Kaya umume dhaerah agraris tradhisional,
Dhusun Talpitu, Desa Ngemplak, Kecamatan Karangpandhan, Kabupaten Karanganyar
uga nglestarekake Suran Jambaleka. Diarani Suran, amarga, upacara adat iki
diadani pendhak sasi Sura. Dene Jambaleka mujudake papan keramat sumarene
Pangeran Arya Kusuma Jambuleka, cikal bakal padesan kasebut.
Nganti saiki kena diarani durung ana
ahli sejarah sing naliti riwayate bangsawan, kang jarene, isih trah Majapahit
mau. Sing ana mung dongeng, lengendha turun-tumurun. Warga ngenggon percaya,
tokoh kang dimakamake ing Talpitu kuwi mujudake salah sijine atmajane Prabu
Brawijaya V. Arya Kusuma, ya Arya Leka lair saka garwa paminggir Rara Supadi,
asal Sapudi, pulo cilik sacedhak Madura. Arya Kusuma kasinungan rupa bagus
njenthara, mula uga karan Arya Pekik.
Diwasane Arya Leka kapundhut mantu Jaran
Panole I, Adipati Sumenep. Sasurude marasepuhe, Arya Leka nglintir dhampar
kadipaten jejuluk Jaran Panole II, alias Jaran Panole Sumenep. Abad 14
Majapahit kabedhah Demak Bintar. Arya Leka utawa Jaran Panole Sumenep dening
ramane, Brawijaya V, dipasrahi mandhegani armadha laut Majapahit. Lan, wis dadi
karepe sejarah, Majapahit wusanane ambruk.
Suthik dadi telukan, Arya Leka sagarwa
pilih linggar saka Madura, mlaku saparan-paran mangulon arahe. Satekane gumuk
ing sikile Gunung Lawu sing dituwuhi wit tal cacah pitu, panjenengane lerem
arsa dedunung. Jumbuh karo papane, Arya Leka banjur nyebut dhirine Ki Ageng
Jabal Leka. Jabal tegese punthuk utawa gumuk. Dene wewengkon panggonane dedunung
nganti puput yuswa, nurut rejaning jaman, nuli karan Talpitu.
Ora ditemokake cathetan kapan panjenengane
seda. Sing cetha makam utawa pasareyane banget dikramatake dening masyarakat,
mlgine Dhusun Talpitu, lan umume Desa Ngemplak. Warga percaya suwargi
kasinungan karomah. Kasunyatan nuduhake, jaman gegeran perang kamardikan
sakehing warga kono kang keplayu ngungsi neng makame Jabal Leka tansah kalis
saka pambujung lan pangamuke serdhadhu Walanda.
Kompleks pasujarahan kuna iki pancen
katon singup. Gapura ngarep wangun candhi bentar, dijangkepi gerdhu pejagan
sisih kiwane sarta plang kayu kanthi tulisan: Makam Ki Ageng Haryo Kusuma
Jambuleka Talpitu, Ngemplak Karangpandan. Kijinge ginawe saka blebekan watu
alus werna krem, perangan tengahe divariasi ireng. Cundhuk karo watu bunder
ireng sak bal voli minangka maesane.
Jirat kubure Ki Ageng Jambaleka utawa
Jambuleka iki tinutup slambu mubeng, mapan jroning cungkup cakrik Joglo
Lawakan. Saka gurune migunakake kayu wutuh glondhongan cukupan gedhene.
Jejer sisih kiwane ana makam prasaja. Pager cungkup isih wujud bethek pring.
Ing lawangan ngarep rinengga dwarapala sepasang sing wis katon lumuten.
Sanjaban pager dikebaki sawernane wit-witan, kaya ta aren, keningar,
sonokeling, mahoni lan kemuning. Wit-witan mau, mbokmenawa kagawa saking
tuwane, tuwuh kliwat gedhe lan ngrembuyung. Sunaring srengenge nganti angel
nembus, temahan lemah sangisore ketok ngumes.
Mradat Wedhus Kendhit
Sisih tengene pendapa makam tinemu
tugelan kayu cacah loro sing dipayoni wangun payung. Siji, arupa balok silinder
saukuran bedhug cilik. Sijine maneh sabrebetan kaya tilas wit-witan garing.
Najan wis alum isih cetha dinulu anane sawuran kembang mawar ing sakupenge
kayu-kayu kasebut. Persis adhep-adhepan karo joglo pasareyane Ki Ageng
Jambuleka, dipisahake plataran rada jembar, didegi wewangunan los cilik minangka
papan ngaso kanggo para pejiarah.
Nitik bahan bangunan kang digunakake,
pundhene Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka mujudake asil renovasi anyar. Manut
sawetara pendhudhuk kono, pemugaran sepisanan ing taun 1986 dibandhani
dening saweneh pejiarah saka Jawa Timur. Sabanjure, taun 2005, para pasujarah
liyane ngragadi gawe gapura bentar minangka lawangan mlebu menyang kompleks
makam. Dene Pemkab Karanganyar mbiyantu mbangun talud taun 2007.
Durung kinawruhan kepiye mungguh mula
bukane adat Suran Jambaleka. Pitakonan ngenani tradhisi iki, mujudake produk
budaya tinggalane sawargi Ki Ageng, apa tuwuh saka kalangane masyarakat
kanggo memule pundhene sawise panjenengane seda, ora entuk wangsulan gumathok.
Mbah Dikromo, saweneh warga sing dipethuki nembe rencek negor pring sanjabane
makam mung bisa ngujar, “Suran Jambaleka niku pun enten wiwit jaman ja-mbejuja
riyin.” Saben tanggal 1 Sura masyarakat Dhusun Talpitu, Ngledok, lan Ngablak
keriglampit ngadani wilujengan ing Pundhen Jambaleka. Ritual sesaji munjukake
suka syukur marang Gusti Allah iki lumaku telung dina suwene nganti 3 Sura.
Dina kapisan manjing maghrib upacara diwiwiti kanthi nyanggarake kendhi
pitu isi banyu wening ing pasareyane Ki Ageng Haryo Kusumo Jambuleka, lan diterusake
donga engga kliwat tengah wengi.
Esuk dina candhake mradat wedhus
kendhit, yaiku wedhus sing duwe wulu sleret putih tepung gelang pener wetenge,
ing areal makam. Daginge banjur dikela minangka jangkepe sesaji. Sasuwene dimasak
ora kena diicipi, lan para wanita sing kapasrahan nandangi olah-olah ora
kapinujon lagi nggarapsari. Ngarepake wayah tengange, warga saka telung padhukuhan
kasebut melu nggabung ing pundhen karo nggawa tampah isi sawernane ubarampe
wilujengan.
Sawise
sakabehe rinasa tumata, ngepasi sangate para sesepuh dhusun nuli ngleksanani
adicara tumuruning toya wening. Kendhi cacah pitu sing sawengi sadurunge
disanggarake dijupuk, lan banyu isine didumake marang sakabehing warga, kalebu
pejiarah kang melu ngestreni. Lebar kuwi kenduren. Sanggan ubarampe slametan
gawane masyarakat dipangan bareng sarampunge didongani. Dina katelu dianakake
udhik-udhik minangka panutupe rerangken tradhisi Suran.