Alam kang gumelar ing jagad raya
iki pancen diciptakake dening kang Maha Kuwasa kanggo manungsa. Minangka makhluk
kang paling sampurna kanthi anane daya rasa, cipta, lan karsa manungsa diajap
bisa nggunakake alam iki kanthi sabecik-becike. Emane ing titi mangsa iki akeh
tumindake manungsa sing kurang becik saengga ndadekake rusake alam. Saengga
nyebabake akeh dumadine prahara. Sejatine yen diwawas kanthi weninge kaca rasa
ngenani dumadine prahara-prahara iku mau minangka wohing pakarti kang diundhuh
dening manungsa kang wis gawe rusake alam.
Kanggo bisa uwal saka pangamuke alam
sing njilma dadi prahara mau manungsa diajap bisa ndandani timindake.
Saliyane iku manungsa kudu eling sarta tansah ngurmati alam. Salah sawijining
cara kanggo ngurmati alam iku dening masyarakat tradisional biasane
ditindakake kanthi adicara sedhekah bumi. Ngenani sedekah bumi iki dhewe wis
dituladhakake lan ditindakake dening para leluhur kanggo nguntapake rasa syukur
tumrap kang Maha Kuwasa sarta sawijining wujud sambung rapete manungsa klawan
alam. Lumantar adicara iki uga manungsa bisa njaga kaharmonisan sarta kasalarasane
alam.
Ing negara Indonesia kang sugih klawan
budaya tumekane wektu iki isih akeh banget sedhekah bumi kang ginelar saben
taune. Saben-saben sedekah bumi iku nduweni titikan lan rerangkene adicara
kang beda-beda. Anane pambeda ana ing kene ora nuwuhake panemu endi sing becik
lan endi sing kurang becik. Pambeda mau tansah nuduhake luhuring budaya kang
ana ing bumi nuswantara iki. Salah sawijining upacara sedekah bumi kang nduweni
pangajap njaga kaslarasan lingkungan iku bisa ditemokake ing Gunung Gambar
kang klebu wewengkon ing laladan Gunung Kidul Yogyakarta.
Upacara tradisi kang kagelar ing Dusun
Kampung Desa Kecamatan Ngawen Gunung Kidul kaya ta adicara Wanakarti kang
ginelar ing patilasane Pangeran Samber Nyawa. Saliyane dikarepake kanggo mapag
tekane riyaya Nyepi tumrape para umat Hindu uga dimaksudake kanggo
njagakeharmonisan sarta kasalarasane alas kang ana ing sakiwa tengene
patilasan Pangeran Samber Nyawa.
Ngenani pangajap amrih larase alam kang
ana ing papan kasebut adhedhasar makna kang kinandhut sajroning upacara
wanakarti iku dhewe. Tumrape para kadang Hindu wanakarti ngono ditegesi minangka
sawijining upacara tradhisi kanggo kasucen sarta njaga lestarine alas sarta pegunungan papan alas iku mau tuwuh. Sajroning kapercayan Hindhu alas
ngono dibedakake ana telung werna utawa jinis. Katelune alas iku mau yaiku
sing kapisan diarani Maha Wana kang diartekake alas gung liwang-liwung (Hutan
Rimba), kapindhone diarani Tapa Wana yaiku alas kang digunakake dening para
yogi/resi kanggo mbangun partapan utawa pasraman dene kaping telune yaiku Sri
Wana sing nduweni teges yaiku alas kang digunakake kanggo kemakmuran ekonomi.
Mula saka kuwi saliyane digunakake kanggo
mujudake rasa syukur saka berkahing Gusti sing wis diparingake marang
masyarakat kang manggon ana ing sacedhake gunung Gambar. Adicara Wanakarti iki
uga dimaksudake kanggo njaga lestarine alas kang ana ing gunung Gambar amrih
ora rusak kang disebabake saka tumindak serakahe manungsa. Kejaba saka iku
Wanakarti dhewe uga ditindakake amrih energi kang ana ing alam iki bisa tetep
imbang. Saengga bisa ngadohake laladan kono mligine sarta nusawantara umume
saka sekabehing bebaya.
Ngenani anane adicara iki ketua PHDI
Kabupaten Gunung Kidul, Purwanto M.Pd.H, ngandharake yen upacara iki wigati
banget ditindakake, amarga adicara iki kalebu sawjining tugas kang kudu ditindake
dening manungsa amrih bisa njaga keseimbangane alam semesta. Dheweke uga
nambahake yen prahara kang keri-keri iki kerep tumiba ing bumi nuswantara iki
disebabake amarga kawigatene masyarakat tumrap alam kurang. “Apa kang dumadi
tumrap bangsa lan negara iki kabeh amarga manungsa kurang sadhar njaga
lestarine alam. Manungsa mung ngetutake hawa nepsune saengga akeh tumindake
kang ngrusak alam. Mula saka anane tumindake manungsa kaya mangkene alam nyoba
ngelingake manungsa yen tumindake ngono kuwi ora becik lan dikarepake para
manungsa enggal sadhar lan ngowahi tumindake kasebut. Lumantar adicara iki
diajap bisa njaga kaimbangane alam semesta lan netralisir energi negatif,”
kandhane.
Upacara Wanakrti kang ditindakake ing
patilasan Pangeran Samber Nyawa kuwi saliyane diestreni dening para umat Hindu
kang manggon ana ing laladan D.I. Yogyakarta lan Klaten uga dirawuhi dening
Ida Bagus Wika Khrisna, S. Ag, M.Si minangka pembima Hindu kanwil kemenag
D.I. Yogyakarta. Nalika ngrawuhi adicara kasebut panjenengane uga
ngandharake menawa upacara kang kagelar ing dina Minggu iku minangka
sawijining konsep masyarakat Hindhu kanggo ngurmati para Dewa kang manggon ana
gunung-gunung. Kanthi anane tumindak kaya mangkene diajab bisa ndadekake
sesambungan antarane manungsa klawan alam tansah harmonis. Saka anane
sesambungan kang harmonis antarane manungsa lan alam ing tembe mburine bisa
ngadohake panguripane manungsa saka bebaya kayadene banjir lan tanah
longsor.
Ing perangan liya Haryanto kang kadhapuk
minangka ketua panitia ing adicara kasebut uga ngandhakake menawa kanthi anane
upacara iki uga bisa mromosekake dhaerah gunung Gambar kang manggon ana ing
Ngawen iki dadi sawijining objek wisata spiritual lan sejarah. Anane pangajab
kang kaya mangkene amarga papan kang digunakake kanggo nindakake upacara
Wanakarti iki dhewe nalika jaman biyene uga nate digunakake dening pangeran
Samber Nyawa kanggo nepi sarta golek pituduh sadurunge perang mungsuh Walanda.
Katrangan ngenani yen gunung Gambar iki
dadi seksi perjuangane Pangeran Samber Nyawa uga dibenerake dening Podowinarno.
Priya kang dipercaya dadi pemimpin lumakune upacara wanakarti iku uga dipercaya
kanthi turun-temurun dadi juru kuncine patilasan Samber Nyawa utawa kang
lumrah sinebut gunung Gambar. Miturut critane priya kang nduweni rambut gondrong
kasebut tekane Pangeran Samber Nyawa ing papan kene amarga kedhesek dening
bangsa Walanda. “Wektu iku Pangeran Samber Nyawa isih nganggo jeneng R.M Said.
Amarga kalah perang klawan bangsa Walanda panjenengane banjur nindakake tapa
ing watu bokong kang mapan ana ing pucuke gunung Gambar. Nalika tapa ing papan
kasebut banjur panjenengane pikantuk sasmita. Sasmita kasebut digambarake
kayadene pawongan kang pengin mangan bubur jenang katul kang isih panas,” ujare
Podo.
“Sawise nindakake strategi perang
kayadene kang disasmitakake kayadene pawongan kang mangan jenang katul. Yaiku
kanthi merangi saka pinggir kanthi sithik mbaka sithik. Wekasanane bangsa Walanda
ngrasa kasoran nalika ngadhepi kridhane R.M Said. Kanthi nindakake perang kaya
mangkene iki uga kang njalari bangsa Walanda menehi sebutan R.M Said kanthi
sebutan Pangeran Samber Nyawa. Saka anggone kewalahane bangsa Walanda kang
ngadhepi kridhane sang pangeran iku banjur nyebabake laire Perjanjian Giyanti.
Kayadene upacara-upacara adat kang ana ing
laladan Jawa ing adicara iki uga diramekake dening maneka kesenian.
Kesenian-kesenian kang ditampilake pinuju upacara iki ditindakake yaiku tari
gambyong, jaranan, lan rebut gunungan. Ananging ana siji rerangkening adicara
kang beda dibandhingake dening adicara liya-liyane. Sing ndadekake beda adicara
iki tumrap adicara liyane yaiku anane penanaman simbolis tetanduran
kang ana ing gunung Gambar kanggo nggambarake masyarakat kang perduli tumrap
lestarine alam sarta kasalarasane. Kejaba kuwi, adicara iki uga kena kanggo
ngeling-eling perjuangane Pangeran Samber Nyawa.
0 komentar:
Posting Komentar