Tata rakiting rongrongan (ruwangan)
tumrap omah Jawa, gumantung marang ukuran gedhe cilike omah kasebut, sarta
gumantung marang kabutuhaning kulawarga. Mungguh sing kagolong ruwangan yaiku
kamar-kamar kang ana ing ruwangan omah kasebut. Umume, kabeh kamar ing jero
ruwangan kasambung ing antarane cagak siji lan sijine, lan mapan pener ing
sangisor blandar.
Tatanan/susunan
ruwangan ing omah Jawa, yaiku:
- Omah Panggangpe. Ruwangan mung ana siji, dipigunakake kanggo warna-warna kabutuhan. Yen kanggo kebutuhan keluwarga kang penting, bisa gawe ruwangan anyar kanthi nambah wangunan emper ing sisih buri omah. Kanthi tambahan emper iku, wujude omah panggangpe dadi bentuk panggangpe Gedhang Salirang, Gedhang Setangkep, Ceregancet, Trajumas, lsp.
- Omah Kampung. Wujud susunan ruwangan omah kampung kaperang dadi 3 bagean, yaiku ngarep, tengah, buri. Ruwangan tengah diperang dadi telung senthong (kamar), yaiku senthong kiwa, senthong tengah, senthong tengen. Uga bisa katambah ruwangan tambahan sing cukup diwatesi mawa rana (slintru). Dene yen mbutuhake ruwangan maneh, bisa katambah wangunan maneh ing sisih buri. Kanthi mangkono wujude Omah Kampung baku, owah dadi wujud omah Kampung Paculgowang, Srotong, Daragepak, Ceregancet, lan sapiturute.
- Omah Limasan. Wujude susunan ruwangan uga kaperang dadi 3 bagean, yaiku ngarep, tengah, buri. Ruwangan tengah luwih jembar katimbang ruwangan ngarep utawa buri. Ing ruwangan buri kanggo telung senthong, yaiku senthong kiwa, tengah, lan tengen. Uga bisa katambah senthong maneh, mapan ing sisih kiwa utawa tengen senthong sing wis ana. Dene yen mbutuhake ruwangan maneh, bisa katambah wangunan maneh ing sisih buri. Saengga wujude Omah Limasan baku, owah dadi wujud Limasan Lawakan, Gajah Ngombe, Gajah Njerum, Gajah Mungkur, lsp.
- Omah Joglo. Omah Joglo mujudake tipe ideal mungguhing omah Jawa. Tatanan ruwangan omah Joglo sacara umum kabage dadi telung perangan, yaiku pendhapa (ruwang patemonan), pringgitan (ruwang tengah, umume kanggo pagelaran ringgit/wayang), lan dalem utawa omah jero (ruwang buri). Ing ruwang buri ana senthong 3 (kiwa, tengah, lan tengen). Omah Joglo sing dilenggahi golongan priyayi biasane bangunane luwih pepak. Ing sakiwa-tengen pringgitan/dalem, ana wangunan ndlujur sing aran gandhok tengen lan gandhok kiwa. Gandhok uga asring diwangun kamar-kamar. Mungguh pawon lan papan abragan, manggon ing larikan gandhok mburi. Ing antarane dalem (omah jero) lan gandhok ana gapura cekli (lawang), aran seketheng. Seketheng iku minangka wates antarane plataran jaba lan omah jero. Wangunan omah Joglo ana kang migunakake wates pemisah antarane pendhapa karo pringgitan, yaiku wujud lurung cilik aran longkangan. Pigunane kanggo dalan titihan kreta utawa mobil kulawarga. Terkadang ana wangunan ing ngarep pendhapa sing disebut Kuncung. Komplek omah Joglo jaman biyen, ing platarane dibangun beteng mubeng lan ana dalane mlebu sing disebut regol. Sumur/jedhing dumunung ing sisih tengen pendhapa rada mengarep. Langgar ing sakiwa sumur. Dene gedhogan (kandhang jaran) utawa garasi ing sakiwa pendhapa semu memburi.
- Omah Tajug. Minangka wangunan mesjid dumadi saka ruwangan-ruwangan mirunggan, kang aran mikrab, liwan, surambi, ruwang wudu. Mikrab (pangimaman), yaiku papan palenggahane imam (pemimpin salat). Papane ing keblat sisih kulon perangan tengah, bentuke yen kasawang saka njaba kepara mecungul mangulon. Dene Liwan, yaiku wujud rongrongan jembar (ruwangan baku) kang mapan ing sisih tengah, sarta kanggo lenggah para jamaah kang pandha salat bareng (makmum) manut imam. Mungguh Surambi (emper), wujud wangunan omah Kampung utawa Limasan kang mapan ing sisih ngarep bangunan baku. Dene ruwang wudu, kanggo sesuci, mapan ing satengen surambi.
Wangunan Omah Jawa Ora
Ucul Saka Prabawa Njaba
Pangrembakane wangunan omah Jawa iku,
ora ucul saka anane prabawa saka njaba, kayata pengaruh saka Kulonan (Eropah).
Pengaruh kuwi ana kang banjur dadi ngowahi, ngilangi, utawa nambahi wujuding
omah Jawa sing asli kaya jaman biyen. Wujuding wangunan omah Jawa saiki banjur
kalaras karo kebutuhan jaman saiki. Mungguh dene pengaruh iku utamane ing
babagan bahan-bahan bangunan. Wangunan omah Jawa biyen, umume migunakake bahan
bangunan sing akeh digawe saka kayu lan pring. Jalaran pengaruh jaman maju,
bahan-bahan iku saiki akeh disulihi watu, semen, bata/batako, wesi/waja,
asbes, lan liyane.
Faktor ekonomi kang luwih migatekake
ing bab efisiensi (kayata pengiritan dana), kekuwatan lan keawetan bangunan,
uga mrabawani marang kekarepaning manungsa kanggo mbangun omah anyar sing luwih
praktis, ora ribet kaya omah Jawa jaman biyen. Maksude, murih ing bab
pangreksaning wangunan ing wektu-wektu sabanjure, bakal ora banget repote lan
ora kakehan ngetokake wragad. Mula saka iku, saiki wis akeh perangan wangunan
omah Jawa, sing diganti. Umpamane, aling-aling gedheg disulihi tembok (bata,
batako), balungan kayu (cagak, blandar) diganti balungan wesi sing dicor semen,
umpak diganti pondhasi cor beton cakar ayam, gedheg/sirap diganti asbes
gelombang lsp.
Jaman saiki, kanggo mbangun sawenehing wangunan
omah cakrik Jawa (kaya ta Joglo), pancen mbutuhake wragad kaluwih larang, tur
ribet memet. Mula akeh pawongan kang umume banjur mbangun wangunan cakrik Jawa
sing “ora jangkep”. Kaya ta proyek-proyek perumahan utawa pasar sing racake migunakake
wangunan omah cakrik Kampung utawa Panggangpe kang luwih prasaja, murah,
bakuh lan corake ngenut jaman.
Kajaba iku, yen dijingglengi, wangunan
omah Joglo ing jaman saiki, tetela wujude wis ora pepak kaya Joglo jaman biyen.
Omah Joglo jaman biyen, umume dumadi saka perangan rongrongan, kaya ta
pendhapa, pringitan, senthong, dalem (omah jero), lan gandhok. Nanging saiki
wangunan pringitan lan gandhok wis arang digawe.
Jaman biyen, wangunan omah Jawa dibakuhi
nganggo cagak minangka panyangga bangunan kang diadegake ing sandhuwure umpak.
Pamrihe, yen bangunan omah kuwi arep dielih, bisa kanthi luwih gampang
anggone nandangi (cara kasebut diarani bedhol omah). Nanging jaman saiki, wong
Jawa wis ora seneng mbangun omah kanthi wujud omah kaya jaman biyen.
Nanging, sanadyan mangkono arsitektur
omah Jawa tekan saiki tetep dileluri dening para priyayi kang remen nyengkuyung
marang kabudayan, yaiku wong Jawa iku dhewe. Isih akeh para priyayi kang tetep
ngukuhi marang ajining wewangunan tradhisional Jawa, sanadyan wis ora sacara
wutuh, utawa mung katon ing wujud njabane bae. Kayata wewangunan omah-omah
Jawa (kayata joglo lan pendhapa) kang dibangun dening instansi pemerintah.
0 komentar:
Posting Komentar