Cute Sky Blue Bow Tie Pointer
Selasa, 23 Desember 2014

TRADHISI DHUKUTAN ING CANDI MENGGUNG, DESA NGLURAH, KECAMATAN TAWANGMANGU, KARANGANYAR

Upacara tradhisi sing dilaksanake warga Desa Nglurah, Kecamatan Ta­wangmangu, Karanganyar ing dina Se­lasa Kliwon wayah wuku Dhukut, utawa nem lapan sepisan ing pranatane petung Jawa, minangka wujud muji syukur ma­rang Gusti Kang Maha Kuwasa. Kejaba saka iku, uga minangka srana mengeti para leluhur sing dadi cikal bakele desa Nglurah Lor lan Nglurah Kidul. Miturut kandhane Krama Pawiro, sa­lah sijine pawongan soko desa Nglurah Lor, tradhisi sing diarani Dhukutan iki wis katindakake wiwit biyen mula.


Gegayutan karo tradhisi kasebut, ka­critakake dene biyen nate ana pwongan asma Narotama kang uga karan Kyai Menggung. Sebutan Kyai Menggung se­ja­tine mono saka laku prihatine Naro­tama sing duwenui karep Manunggal Maneges marang Gusti, nalika dheweke ndherek Prabu Erlangga.
Nalika Narotama manggon ana tlatah Nglurah Lor, ana sawijining estri kang dumunung ana Nglurah Kidul, kang tansah gawe mangkeling ati. Jenenge Nyai Rasa Putih, lan tansah congkrah klawan Narotama. Lelorone padha disengkuyung warga desane dhewe-dhewe.


Anyel nanging tresna. Sa­nadyan Narotama lan Nyai Rasa Putih padha cecangkrahan, nanging sejatine lelorone nduweni rasa tresna. Mula anggone cecongkrahan ora suwe, banjur wong loro malah padha sarimbit bebrayan omah-omah. Anggone dadi penganten milih dina Selasa Kliwon wayah Dhukut. Ya mulane tradhisi Dhukutan katin­dak­ake ing dina Selasa Kliwon, lan ing petungan Jawa ngepasi wayah Dhukut. Sajroning acara Dhukutan ana kang di­arani tawur sesaji, antarane warga desa Nglurah Lor klawan Nglurah Kidul. Ta­wuran kasebut kanggo mengeti cecong­krahane Narotama klayan Nyai Rasa Putih.


Kejaba wujud pengetan, tawur sesaji kanggone warga desa uga katujokake minangka panulak sengkala, utawa nulak bala. Amrih anggone padha golek san­dhang pangan tansah gancar lan antuk rejeki kang linuber. “Wengine saram­punge upacara tradhisi Dhukutan, ono ing Candi Menggung digelar ringgit wa­cucal sewengi natas,” ujare pak Kromo. Pagelaran ringgit iki, miturut pak Kro­mo, uga minangka wujud panuwune war­ga desa marang Gusti, awit kapa­ringan rejeki. Mula para warga nglum­pukake saperangan rejekine banjur dinggo nanggap wayang.

0 komentar:

Posting Komentar