah wonten ingkang ngantos ndhatengaken juru paes saking tanah
Jawi, komplit kalihan juru cucuk lampah.
Nanging ingkang perlu kawuningan,
sajatosipun nindakaken palakrama kanthi tatacara Jawi punika gumantung
dhumateng tiyang ingkang gadhah hajad piyambak. Manawi ingkang kagungan hajad
punika priyantun brewu mlekethu, temtu wedharing tata cara penganten saged
katindakaken kanthi jangkep, sae, sarta ageng. Nanging kagem priyantun ingkang
kagolong kirang mampu, tumapaking tata cara penganten padatanipun inggih namung
kalampahan sacara prasaja sarta miturut kabetahan kemawon.
Wondene bab tatacara adat panganten Jawi
ingkang badhe kaandharaken punika, lelandhesan saking kepekan sarta seratanipun
bapak Winarno Wiromidjojo, priyantun winasis ingkang lebda ing bab kabudayan
sarta kagunan Jawi, ingkang lenggah ing kitha Surakarta. Ugi katambah saking
katranganipun ibu Ruminah Wiromidjojo ingkang pidalem ing Ngayogyakarta. Ing
sawatawis wekdal kapengker, bapak Winarno Wiromidjojo nate sesorah babagan
tatacara perkawinan Jawi ing Kantor Proyek Javanologi Yogyakarta.
Lelampahan Saderengipun
Palakrama
Bab-bab umum ingkang kedah kalampahan
saderengipun nindakaken palakrama, inggih punika sasampunipun wonten rembag
antawisipun pehak calon penganten kakung kalawan pehak calon penganten putri.
Kekalihipun sampun sami sarujuk badhe gesang bebrayan pinangka salaki rabi.
Pramila lajeng katetepaken benjing punapa wekdalipun (dinten “D” nipun) kangge
palakrama. Kangge kabetahan punika lajeng kabentuk
panitia ingkang nggadahi warni-warni jejibahan. Kadosta:
- Pinangka atur palapuran kangge urusan surat ijin nikah (dhumateng RT, RW, dhukuh, lurah, camat), KUA (Kantor Urusan Agama), Gereja utawi Kantor Catatan Sipil.
- Ngrembag bab nawala ulem (undhangan) prakawis gedhung, pengeras suara, dokumentasi, jurupaes, among tamu, MC/panatacara, hiburan, pasegahan, lsp.
- Ngrembag bab kabetahan adat, kadosta wilujengan, pasang tarub, damel sekarmayang, sesaji, lan sanesipun.
- Matah tetiyang ingkang pinangka tetuwangganipun adicara (padatanipun pinisepuh, utawi Ketua RT/RW), sarta tetiyang ingkang kajibah atur pambagya, atur panampi, lsp.
Malah
tetiyang ingkang badhe paring pambimbing dhateng calon panganten, sarta
tetiyang ingkang ngawat-awati rancanging dhaharan, urusan tampi sumbangun,
urusan pangintunan nawala ulem, pembantu umum, lsp.
Upacara Jonggolan
Ngancik pitung dinten saking dinten “D”
kawontenaken Upacara Jonggolan. Ing mriku, saweneh petugas KUA rawuh ing
daleminipun tiyang sepuh calon penganten putri, saperlu nanjihaken dhumateng
calon penganten putri lan calon penganten kakung, punapa kekalihipun saestu
badhe sagah nindakaken palakrama kanthi tanpa pineksa. Pinangka seksi, wakil
saking keluarga calon penganten puti-kakung.
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”,
wiwit damel sesajen sarta wilujengan. Padatan ing Kraton Surakarta, caos sesaji
ing Sitihinggil Kraton Surakarta kagem Nyai Setomi (mriyem), Kyai Surak (gong),
sarta Kyai Sala (ingkang cikalbakal kitha Solo). Ugi mundhut pasir ing sakidul
Bangsal Witana, pados ron waringin lumah-kureb ing sangandhap waringin kurung
Kyai Jayandaru lan Kyai Dewandaru ing Alun-alun Ler, sarta mundhut toya
tempuran lepen Bengawan Solo. Menggah ing Kraton Ngayogyakarta, kanthi caos
sesaji ing Pasarean Kutha Gedhe sarta Imagiri.
Salajengipun nuli samekta sesaji kangge
ing petanen sarta pendaringan. Petanen inggih punika senthong (kamar) ingkang
bakal kangge papan pagulingan panganten, dene pedaringan inggih punika papan
kangge nyimpen uwos.
Pasang Tarub
Ngancik tigang dinten tumuju dinten “D”,
wiwit kaayahan pasang tarub. Lajeng sadinten saderengipun dinten “D”, ing
kanan-kering tarub ngajeng kori nuli kapajang rerenggan mawarnai tetuwuhan,
dumados saking: Setunggal tandhan pisang raja ingkang meh mateng (kalih uwit),
tebu Arjuna sapasang, cengkir gadhing tuwin cengkir legi sarakit, pantun
sagedheng kabage kalih, otek sagedheng kabage kalih, sarta mawarni ron-ronan
(kluwih apa-apa, alang-alang, kara, maja, girang, kemuning).
Tetuwuhan kasebat kapasang kukuh ing
cagak, nyawiji kalihan gedebog pisang raja. Tebu Arjuna kapasang jejeg,
sangandhapipun kapasang cengkir gadhing lan cengkir legi. Sadaya wau gumantung
kalihan janggan tandhan pisangipun. Dene ron kluwih pendhak tigang lembar
kapasang ing gedebog pisang, sangandhap cengkir gadhing lan cengkir legi.
Sangandhap ron kluwih kapasang rerangkenan pantun sarta otek sapalih gedheg
ingkang rinengga ngupengi gedebog pisang. Sangandhapipun kasusul rerangken ron
apa-apa, alang-alan, kara, maja, girang, kemuning (sadaya wau katindakaken
kanthi sae dening piyantun mirunggan ingkang saestu kuwagang. Satemah
ngasilaken rerenggan ingkang asri, maujud dados rerangkenan ingkang ceples
menggahing tradhisi tarub pengaten Jawi).
Sesajen kanggo tarub lan tetuwuhan
dumadi: sekul lulut (pulen) 2 ambeg, sekul wudhuk (gurih) 2 ambeg, sekul asahan
(basahan) 2 ambeg, sekul golong 22 glindhing, jajan pasar (dhawet, rujak, pecel
ayam, jangan menir, ulam ayam lembaran (saking jago pethak), jenang (abang
putih, baning, baro-baro), jangkong, inthil katul, pisang, pisang ayu, suruh
ayu, abon, jambe, gambir, mbako, injet.
Sesajen ingkang katanem, dumados saking
empluk kaisenan tigan ayam 3, gereh pethek, kacang ijem, kedhele, kemiri, gepal
jendhul, gantal (suruh ingkang kalinting lan lebetipun kaisi apu/injet sarta
katangsulan). Nanemipun ing sangandhap petanen, sangajeng kori tengah,
sangajeng pawon, sarta ing margi prasekawan. Nanging boten katanem inggih boten
punapa, cekap kaselehaken kemawon. Menggah ujubipun kapasrahaken kaum.
Damel Sekarmayang
Sekar mayang utawi kembang mayang ugi
minangka kalengkapaning palakrama. Kadamel dening saweneh piyantun sepuh
ingkang estu lebda ing karya, kabiyantu dening para kaneman. Kangge damel sekar
mayang kabetahaken ubarampe serta bebakal (bahan-bahan), kadosta: Kecohan
(paidon) ageng cacah kalih, gedebog lan sindur gula klapa panjang kalih kilan
cacah 2, janur kuning sekawan papah ingkang wetah, ron-ronan (girang, kemuning,
waringin) ingkang kathah kapendhet sami gagang sarta epangipun, who nanas
ingkang sampun mateng sajambulipun cacah 2, sujen deling ingkang kandel panjang
tigang kilan cacah 2, sekar (mlathi, kanthil, sarta sekar sanesipun ingkang
kapanggalih sae), dom bundhel lan dom bolah sacekap, degan cacah 2
kaparas (keceripun katilar).
Dene ingkang kedah sampun kadamel utawi
ingkang sampun sumadiya langkung rumiyin, inggih punika rerangken janur ingkang
kadamel wawangunan maneka warni, kados keris-keris, manuk-manukan, uler-uleran,
sarta conthongan sacekapipun.
Nebus Sekarmayang
Kangge mundhut Sekarmayang, katindakaken
Upacara Nebus Sekarmayang. Ing mriki wonten pawestri kalih ingkang sampun
cekap yuswa sarta sampun palakrama, ingkang kapatah nebus sekarmayang (cacah 2)
dhumateng piyantun sepuh ingkang damel Sekarmayang. Caranipun kanthi wawan
rembag kados ing ngandhap punika:
:
(Piyantun ingkang mundhut/nebus) “Grembyeng-grembyeng niku peken pundi?”
:
(Piyantun ingkang damel/sade) “Punika peken Purwadadi”
:
“Sade punapa kemawon?”
:
“Sade golekan penganten”
:
“Punapa angsal kula tumbas kangge dolanan anak kula penganten?”
:
“Inggih kenging, mangga kula caosaken golekipun sampun jangkep sadaya”
:
“Reginipun pinten?”
:
“Reginipun suwang seprapat lan sapirantosipun.”
Piyantun ingkang damel Sekarmayang
lajeng masrahaken sekarmayang dhateng piyantun ingkang nebus. Dene arta ingkang
sampun kacawisaken lajeng kapasrahaken piyantun ingkang nebus Sekarmayang
dhumateng piyantun ingkang damel sekar mayang. Salajengipun Sekarmayang
kagendhong mawi sindur dening ibu piyantun panebus kekalih wau, lajeng
lumampah sajajar sesarengan tumuju griyanipun calon penganten putri.
Sasampunipun dumugi, nuli kapapag dening para pinisepuh saking pehak calon
penganten putri. Sekarmayang lajeng kapasrahaken dhumateng pinisepuh ingkang
tinaggenah.
Siraman
Sadinten saderengipun panggih temanten,
dipunleksanakaken upacara siraman. Ing Surakarta wekdalipun pukul 11 siang,
manawi ing Ngayogyakarta biyasanipun ing wanci sonten. Kangge upacara siraman,
kabetahaken ubarampe: Toya (kangge siram dipunsukani sekar), Palenggahan
(kalemekan klasa enggal, ron apa-apa, ron kluwih, ron kara, ron dhadhap-srep,
ron maja, ron alang-alang, ingkang katumpangaken ing sawarnaning sinjang. Ugi
kacawisan glepung uwos, mangir lan pandhan karajang, ron kemuning ingkang
kapipis (kangge ngresiki sarira sarta kangge luluran).
Pehak tiyang sepuh calon penganten putri
lajeng ngrawuhaken tanggi-tepalih dumados para ibu ingkang sampun yuswa
sacekap, murih paring pandonga pangestu dhumateng calon penganten putri. Nalika
upacara siraman kawiwitan, calon penganten putri dipunsirami kanthi gegentosan
dening para ibu. Manawi sampun cekap calon penganten putri nglejengaken gebyur
piyambak ngantos cekap. Sasampunipun sarira resik lajeng kagrujug mawi toya
mirunggan ingkang kasimpen ing lelebet klenthing. Sasampunipun upacara cekap,
klenthing kabanting ngantos ambyar kanthi ngandika sora “Wis pecah pamore!”
Sesajen ing upacara siraman, dumados
saking: tumpeng robyong, tumpeng gundhul, jenang abang putih, jajan pasar,
kembang boreh, ayam gesang, tebu arjuna sarakit, cengkir manis sarta cengkir
gadhing sarakit. Tumrap calon penganten kakung, upacara siraman saha
ubarampenipun inggih sami kewala.
Paes
Sasampunipun siraman, calon penganten
putri tumuli lumebet ing senthong penganten ingkang sampun kacawisaken.
Lajeng ngagem rasukan sembagi polos kanthi ules ingkang nyolok. Rikma
kagaringaken mawi ratus ingkang kaukup (jaman sapunika saged mawi alat
pengering elektronik) amrih ngganda arum. Salajengipun ibu juru paes wiwit
ngerik githokipun calon penganten putri. Lajeng maes ing perangan ngajeng ngantos
sae.
Sesajenipun awujud: klasa bangka mawi
seret abrit, sangandhap klasa dipunsukani mawarni ron-ronan (apa-apa, kluwih,
kara, dhadhap, maja, alang-alang), barang sembet (letrek jingga, banguntulak,
sindur, liwatan, sembagi, slendhang lurik puluhwatu, sinjang yuyu sakandhang
mayang sekar, lawon pethak), pisang raja satangkep (kapilih ingkang
jangkep uleranipun), lawe wenang satukel, pengilon, jungkat, suri, menyan madu,
lisah sundhul langit, kunir kalih grigeh (empu sarta enthikipun), kisi kapuk
kapas, pantun wulen. Sadaya dipunwadhahi tampah wiyar ingkang taksih enggal,
nginggilipun dipunsukani arta suwang saprapat, cikal sarakit, ayam gesang,
bodhak (isi senthir), kendhi, empluk (isi tigan ayam mentah), kacang ijem, wos
jahe, dlingo, bengle. Sarta tumpeng satampah pepak sapirantosipun.
Sadaya sesajen kala wau lajeng dados
wenangipun juru paes. Miturut kapitadosan kina, salaminipun juru paes
nindakaken jejibahan kedah tansah ngurubaken lampu senthir ing sanginggile
jodhog. Sampun ngantos lampu wau pejah, dados kedah murub terus (anggenipun
ngobong ratus inggih kedah terus kemawon).
Nyantri
Kawit rumiyin engga sapriki taksih
limrah kalaksanakaken calon penganten kakung dhateng ing griyanipun calon
penganten estri sadinten saderengipun upacara ijab kalampahan. Calon pengaten
kakung lajeng nyipeng ing griyanipun calon marasepuh. Tata cara makaten wau
winastan nyantri, utaminipun kangge njagi katentreman sarta karaharjan wonten
ing makna ingkang sakalangkung wiyar.
Upacara nyantri saged dumados ing malem
midodareni. Calon penganten kakung ngrasuk busana kasatriyan (nuladha busana
pangeran), dumados saking: kampuh (jarik, bebed), jas takwa saking sutra, iket
jebehan, sumping barleyan, sakudhup sekar mlathi, kalung ulur-ulur, dhuwung
warangka ladrang/brangah dereng mawi kolong keris, sarta ngagem selop. Ing
jaman sapunika calon penganten kakung manawi nyantri umumipun namung ngagem
pantaloon saha jas jangkep kemawon. Lumampahing upacara nyantri kawiwitan
pukul 7 ndalu. Calon penganten kakung kairingan dening rombongan kulawarga
sarta para rencangipun, dumados saking:
- Lare jaler kalih mbekta lampung ting 2 kanan kering, mapan ing ngajeng piyambak,
- Cucuk lampah lumampah ngrumiyini, nanging ing tengah sawingkingipun lare ingkang mbekta ting,
- Calon penganten kakung lumampah sawingkingipun cucuk lampah, kaampingan penganthi, sarta kasongsongan,
- Sakiwa-tengen panongsong kinapit patah penganten ingkang mbekta lopak-lopak (pethi alit wadhah kinang, sirih, jambe, lsp) sarta kecohan (paidon).
Manawi rombongan calon penganten kakung
sampun dumugi sangajeng griyanipun calon penganten putri, nulya kapapag
dening panampi tamu saha katuran lumebet pendhapa. Sadaya rombongan ugi
kepareng lumebet ing dalem ingkang kacawisaken. Sasampunipun atur panampi saha
pambagya, salah satunggaling pangiring calon penganten kakung ingkang piniji
awit nami keluarga calon penganten kakung, jumeneng sarta ngendika dhumateng
ramanipun calon pengaten putri: “Kangmas/adhi A (nyebat asma ramanipun calon
penganten estri miturut nem sepuhipun) lampah kula mriki dipunkengken bapa B
(nyebat nama ramanipun calon penganten kakung). Ingkang sepisan ngaturaken
taklimipun, kaping kalih ngaturaken nyantrinipun ingkang putra calon penganten
kakung.”
Sasampunipun katampi dening rama calon
pengaten putri, calon penganten kakung nuli kalarabaken dhumateng griya ingkang
sampun kacawisaken minangka pondhokan. Salajengipun kawedalaken pasegahan
ingkang mbanyumili. Manawi sampun cekap sadayanipun, rombongan pengiring calon
penganten kakung lajeng pamit kondur, ingkang katilar namung sawatawis keluarga
calon penganten kakung ingkang caket, sarta lare patah gunggung kalih.
Manawi dalu punika kaleres malem
midodareni, calon penganten kakung ugi saged ndherek ing pendhapa, nampi tamu
ingkang sami rawuh njagong. Nanging namung sakedhap kemawon. Salajengipun
calon penganten kakung kedah wangsul malih lumebet ing pondhokan.
0 komentar:
Posting Komentar